PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 109
  • Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dibaptis kuwi apa?
  • Nggawé janji ngabdi kuwi apa?
  • Ngapa kok kudu dibaptis?
  • Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Wong Kristen Kudu Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan Dibaptis
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Cah-Cah Enom—Apa Kowé Wis Siap Dibaptis?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 109
Cah enom dibaptis pas pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?

Saben taun ana akèh cah enom sing dibaptis. Apa kowé ya péngin dibaptis? Nèk iya, kowé kudu ngerti dhisik apa maksudé nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

  • Dibaptis kuwi apa?

  • Nggawé janji ngabdi kuwi apa?

  • Ngapa kok kudu dibaptis?

  • Kandhané kanca-kancamu

  • Pendapaté wong akèh lan faktané

Dibaptis kuwi apa?

Menurut Alkitab, dibaptis kuwi awaké dilelebké kabèh ing banyu, ora mung diciprati thok. Terus, kuwi ya ana artiné.

  • Awaké dilelebké ing banyu kuwi maksudé uripé wis ora dienggo golèk senengé dhéwé.

  • Pas metu saka banyu kuwi maksudé saiki uripé dienggo ngutamakké Gusti Allah.

Dibaptis kuwi bukti nèk kowé setuju nèk Yéhuwah sing isa nentokké endi sing bener lan sing salah. Terus, kuwi ya bukti nèk kowé gelem nglakoni sing dikarepké Gusti Allah.

Kanggo dipikirké: Gelem dibaptis kuwi kuduné merga apa? Wacanen 1 Yohanes 4:19 lan Wahyu 4:11.

Nggawé janji ngabdi kuwi apa?

Sakdurungé dibaptis, kowé kudu nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah. Piyé carané?

Kowé kudu ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk mung arep nglayani Yéhuwah saklawasé lan bakal terus manut karo Dhèwèké, ora soal piyé keadaané.

Pas dibaptis, wong liya dadi ngerti nèk kowé wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, lan saiki uripmu mung dienggo Yéhuwah, ora dienggo nggolèk kesenengané dhéwé.—Matius 16:24.

Kanggo dipikirké: Ngapa kok isa luwih bahagia nèk nglayani Yéhuwah? Wacanen Yésaya 48:17, 18 lan Ibrani 11:6.

Ngapa kok kudu dibaptis?

Yésus ngomong nèk murid-muridé kudu dibaptis. (Matius 28:19, 20) Mulané kabèh wong Kristen ya kudu dibaptis. Malah, menurut Alkitab nèk péngin dislametké ya kudu dibaptis.—1 Pétrus 3:21.

Tapi, dibaptis kuwi kuduné merga kowé sayang lan péngin terus akrab karo Yéhuwah. Kowé isa niru sing nulis mazmur. Dhèwèké ngomong, ”Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah merga Dhèwèké wis apikan karo aku? . . . Aku bakal muji jenengé Yéhuwah. Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah.”—Mazmur 116:12-14.

Kanggo dipikirké: Apa buktiné nèk Yéhuwah wis apikan karo kowé, lan piyé carané mbales Dhèwèké? Wacanen Pangandharing Torèt 10:12, 13 lan Roma 12:1.

Kandhané kanca-kancamu

Mijin.

”Akèh sing kudu diupayakké nèk mèh dibaptis. Tapi, nèk nglayani Yéhuwah, berkahé akèh banget. Apa manèh, Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé.”—Mijin.

Ember.

”Aku ngerti nèk Yéhuwah sayang karo aku. Aku dibaptis kuwi bukti nèk aku ya sayang karo Dhèwèké. Aku bangga banget isa nglayani Yéhuwah.”—Ember.

Julian.

”Nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi keputusan sing kudu dipikirké tenanan. Kowé ya kudu berusaha bèn isa dibaptis. Tapi kowé mesthi bahagia.”—Julian.

Pendapaté wong akèh lan faktané

PENDAPATÉ WONG AKÈH — Cah cilik durung isa dibaptis.

FAKTANÉ — Isa dibaptis kuwi ora merga wis cukup umuré. Tapi merga dhèwèké sayang lan gelem manut karo Yéhuwah. Meskipun isih cilik, Yusuf, Samuèl, lan Yosia wis nglayani Yéhuwah. Akèh cah enom saiki ya kaya ngono.

Ayat: ”Saka tumindaké saben dina, isa kétok apa kelakuané bocah sing isih cilik kuwi bener lan murni.”—Wulang Bebasan 20:11.

PENDAPATÉ WONG AKÈH — Nèk kanca-kancamu wis dibaptis, kowé ya kuduné dibaptis.

FAKTANÉ — Kowé kuduné dibaptis merga mémang kowé péngin nglayani Yéhuwah, dudu merga kanca-kancamu wis dibaptis utawa merga kowé mung péngin nyenengké wong liya.

Ayat: ’Rakyaté Gusti Allah bakal réla dadi prajurité Gusti Allah.’—Mazmur 110:3.

PENDAPATÉ WONG AKÈH — Nèk durung dibaptis, nggawé dosa kuwi ora apa-apa.

FAKTANÉ — Meskipun durung dibaptis, nèk kowé wis ngerti sing bener ya kuduné manut karo karepé Yéhuwah kuwi.

Ayat: ”Mula, nèk ana wong sing ngerti carané nindakké sing bener ning ora nindakké kuwi, dhèwèké dosa.”—Yakobus 4:17.

SARAN: Nèk kowé wedi utawa ragu-ragu mèh dibaptis, ana saran-saran bèn kowé isa ngatasi kuwi ing buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, Pasal 37.

Kesimpulan: Ngapa kok kudu dibaptis?

  • Muridé Yésus kudu dibaptis.

  • Nèk péngin dislametké, kudu dibaptis.

  • Nglayani Yéhuwah lan dibaptis kuwi kehormatan sing gedhé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim