John Moore/Getty Images
Apa Penyakit Bakal Ana Terus?
”Meskipun COVID-19 wis ora dadi masalah sing parah, tapi penyakit kuwi isih ana lan isih berbahaya. Mengko isa waé ana penyakit sing luwih parah lan awaké dhéwé kudu siap ngadhepi kuwi.”—Dr. Tedros Adhanom Ghebreyesus, Direktur-Jenderal Organisasi Kesehatan Dunia, 22 Mei 2023.
Nganti saiki akèh sing isih kena dampak COVID-19. Meréka ngalami masalah keséhatan méntal lan fisik. Apa pamréntah lan organisasi keséhatan wis siap nèk mengko ana pandemi manèh utawa apa meréka sanggup ngatasi penyakit sing ana saiki?
Ing Alkitab disebutké nèk mengko bakal ana pamréntah sing isa nyingkirké kabèh penyakit. Menurut Alkitab, ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan” utawa pamréntahan. (Danièl 2:44) Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ”wong-wong . . . ora bakal ngomong, ’Aku lara.’” (Yésaya 33:24) Kabèh wong bakal séhat lan kuwat kaya pas isih enom.—Ayub 33:25.