Masalah sing Dialami Akèh Wong Sak Donya
”Bahkan meskipun ora ana sebabé, aku kerep ngrasa kuwatir.”
”Pas ngrasa seneng banget, aku malah kuwatir. Soalé biasané bar kuwi aku ujug-ujug dadi sedhih banget.”
”Aku wis berusaha ora nguwatirké apa sing durung kelakon, tapi ngerti-ngerti ana akèh sing tak pikirké. Aku ya dadi kuwatir banget.”
Kuwi sing dirasakké wong-wong sing lagi berjuang ngatasi masalah keséhatan méntalé. Apa njenengan, kanca, utawa keluargané njenengan ya tau ngrasa kaya ngono?
Aja cilik ati. Akèh wong saiki ya padha ngalami masalah keséhatan méntal, embuh meréka ngalami dhéwé, utawa mungkin kanca lan keluargané sing ngalami.
Saiki mémang ’keadaané angèl diadhepi lan berbahaya’, mulané saiki akèh sing padha strès. (2 Timotius 3:1) Ana penelitian soal jumlahé wong sak donya sing ngalami gangguan méntal. Nèk misalé ana wong wolu, sing siji mesthi nduwé gangguan méntal. Pandemi COVID-19 taun 2020 marakké jumlahé wong sing kena gangguan kecemasan 26 persèn luwih akèh timbang taun 2019 lan jumlahé sing kena déprèsi berat 28 persèn luwih akèh timbang taun 2019.
Tapi ora soal pira jumlahé sing kena, saiki sing paling penting kuwi ngerti piyé carané bèn isa tetep semangat meskipun njenengan, kanca, utawa keluargané njenengan ana sing lagi ngalami masalah keséhatan méntal.
Méntal sing séhat kuwi maksudé apa?
Wong sing méntalé séhat kuwi biasané pikiran lan perasaané stabil, isa menikmati kegiatan saben dina, isa ngatasi strès, isa nggunakké kemampuan lan potènsiné, lan uripé ya bahagia.
Keterangan soal gangguan méntal
SALAH: Wong sing ngalami gangguan méntal kuwi wong sing lemah lan merga dhèwèké wis berbuat salah.
BENER: Gangguan méntal kuwi keadaan mèdis sing marakké pikirané wong terganggu, terus ya dadi ora isa ngendhalèni émosi, perasaan, lan tingkah lakuné.
Wong sing ngalami gangguan méntal biasané angèl nggolèk kanca lan kangèlan nglakoni kegiatan saben dina.
Iki isa dialami sapa waé ora soal umuré, budayané, sukuné, agamané, pendidikané, utawa gajiné.
Nggolèk bantuan kanggo ngadhepi masalah keséhatan méntal
Nèk kanca, keluarga, utawa njenengan dhéwé ngrasa nèk sipat utawa tingkah lakuné berubah, dadi turu terus utawa malah ora isa turu, mangan terus utawa malah ora doyan mangan, utawa ngrasa kuwatir lan sedhih banget, berarti mungkin kudu priksa bèn ngerti ngapa kok dadi kaya ngono lan piyé cara ngatasiné.
Yésus Kristus tau ngomong, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.” (Matius 9:12) Nèk diterapi lan dikèki obat, wong sing ngalami masalah keséhatan méntal isa ngurangi gejala gangguan méntalé, isa menikmati kegiatan saben dina, lan ya isa dadi ngrasa seneng. Mulané nèk ngalami gejala gangguan méntal lan kuwi ora ilang-ilang utawa malah tambah parah, luwih apik langsung priksa.a
Meskipun Alkitab dudu buku keséhatan, tapi ing Alkitab ana saran-saran soal keséhatan méntal. Nèk ngetrapké kuwi, awaké dhéwé isa éntuk manfaat. Apa waé saran-sarané?
a Majalah Warta Penting iki ora promosi soal perawatan keséhatan tertentu. Saben wong isa milih dhéwé perawatan keséhatané.