PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 124
  • Piyé Nèk Aku Angèl Ngobrol karo Wong Liya?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Aku Angèl Ngobrol karo Wong Liya?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa kudu ngobrol karo wong liya?
  • Carané mulai ngobrol
  • Mikirké sing Diminati Wong Liya
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Terlalu Isinan?
    Pitakonané Cah Enom
  • Luwes
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Tambah Trampil Nginjil—Carané Mulai Ngekèki Kesaksian sing Ora Resmi
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 124
Cah lanang lagi ngobrol karo kanca sekolahé pas mangan awan.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Aku Angèl Ngobrol karo Wong Liya?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Kenapa kudu ngobrol karo wong liya?

  • Carané mulai ngobrol

  • Kandhané kanca-kancamu

Kenapa kudu ngobrol karo wong liya?

Kanggoné beberapa wong, ngomong langsung kuwi luwih angèl ketimbang chatting-an.

”Ngomong langsung kuwi angèl soalé ora kaya chat sing isa diubah utawa dihapus.”—Anna.

”Chatting-an kuwi kaya acara TV sing wis direkam sik, tapi nèk ngomong karo wong liya kuwi kaya acara siaran langsung. Dadi pas ngomong karo wong liya, aku kudu ati-ati lan aja nganti salah ngomong.”—Jean.

Gelem ora gelem, kowé kudu berusaha bèn isa ngobrol karo wong liya. Kuwi dibutuhké wektu kowé nggolèk kanca, gawéan, utawa arep mulai pacaran.

Sakjané, ngobrol karo wong liya kuwi ora angèl. Meskipun isinan, kowé isa berupaya kanggo ngatasi kuwi.

Lampu.

Saran: Aja kuwatir nggawé kesalahan. Ngupaya ngobrol karo wong liya kuwi kaya lagi sinau numpak sepédha. Mungkin kowé bola-bali tiba, tapi nèk terus latihan kowé mesthi isa. Nah, nèk ngupaya ngobrol karo wong liya suwé-suwé kowé mesthi dadi seneng ngobrol.

”Kadhang-kadhang awaké dhéwé isa salah ngomong lan ngrasa isin, tapi kuwi ora masalah digawé santai waé.”—Neal.

Carané mulai ngobrol

  • Nyoba takon. Pikirna topik sing menarik kanggo wong liya, terus kowé isa mulai ngobrol nganggo topik kuwi. Misalé, kowé isa takon:

    ”Wingi pas liburan kowé dolan ing endi?”

    ”Ana situs wèb sing apik lho. Kowé wis tau ndelok apa durung?”

    ”Éh ngerti ra . . . ?”

    Bèn isa luwih akèh takon, pikirna persamaanmu karo wong sing mbok ajak ngobrol. Misalé, nèk kalian sekolahé utawa gawéané padha, kowé isa takon-takon soal kuwi.

    Loro cah lanang lagi ngobrol pas mangan awan. Ana gambar sing nduduhké nèk meréka lagi ngobrolké soal bal-balan.

    ”Kowé isa nakonké hal-hal sing menurutmu menarik lan sing péngin mbok ngertèni.”—Maritza.

    Lampu.

    Saran: Awaké dhéwé isa mulai ngobrol nganggo pertanyaan-pertanyaan ing ndhuwur mau. Kowé ya isa nganggo pertanyaan-pertanyaan bèn obrolané berlanjut. Aja mung takon pertanyaan-pertanyaan sing jawabané iya apa ora. Misalé daripada mung takon, ”Film-é apik ra?” kowé isa takon, ”Ing film mau, adegan apa sing mbok senengi?”

    Aja nganti kakèhan takon lan nggawé wong liya ora nyaman. Terus, ya aja takon sing nggawé wong liya ngrasa isin utawa tersinggung. Misalé takon, ”Kowé kok wedinan ta? Sing mbok wedèni ki apa?” utawa ”Ngapa ta kowé nganggo klambi biru terus?”

    Sakliyané kuwi, aja mung takon-takon kaya wawancara. Bèn obrolané mengalir, kowé isa nyritakké apa sing mbok pikirké utawa rasakké soal kuwi.

    Cah lanang nganggo seragam, lagi menginterogasi, lan nyathet sesuatu. Cah lanang sing ing ngarepé kétok wedi, tegang, lan wajahé kesorot lampu.

    Apa kowé kakèhan takon lan nggawé wong liya ora nyaman?

    Ayat: ”Rancangan sing ana ing atiné manungsa kuwi kaya banyu sing jero, ning wong sing nduwé pemahaman isa nimba kuwi.”—Wulang Bebasan 20:5.

  • Gelem ngrungokké. Daripada kowé terus sing ngomong, luwih apik nèk kowé ya seneng ngrungokké. Nèk ngono obrolané isa berlanjut.

    ”Aku berusaha nggatèkké tenan wong sing tak ajak ngobrol, terus aku ya berusaha ngéling-éling apa sing diobrolké. Dadi, pas ngobrol manèh aku isa takon sing ana hubungané karo kuwi.”—Tamara.

    Lampu.

    Saran: Pas kowé bingung arep ngobrol apa manèh, kowé isa nggatèkké sekitarmu. Nèk kowé lagi ing sekolah, panggonan kerja, utawa lagi mèlu acara, kuwi isa dadi bahan obrolan. Misalé kowé isa takon karo kanca kerjamu, ”Perjalananmu saka omah tekan kantor adoh ora?”

    Aja nganti terus-terusan ngrasa kuwatir mèh ngomong apa. Nèk kowé nggatèkké tenanan, kowé mesthi isa nanggepi wong sing mbok ajak ngobrol.

    Ayat: ”Saben wong kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong.”—Yakobus 1:19.

  • Perduli karo wong liya. Nèk kowé perduli karo wong sing mbok ajak ngobrol, obrolané isa dadi luwih nyenengké.

    Loro cah wédok lagi lungguh. Sing siji nggatèkké lan ngrungokké pas sing sijiné lagi crita.

    ”Meskipun kadhang-kadhang situasiné canggung, tapi nèk kowé ngrungokké wektu wong liya ngomong, wong kuwi bakal ngrasa digatèkké lan obrolané isa luwih nyenengké.”—Marie.

    Lampu.

    Saran: Kowé isa ngekèki pujian terus takon karo dhèwèké. Misalé, ”Jakètmu apik, kowé tuku ing endi?”

    Aja nganti pertanyaané nggawé wong liya ora nyaman utawa tersinggung. Misalé, ”Jakètmu apik, regané pira?”

    Ayat: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”—Filipi 2:4.

Nèk ngobrolé wis bar, terus piyé? Cah enom sing jenengé Jordan kandha, ”Awaké dhéwé isa ngomong, ’Seneng isa ngobrol karo kowé’ utawa ’Semangat ya.’ Kata-kata kuwi nyenengké. Dadi, mengko pas ketemu karo wong kuwi kowé isa mulai ngobrol manèh.”

Kandhané kanca-kancamu

  • Bethel.

    ”Nyoba ngobrol karo wong liya kuwi kaya lagi sinau basa anyar. Awalé mesthi angèl, tapi nèk kowé terus nyoba mesthi isa.”—Bethel.

  • Isaac.

    ”Wong liya bakal ngrasa digatèkké nèk awaké dhéwé ngrungokké tenanan, ndelok mripaté, lan senyum pas meréka ngomong.”—Isaac.

  • Kate.

    ”Kadhang-kadhang aku isih ngrasa grogi wektu ngobrol karo wong liya. Tapi, nèk aku berusaha nggatèkké wong kuwi, aku dadi ora grogi manèh.”—Kate.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim