PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 22
  • Carané Bèn Ora Kelelahan Merga Pandemi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Ora Kelelahan Merga Pandemi
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kelelahan merga pandemi kuwi apa?
  • Ngapa kok kelelahan merga pandemi kuwi bahaya?
  • Piyé carané bèn ora kelelahan merga pandemi?
  • Ayat-ayat sing bermanfaat
  • Apa Keadaan ing Donya Isa Dadi Luwih Apik Sakwisé Pandemi?
    Topik Liyané
  • Apa Penyakit Bakal Ana Terus?
    Topik Liyané
  • Terus Nginjil Selama Pandemi
    Pengalaman
  • Terus Ndhukung Yésus, Pemimpiné Awaké Dhéwé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 22
Wong lanang lungguh ing sofa karo nyekel kunci mobil lan masker.

Carané Bèn Ora Kelelahan Merga Pandemi

Akèh wong saiki ngrasa bosen, terus ya ora semangat merga pandemi COVID-19. Apa njenengan ya ngrasa ngono? Dr. Hans Kluge, Dirèktur Régional Organisasi Kesehatan Dunia ing Eropa ngomong, ”Sakjané wong-wong wis berusaha bèn virusé ora tambah nyebar. Tapi, suwé-suwé wong-wong padha ora nggagas manèh. Wong-wong wis kelelahan merga pandemi.”

Nèk njenengan ya kelelahan merga pandemi, ing Alkitab ana saran-saran sing apik.

  • Kelelahan merga pandemi kuwi apa?

  • Ngapa kok kelelahan merga pandemi kuwi bahaya?

  • Piyé carané bèn ora kelelahan merga pandemi?

  • Ayat-ayat sing bermanfaat

Kelelahan merga pandemi kuwi apa?

Kuwi dudu penyakit, tapi kuwi sing dirasakké wong-wong merga pandeminé ora rampung-rampung. Sing dirasakké wong kuwi biasané béda-béda, tapi biasané ngéné:

  • Ora semangat

  • Ora doyan mangan utawa malah mangan terus, lan turu terus utawa ora isa turu

  • Gampang nesu

  • Gampang strès

  • Angèl fokus

  • Putus asa

Ngapa kok kelelahan merga pandemi kuwi bahaya?

Kelelahan merga pandemi kuwi bahaya. Isa waé awaké dhéwé dadi ora manut karo protokol keséhatan. Awaké dhéwé dadi nyepèlèkké, padahal virusé isih ana. Terus, merga ana akèh pembatasan, isa waé ya dadi bosen lan pénginé bébas waé.

Menurut Alkitab, ”Nèk kowé ora nduwé semangat pas ngalami kesusahan, kekuwatanmu bakal entèk.” (Wulang Bebasan 24:10) Ing Alkitab ana saran-saran bèn awaké dhéwé isa tetep semangat pas pandemi.

Piyé carané bèn ora kelelahan merga pandemi?

  • Tetep omong-omongan meskipun ora ketemu langsung

    Ayat: ”Kanca sejati kuwi . . . dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

    Alesané: Nèk nduwé kanca, awaké dhéwé bakal semangat. (1 Tésalonika 5:11) Tapi nèk senengé dhèwèkan, awaké dhéwé bakal strès dhéwé.​—Wulang Bebasan 18:1.

    Saran: Isa videocall-an, télpon, ngirim e-mail, utawa SMS. Njenengan isa takon kabar, terus ya crita-crita apa sing lagi dirasakké. Njenengan isa mbantu kancané njenengan, termasuk ngekèki saran bèn isa tetep semangat pas pandemi. Kuwi mesthi nggawé njenengan lan kancané njenengan seneng.

    Kandhané wong-wong

    Megan.

    ”Aku videocall-an karo kancaku. Kadhang mung wong loro thok, tapi kadhang ya ramé-ramé. Kami main game. Meskipun ora ketemu langsung, tapi kuwi nyenengké. Awaké dhéwé mesthi susah merga pandemi iki. Tapi nèk gelem crita karo kanca, kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé luwih pénak. Nyritakké apa sing dirasakké kuwi ora gampang, tapi awaké dhéwé tetep butuh kanca.”​—Megan, Kanada.

    Emma karo Nathan, lan anak-anaké, Eli karo Hope.

    ”Kami kangen banget karo keluarga lan kanca-kanca merga ora isa ketemu langsung. Makané kami nggawé kartu lan ngekèki hadiah kanggo kanca-kanca. Terus, kami nulis ayat-ayat sing nguwatké bèn meréka ngrasa digatèkké. Kami dadi bahagia merga ora terlalu kuwatir manèh.”​—Emma karo Nathan, lan anak-anaké, Eli karo Hope, Amerika Serikat.

  • Tetep sibuk

    Ayat: ”Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:16.

    Alesané: Nèk tetep sibuk, isa terus semangat lan ora terlalu kuwatir.​—Lukas 12:25.

    Saran: Meskipun ora kaya mbiyèn manèh, sakjané isih ana sing isa dilakoni. Misalé, saiki mungkin dadi nduwé wektu dienggo hobiné njenengan. Terus, ya nduwé akèh wektu kanggo ngumpul karo keluarga.

    Kandhané wong-wong

    Evan karo Samantha, lan anak-anaké, Eli karo Adam.

    ”Kami tetep sibuk ing omah. Kami nandur-nandur, nggawé prakarya, lan nata omah bèn isa luwih apik lan rapi.”​—Evan karo Samantha, lan anak-anaké, Eli karo Adam, Afrika Selatan.

    Ivan karo Eve.

    ”Aku karo bojoku wis nikah 30 taun. Mauné kami ora kerep nduwé wektu kanggo wong loro, tapi saiki dadi luwih kerep. Kami dadi isa luwih kenal, tambah akrab, terus ya tambah sayang. Dadi nèk mengko ana keadaan sing luwih angèl, kami isa luwih kompak.”​—Ivan karo Eve, Italia.

  • Nggawé jadwal

    Ayat: ”Kabèh sing ditindakké kudu . . . teratur.”​—1 Korintus 14:40.

    Alesané: Nèk kegiatané sesuai jadwal, njenengan ora bakal strès.

    Saran: Nggawéa jadwal sing cocog, misalé kanggo sekolah, kerja, lan nggarap gawéan omah, terus ya kanggo ngibadah, nginjil, lan liya-liyané. Njenengan ya isa olahraga, mlaku-mlaku, lan ngumpul karo keluarga. Nèk jadwalé berubah, ya isa disesuaikan manèh.

    Kandhané wong-wong

    Kgaogelo.

    ”Tak upayakké kegiatanku tetep padha kaya sakdurungé pandemi. Mémang ana kegiatanku sing saiki tak ganti dadi olahraga. Tapi tangiku tetep ésuk. Aku dadi ora terlalu kuwatir soal pandemi. Aku ya dadi luwih nggatèkké keluarga lan kanca-kanca.”​—Kgaogelo, Afrika Selatan.

    Carmel.

    ”Tangi turu aku sarapan, terus nggawé kopi. Aku siap-siap, dandan kaya mèh arep lunga. Kuwi nggawé aku dadi semangat.”​—Carmel, Prancis.

  • Berusaha tetep séhat meskipun cuacané berubah

    Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya.”​—Wulang Bebasan 22:3.

    Alesané: Pas musim dingin, mungkin dadi ora ana akèh sinar matahari lan udara segar, padahal kuwi penting bèn njenengan isa tetep séhat.

    Saran: Misalé pas musim dingin, ruang tamu lan ruang kerja isa ditata manèh bèn isa éntuk luwih akèh sinar matahari. Aja ing omah terus meskipun udarané dingin. Pas ing njaba, nganggoa klambi sing tebel bèn ora kadhemen.

    Nah pas mulai musim panas, biasané wong-wong padha metu njaba. Dadi, aja ing panggonan sing ramé.

    Kandhané wong-wong

    Sameena.

    ”Dhaérahku ki sering udan. Dadi nèk pas udan, aku ya ora metu omah. Tapi pas wis cerah, biasané aku mlaku-mlaku utawa pit-pitan. Hasilé aku dadi ora bosen.”​—Sameena, Prancis.

    Tiffany.

    ”Pas musim panas, aku isa metu-metu. Tapi saiki kan wis mèh musim dingin, dadi aku nggawé rencana arep ngapa waé ing omah.”​—Tiffany, Kanada.

  • Terus manut protokol keséhatan

    Ayat: ”Wong sing bodho kuwi ngawur lan terlalu percaya diri.”​—Wulang Bebasan 14:16.

    Alesané: Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa kena COVID-19.

    Saran: Terus manut karo protokol keséhatan. Kudu ngati-ati bèn ora kena virus lan ora nulari wong liya.

    Kandhané wong-wong

    Daryn.

    ”Aku tetep manut protokol keséhatan meskipun wong liya ora. Sing penting aku karo keluargaku isa tetep séhat.”​—Daryn, Afrika Selatan.

  • Tetep cedhak karo Gusti Allah

    Ayat: ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”​—Yakobus 4:8.

    Alesané: Gusti Allah isa mbantu njenengan wektu lagi sedhih.​—Yésaya 41:13.

    Saran: Maca Alkitab saben dina. Njenengan isa nggunakké Jadwal Maca Alkitab.

Njenengan isa takon karo Seksi-Seksi Yéhuwah piyé ngibadahé selama pandemi iki, terus ya isa takon piyé carané isa mèlu. Akèh-akèhé Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakké videoconference kanggo mèlu pertemuan ibadah, peringatan kematian Yésus, lan pertemuan taunan.

Kandhané wong-wong

Roberto.

”Saiki aku dadi luwih kerep maca Alkitab. Aku dadi luwih yakin lan percaya karo janjiné Yéhuwah.”a—Roberto, Italia.

Alta karo Jannie.

”Aku karo bojoku maca Alkitab lan ngapalké ayat-ayat. Ndonga, maca Alkitab, lan nginjil nggawé kami tetep kuwat.”​—Alta karo Jannie, Afrika Selatan.

a Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

Ayat-ayat sing bermanfaat

Yésaya 30:15: ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo [Gusti Allah], kowé bakal dadi kuwat.”

Artiné: Nèk maca naséhaté Gusti Allah sing ana ing Alkitab, njenengan isa tetep tenang meskipun ana masalah.

Wulang Bebasan 15:15: ”Kanggoné wong sing susah, saben dina kuwi ora nyenengké, ning kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.”

Artiné: Nèk mikirké sing apik-apik, njenengan isa tetep bahagia meskipun ana masalah.

Wulang Bebasan 14:15: ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”

Artiné: Terus manut protokol keséhatan, lan aja nyepèlèkké.

Yésaya 33:24: ”Wong-wong . . . kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”

Artiné: Gusti Allah janji nèk kabèh wong bakal séhat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim