PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 117
  • Apa Pengaruhé Média Sosial kanggo Aku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Pengaruhé Média Sosial kanggo Aku?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa aku ngentèkké luwih akèh wektu kanggo média sosial?
  • Apa aku kurang turu merga dolanan média sosial?
  • Apa dolanan média sosial ana pengaruhé kanggo perasaanku?
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 1: Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?
    Pitakonané Cah Enom
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 2: Ngajari Anak Bèn Ngati-ati Pas Nganggo Média Sosial
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 117
Cah wédok lagi ndeloki HP-né. Ana gambar-gambar emotikon.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Pengaruhé Média Sosial kanggo Aku?

Apa wong tuwamu ngijinké kowé nganggo média sosial? Nèk iya, gatèkna saran-saran ing artikel iki.

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Apa aku ngentèkké luwih akèh wektu kanggo média sosial?

  • Apa aku kurang turu merga dolanan média sosial?

  • Apa dolanan média sosial ana pengaruhé kanggo perasaanku?

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa aku ngentèkké luwih akèh wektu kanggo média sosial?

Nganggo média sosial kuwi kaya numpak jaran. Kowé kudu isa ngendhalèni kuwi. Nèk ora, kuwi isa berbahaya.

”Pas dolanan média sosial, niatku kuwi mung beberapa menit thok. Tapi, ngerti-ngerti nganti berjam-jam. Média sosial isa nggawé kecanduan lan ngentèkké wektu.”—Joanna.

Apa kowé ngerti? Média sosial mémang digawé bèn wong-wong kecanduan. Soalé, sing nggawé média sosial ngerti nèk média sosialé terkenal lan akèh sing nganggo, bakal ana akèh sing masang iklan ing kono lan meréka isa éntuk akèh dhuwit.

Pikirna: ’Apa aku kerep ngentèkké wektu mung kanggo dolanan média sosial? Daripada ngentèkké wektu kanggo dolanan média sosial, apa aku isa nggolèk kegiatan liya sing luwih bermanfaat?’

Cobanen iki. Aturen sedina kowé arep nganggo média sosial pirang jam, terus aja luwih saka kuwi.

Loro gambar sing béda soal sing dilakukan cah lanang kuwi. 1. Dhèwèké turonan ing kasur karo dolanan HP lan nganggo headphone. 2. Dhèwèké dolanan baskèt karo kanca-kancané.

Aturen sedina kowé arep nganggo média sosial pirang jam

”Aku ngatur ing HP-ku arep pirang jam nganggo média sosial. Nèk wektuné wis entèk, aku ora isa mbukak aplikasi média sosial. Kuwi tak coba beberapa wektu. Saiki, aku isa nggunakké wektuku kanggo sing luwih penting, tapi ya tetep isa dolanan média sosial.”—Tina.

Ayat: ”Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:16.

Apa aku kurang turu merga dolanan média sosial?

Akèh ahli ngomong nèk cah enom butuh turu paling ora wolung jam sedina. Tapi akèh sing kurang turu. Salah siji penyebabé kuwi merga média sosial.

”Sakdurungé turu aku ndelok HP-ku. Tapi aku malah mbukak média sosial, ndelok postingané wong-wong nganti berjam-jam. Kuwi ora apik. Aku ora péngin kaya ngono terus.”—Maria.

Apa kowé ngerti? Kurang turu isa marahi cemas lan déprèsi. Menurut profésor psikologi sing jenengé Jean Twenge, kurang turu isa mempengaruhi perasaan lan marahi ora bahagia. Bahkan, nèk kerep kurang turu isa kena gangguan méntal.a

Pikirna: ’Aku turuné pirang jam pas bengi? Apa aku isih dolanan média sosial pas arep turu?’

Cobanen iki. Nèk isa, aja ndèlèh HP ing cedhakmu pas kowé arep turu. Rong jam sakdurungé turu, aja dolanan HP. Nèk isa, aja nganggo alarm ing HP utawa tablètmu.

Loro gambar sing béda soal sing dilakukan cah wédok pas ésuk. 1. Dhèwèké lungguh ing kasur lan isih ngantuk. 2. Dhèwèké tangi turu lan kétok bugar.

Aja dolanan HP pas arep turu

”Kadhang aku dolanan HP nganti bengi-bengi. Aku kudu berubah. Aku ora isa ngéné terus. Aku kudu turu gasik bèn sésuké isa semangat lan ora ngantuk.”—Jeremy.

Ayat: ”Mastèkké endi sing luwih penting.”—Filipi 1:10.

Apa dolanan média sosial ana pengaruhé kanggo perasaanku?

Saka survéi karo cah-cah wédok sing isih SMA, mèh separoné ngomong nèk meréka kerep ngrasa sedhih lan putus asa. Alesané merga média sosial. Dr. Leonard Sax ngomong, ”Nèk kakèhan dolanan média sosial, mbandhing-mbandhingké karo wong liya, kuwi isa marahi déprèsi.”b

”Cah-cah enom biasané seneng mbandhing-mbandhingké karo wong liya. Kuwi dadi tambah parah merga média sosial. Kowé isa ndélok postingané wong-wong, bahkan sing ora dikenal. Utawa ndelok postingané kanca-kancamu sing lagi seneng-seneng, terus ngrasa nèk uripmu ora nyenengké kaya meréka.”—Phoebe.

Apa kowé ngerti? Mémang liwat média sosial kowé isa ngobrol karo kanca-kancamu, tapi luwih apik nèk isa ngobrol langsung. Dr. Nicholas Kardaras nulis, ”Rasané luwih puas nèk isa ketemu langsung terus ngobrol karo meréka daripada kowé ngobrolé liwat perangkat èlèktronik. Soalé, manungsa mémang butuh ngobrol karo wong liya.”c

Pikirna: ’Apa aku ngrasa kesepian sakwisé ndelok postingané kanca-kancaku? Nèk mbandhingké karo postingané kancaku sing kétoké nyenengké, apa aku ngrasa uripku mboseni? Apa aku kecéwa nèk mung sithik utawa ora ana sing nge-like postinganku?’

Cobanen iki. Cobanen ora ndélok média sosial selama beberapa hari, seminggu, utawa sesasi. Cobanen luwih kerep ngobrol langsung karo kanca-kancamu daripada liwat HP. Kowé mesthi dadi ora strès lan luwih bahagia.

Loro gambar sing béda soal sing dilakukan cah wédok. 1. Dhèwèké ndeloki HP-né lan kétok sedhih. 2. Dhèwèké kétok seneng isa ngobrol lan mangan ès krim karo kanca-kancané.

Cobanen luwih kerep bergaul karo kanca-kanca ing sekitarmu

”Pas nganggo média sosial aku dadi kakèhan mikirké wong liya lagi ngapa. Bar akun média sosialku tak hapus, aku dadi ora mikirké hal-hal sing ora penting. Saiki, wektuku dadi luwih akèh kanggo kegiatan sing luwih bermanfaat.”—Briana.

Ayat: ”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé. Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.”—Galatia 6:4.

a Saka buku iGen.

b Saka buku Why Gender Matters.

c Saka buku Glow Kids.

Kandhané kanca-kancamu

Phoebe.

”Média sosial ngentèkké akèh wektuku, terus ya ora nggawé aku luwih bahagia. Aku ora dolanan média sosial manèh. Ternyata ora nganggo média sosial ya ora apa-apa. Saiki aku dadi luwih bahagia, luwih fokus, lan luwih akèh kegiatan sing bermanfaat.”—Phoebe.

Jacob.

”Kadhang aplikasi média sosialku tak hapus bèn aku ora dolanan kuwi manèh. Kuwi nggawé aku dadi luwih fokus karo kegiatan sing luwih penting. Ternyata ana akèh kegiatan sing isa dilakukan daripada mung ndeloki média sosial ing HP.”—Jacob.

Sienna.

”Isa waé sukmbèn aku dolanan média sosial manèh. Tapi saiki ora sik. Aku péngin luwih fokus karo kegiatanku daripada mung mikirké kegiatané wong liya. Kakèhan dolanan média sosial isa nggawé kowé dadi ora fokus karo tujuanmu, bahkan ora akrab manèh karo kanca-kanca ing sekitarmu.”—Sienna.

Kesimpulan: Apa pengaruhé média sosial kanggo aku?

  • Apa kuwi ngentèkké wektuku? Aturen sedina kowé arep nganggo média sosial pirang jam, terus aja luwih saka kuwi.

  • Apa kuwi marakké aku dadi kurang turu? Rong jam sakdurungé turu aja dolanan HP.

  • Apa kuwi mempengaruhi perasaanku? Cobanen ora dolanan média sosial, terus luwih kerep bergaul karo kanca-kanca ing sekitarmu.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim