PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 34
  • Apa Térorisme Bakal Ana Terus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Térorisme Bakal Ana Terus?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Apa Gusti Allah seneng karo térorisme?
  • Ngapa kok ana térorisme?
  • Térorisme ora bakal ana manèh
Topik Liyané
mrt artikel 34
Pemadam kebakaran nulungi korban metu saka gedhung sing ambruk.

Apa Térorisme Bakal Ana Terus?

Pas ana téroris, njenengan mungkin mikir, ’Jané Gusti Allah kuwi perduli ora, ta? Ngapa kok ana kaya ngéné? Apa térorismea bakal ana terus? Piyé carané bèn aku ora wedi?’ Ayo dibahas jawaban ing Alkitab.

Apa Gusti Allah seneng karo térorisme?

Gusti Allah ora seneng karo térorisme. (Mazmur 11:5; Wulang Bebasan 6:16, 17) Terus, Yésus ya tau nyenèni muridé sing kejem karo wong liya. (Matius 26:50-52) Meskipun ana téroris sing ngomong nèk kuwi kanggo Gusti Allah, tapi jané Gusti Allah ora seneng. Malah, dongané wong kuwi ya ora dirungokké.​—Yésaya 1:15.

Gusti Allah perduli karo wong-wong sing susah, termasuk sing dadi korban térorisme. (Mazmur 31:7; 1 Pétrus 5:7) Menurut Alkitab, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh wong sing jahat.​—Yésaya 60:18.

Ngapa kok ana térorisme?

Menurut Alkitab, kuwi merga ”manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara”. (Pengkhotbah 8:9) Kèt mbiyèn, ana wong sing kejem karo wong liya bèn wong liya manut karo dhèwèké. Terus akibaté, wong sing dadi korban kuwi akhiré mbales.​—Pengkhotbah 7:7.

Térorisme ora bakal ana manèh

Gusti Allah janji nèk bakal nyingkirké térorisme, dadi ora perlu wedi manèh. (Yésaya 32:18; Mikha 4:3, 4) Dhèwèké bakal:

  • Nyingkirké wong jahat. Kabèh pamréntahané manungsa bakal disingkirké karo Gusti Allah, terus diganti karo pamréntahané. Rajané kuwi Yésus Kristus. Yésus kuwi raja sing adil lan bakal nyingkirké wong jahat. (Mazmur 72:2, 14) Dadi, mengko ora ana manèh téroris. Wong-wong ”bakal seneng merga ngrasa ayem banget”.​—Mazmur 37:10, 11.

  • Nggawé sing tau dadi korban térorisme ora sedhih manèh. Sing dadi korban térorisme mungkin trauma utawa luka-luka, tapi sukmbèn kuwi kabèh bakal disingkirké karo Gusti Allah. (Yésaya 65:17; Wahyu 21:3, 4) Terus, wong sing mati ya bakal diuripké manèh.​—Yohanes 5:28, 29.

Ing Alkitab ana akèh bukti nèk ora suwé manèh Gusti Allah bakal nyingkirké wong jahat. Tapi mungkin njenengan mikir, ’Ngapa kok ora saiki waé?’ Bèn isa ngerti jawabané, deloken vidéo Kenapa Kasusahan Isih Ana Nganti Saiki?

a Ana akèh pendapat soal térorisme. Akèh sing ngomong nèk térorisme kuwi maksudé kekerasan utawa ancaman kekerasan sing tujuané nggawé wong-wong dadi wedi lan bèn ana perubahan soal politik, agama, utawa sosial. Biasané sing dadi korban kuwi masyarakat.

Saran ing Alkitab

Sarané ana loro.

  • Ndonga karo Gusti Allah.​—Filipi 4:6, 7.

  • Mikirké harapan sing disebutké ing Alkitab.​—Ibrani 6:19.

Bèn ngerti saran-saran liyané, deloken artikel ”Piyé Carané Bèn Ora Terlalu Kuwatir?”

Seksi-Seksi Yéhuwah sing tau dadi korban térorisme isa tetep tabah merga dikuwatké karo sedulur-sedulur seimané. Contoné:

  • Karangan bunga ing ngarepé sekolahan ing Beslan, Rusia.

    Ana téroris sing nyerang sekolahan ing Beslan, Rusia. Sing disandera ana 1.000, termasuk Natalya lan anaké lanang sing jenengé Aslan, sing umuré sangang taun. Pas kaé ana atusan sing dipatèni, akèh-akèhé bocah cilik. Natalya karo Aslan slamet, tapi wong loro kuwi trauma. Wacanen kisahé bèn ngerti piyé carané wong loro kuwi akhiré ora trauma manèh.

  • Pablo karo Sophie.

    Anaké lanang Pablo lan Sophie mati pas téroris nyerang Menara Kembar ing New York. Deloken vidéo iki bèn ngerti piyé carané wong loro kuwi lan korban-korban liyané dadi ora trauma manèh.

Wong jahat dadi wong apik merga sinau Alkitab

Akèh wong ngrasa strès merga keadaan jaman saiki. Mulané akèh sing dadi wong jahat, malah nganti dadi téroris bèn isa éntuk sing dikarepké. Apa wong-wong kaya ngono isa berubah? Isa. Contoné, wacanen artikel sing judhulé ”Dunia Tanpa Terorisme—Mungkinkah?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim