Gusti Allah Perduli karo Njenengan
ING Alkitab ana naséhat sing apik banget merga Alkitab asalé saka Gusti Allah. Alkitab mémang dudu buku keséhatan, tapi ing kono ana saran soal carané bèn isa tetep tenang pas lagi strès, pikirané kacau, sedhih, trauma, lara, utawa méntalé terganggu.
Ing Alkitab ya ana keterangan nèk mung Gusti Allah Yéhuwah,a Sing Nyiptakké awaké dhéwé, sing paling memahami pikiran lan perasaané awaké dhéwé. Apa waé masalahé, Dhèwèké selalu siap mbantu. Buktiné apa? Gatèkna ayat-ayat iki:
”Dhèwèké nambani wong sing lara ati. Luka-lukané wong kuwi diperban.”—MAZMUR 147:3.
”Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, bakal nyekel tanganmu tengen lan ngomong karo kowé, ’Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.’”—YÉSAYA 41:13.
Lha nèk soal masalah keséhatan méntal, Yéhuwah mbantuné piyé? Ing artikel majalah iki bakal dirembug apa waé carané Yéhuwah mbantu lan mbuktèkké nèk Dhèwèké bener-bener perduli.
a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.