PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 105
  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Terlalu Isinan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Terlalu Isinan?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngerti penyebabé
  • Sing isa mbok tindakké
  • Piyé Nèk Aku Angèl Ngobrol karo Wong Liya?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 105
Cah wédok sing lagi lungguh dhèwèkan wektu acara kumpul-kumpul.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Bèn Aku Ora Terlalu Isinan?

Dampaké: Nèk kowé isinan, kowé dadi susah nduwé sahabat.

Manfaaté: Kuwi mbantu kowé mikir dhisik apa sing arep mbok omongké, lan kowé bakal luwih seneng ngrungokké lan perduli karo wong liya.

Sing kudu mbok ngertèni: Kowé isa ngupaya bèn ora terlalu isinan. Ing artikel iki, ana saran-saran sing isa mbantu kowé.

  • Ngerti penyebabé

  • Sing isa mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Ngerti penyebabé

Nèk kowé isinan, kowé dadi ora percaya diri wektu ngomong langsung karo wong liya. Akibaté, kowé mungkin ora isa cedhak karo wong liya, kuwi kaya kowé dhèwèkan ing kamar sing peteng. Ning, nèk kowé ngerti penyebabé, kowé dadi sadhar nèk sakjané kowé ora perlu wedi. Gatèkna conto telu iki.

  • Sing nggawé kowé wedi. Pertama: ”Aku ora ngerti arep ngomong apa.”

    Faktané: Wong-wong bakal luwih éling karo apa sing mbok tindakké ketimbang apa sing mbok omongké. Dadi, kowé isa ngupaya luwih seneng ngrungokké wektu ana wong sing lagi crita.

    Kanggo dipikirké: Kowé luwih seneng nduwé kanca sing kakèhan ngomong utawa sing seneng ngrungokké?

  • Sing nggawé kowé wedi. Keloro: ”Wong-wong bakal mikir nèk aku ora asik.”

    Faktané: Wong-wong bakal tetep nduwé pendapat soal kowé, mbuh kowé isinan apa ora. Ngupayaa luwih percaya diri. Kuwi isa nggawé wong-wong dadi nduwé pendapat sing luwih apik soal kowé.

    Kanggo dipikirké: Nèk kowé mikir wong liya nduwé pendapat sing négatif soal kowé, sakjané kowé sing mikir négatif soal wong liya.

  • Sing nggawé kowé wedi. Ketelu: ”Aku bakal isin nèk salah ngomong.”

    Faktané: Kadang, kuwi isa dialami karo kabèh wong. Nèk kowé nganggep kesalahanmu kuwi dadi bukti nèk kowé pancèn ora sempurna, kuwi isa nggawé kowé dadi luwih percaya diri.

    Kanggo dipikirké: Kowé mesthi seneng ta nèk nduwé kanca sing isa nampa kesalahané dhéwé?

Apa kowé ngerti? Ana wong-wong sing mikir nèk dhèwèké ora isinan merga sering chating-an. Ning, sakjané kowé bakal luwih gampang nduwé kanca nèk kowé ngobrol langsung karo wong kuwi. Sherry Turkle sing nliti hubungan antarané manungsa lan tèknologi nulis, ”Wektu ketemu langsung lan ngrungokké suarané, awaké dhéwé dadi luwih akrab karo wong kuwi.”a

Cah wédok lagi ngobrol karo suami istri ing acara kumpul-kumpul.

Nèk kowé ngupaya luwih percaya diri, kowé isa ngrasakké nèk sakjané ngobrol langsung karo wong liya kuwi ora medèni

Sing isa mbok tindakké

  • Aja mbandhing-mbandhingké. Kowé ora perlu langsung berubah dadi wong sing ramah. Ning, sing penting kuwi kowé ngupaya bèn isa luwih percaya diri. Kuwi isa nggawé kowé luwih gampang nduwé kanca.

    ”Kowé ora perlu ngobrol akèh lan dadi pusat perhatian. Kowé isa kenalan lan takon sing isa mbok takonké.”​—Alicia.

    Pathokané Alkitab: ”Saben wong kudu nggatèkké tumindaké dhéwé, lan dhèwèké bakal bungah merga apa sing wis ditindakké, lan ora merga mbandhingké karo wong liya.”​—Galatia 6:4.

  • Gatèkna wong liya. Gatèkna wong-wong sing ramah lan piyé carané wong-wong kuwi ngobrol. Kowé isa nggatèkké apa waé sing isa diobrolké lan apa sing ora. Kowé isa niru apa saka wong-wong kuwi?

    ”Gatèkna wong-wong sing ramah. Gatèkna apa sing diomongké lan ditindakké wektu wong-wong kuwi ketemu pertama kali.”​—Aaron.

    Pathokané Alkitab: ”Wesi nglandhepaké wesi, wong nglandhepaké pepadhané.”​—Wulang Bebasan 27:17.

  • Takonana. Biasané wong-wong seneng nèk ditakoni pendapaté. Dadi, kowé isa takon-takon bèn isa ngobrol karo dhèwèké. Kuwi ya nggawé kowé ora dadi pusat perhatian.

    ”Kowé isa mikirké dhisik topik lan pitakonan sakdurungé teka ing salah siji acara. Kuwi isa nggawé kowé luwih tenang.”​—Alana.

    Pathokané Alkitab: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:4.

a Saka buku Reclaiming Conversation.

Kandhané kanca-kancamu

Kelsey.

”Kowé isa nyoba senyum lan ngomong ’hallo’. Kowé dadi ngerti nèk jebulé akèh sing nanggepi kowé. Kuwi isa nggawé kowé luwih percaya diri wektu ngobrol karo wong liya manèh.”​—Kelsey.

Robin.

”Saben wong nduwé hobi lan sipat sing béda-béda. Ning, nèk kowé terlalu isinan, kuwi nggawé wong liya ora isa ngerti lan niru sipat-sipatmu sing apik.”​—Robin.

Veronica.

”Nèk kowé nggawé wong liya nyaman, wong-wong kuwi mesthi seneng kekancan karo kowé, senajan kowé wongé isinan. Nèk kowé mikir positif soal wong liya, kuwi ya isa nggawé kowé murah senyum.”​—Veronica.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim