PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 120
  • Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing isa mbok pikirké
  • Sing isa mbok upayakké
  • Apa Pengaruhé Média Sosial kanggo Aku?
    Pitakonané Cah Enom
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 1: Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom
    Topik Liyané
  • Piyé Wong Tuwa Isa Nglindhungi Anak-anaké Bèn Ora Kena Pengaruh Èlèk saka Média Sosial?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 120
Cah wédok kétok ora seneng lan jèngkèl wektu dikandhani karo ibuké.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?

Mungkin kanca-kancamu nganggo média sosial lan kerep ngomongké soal kuwi. Tapi, merga ora nduwé média sosial mungkin kowé diécé karo meréka. Apa sing isa mbok pikirké? Nèk kowé ora éntuk nganggo média sosial kowé kudu piyé?

Sing isa mbok pikirké

Sing ngalami kuwi ora mung kowé thok. Akèh wong tuwa ora ngijinké anaké nganggo média sosial, soalé wong tuwa ngerti bahayané média sosial. Misalé:

  • isa nggawé déprèsi lan ngalami masalah keséhatan méntal.

  • isa ndelok pornografi, nampa lan ngirim gambar utawa chat sing saru-saru, lan di-bully ing média sosial.

  • isa dadi nduwé masalah karo kancané.

Akèh cah enom milih ora nganggo média sosial manèh. Meréka ngerti nèk bahayané média sosial luwih akèh daripada manfaaté. Gatèkna pengalamané cah-cah enom iki:

  • Merga kakèhan dolanan média sosial, Priscilla dadi ora nduwé wektu kanggo hal-hal sing luwih penting.

  • Jeremy ora nganggo média sosial manèh merga sing muncul ing média sosialé macem-macem, termasuk sing ora pantes.

  • Merga nganggo média sosial, Bethany dadi selalu péngin ngerti kegiatané wong liya.

”Akhiré média sosialku tak hapus lan aku ora menyesal. Aku dadi nduwé luwih akèh wektu kanggo sing luwih penting.”—Sierra.

”Aku ora seneng nganggo média sosial merga kuwi marahi kecanduan. Kuwi ya nggawé aku terus-terusan mikirké pandhangané wong liya soal postinganku. Awalé aku ngrasa angèl menghapus akun média sosialku, tapi ternyata kuwi ana manfaaté. Saiki pikiranku dadi luwih tenang.”—Kate.

Sing isa mbok upayakké

Manuta aturané wong tuwamu. Aja nesu-nesu utawa protès soal aturané wong tuwamu. Kowé manut apa ora kuwi kétok saka sikapmu.

Ayat: ”Wong bodho gampang ngamuk, ning wong wicaksana tetep tenang.”—Wulang Bebasan 29:11.

Mungkin kancamu ngongkon kowé nganggo média sosial tapi ndhelik-ndhelik bèn ora konangan wong tuwamu. Kuwi isa waé dadi masalah. Kowé isa wedi nèk konangan, terus ya ngrasa bersalah merga ora jujur. Nèk nganti konangan, wong tuwamu ya bakal ora percaya manèh karo kowé.

Ayat: ”Aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”—Ibrani 13:18.

Lampu.

Saran: Média sosial kuwi dudu kebutuhan pokokmu. Dadi nèk ora nganggo média sosial, kowé tetep isa urip.

Nggawéa keputusan dhéwé. Kaya sing disebutké cah-cah enom mau, saiki kowé wis ngerti bahayané média sosial. Merga ngerti média sosial kuwi ora selalu ana manfaaté, kowé isa mutuské ora nganggo média sosial manèh dudu merga ora éntuk karo wong tuwamu, tapi merga mémang kuwi keputusanmu dhéwé. Dadi pas kancamu takon kenapa kowé ora nganggo média sosial, kowé ora bakal isin lan ora bingung njawab. Kanca-kancamu ya ora bakal ngécé merga ngerti nèk kuwi keputusanmu dhéwé.

Cah wédok mau ngobrol karo kanca sekolahé ing perpustakaan.
Lampu.

Saran: Mungkin ana sing takon, ”Ngapa ta kok kowé ora nganggo média sosial?” Kowé isa njawab, ”Ya aku mutuské ora nganggo média sosial bèn ora kakèhan masalah lan aku isa luwih bahagia.” Utawa kowé isa ngomong, ”Ya mungkin sukmbèn aku bakal nggawé akun média sosial, tapi saiki aku wis seneng meskipun ora nduwé média sosial.”

Intiné: Kowé isa mbahas soal nganggo média sosial karo wong tuwamu. Dadi kowé karo wong tuwamu isa padha-padha setuju soal kuwi. Meskipun saiki kowé ora nduwé média sosial, tapi kowé isa tetep seneng.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim