PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 158
  • Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Saran-saran saka Alkitab
  • Conto-conto ing Alkitab soal wong-wong sing péngin bunuh diri
  • Piyé Nèk Anak-Anak Péngin Bunuh Diri?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Percaya karo Yéhuwah Wektu Lagi Susah Atiné
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Saran kanggo sing Lagi Lara
    Topik Liyané
  • Yéhuwah Bener-Bener Nggatèkké Umaté
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 158
Wong lanang sing péngin bunuh diri

Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri

Jawaban ing Alkitab

Ya. Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah sing ”menghibur wong-wong sing ngrasa susah”. (2 Korintus 7:6) Mémang Alkitab kuwi dudu buku keséhatan méntal, tapi ing Alkitab ana saran-saran sing isa mbantu wong-wong sing péngin bunuh diri. Saran kuwi ya isa mbantu njenengan.

  • Saran-saran saka Alkitab

  • Conto-conto ing Alkitab soal wong-wong sing péngin bunuh diri

  • Ayat-ayat ing Alkitab sing isa mbantu njenengan pas ngrasa péngin bunuh diri

  • Piyé nèk ana sing ngomong arep bunuh diri?

  • Piyé nèk awaké dhéwé wis tau péngin bunuh diri?

Saran-saran saka Alkitab

  • ● Critakna perasaané njenengan.

    Ayat: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

    Artiné: Wektu lagi strès, awaké dhéwé butuh bantuané wong liya.

    Nèk ora gelem crita karo wong liya kuwi isa nggawé luwih strès. Tapi nèk gelem crita, kuwi isa nggawé awaké dhéwé ngrasa luwih lega.

    Wong lanang sing péngin bunuh diri lagi nyritakké masalahé

    Saran: Njenengan isa nyoba crita karo keluarga utawa kanca sing isa dipercaya.a Njenengan ya isa nyoba nulis apa sing lagi dirasakké.

  • ● Berobat ing dokter.

    Ayat: ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.”​—Matius 9:12.

    Artiné: Nèk lara awaké kudu berobat ing dokter.

    Nèk kepéngin bunuh diri kuwi sakjané tandha nèk awaké dhéwé lagi ngalami gangguan méntal. Dadi, awaké dhéwé ora perlu isin berobat ing dokter, kaya nèk pas awaké dhéwé lagi lara.

    Saran: Njenengan isa segera berobat ing dokter.

  • ● Élinga nèk Gusti Allah perduli.

    Ayat: ”Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik, ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing dilalèkké Gusti Allah. . . . Mula aja wedi, kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.”​—Lukas 12:6, 7.

    Artiné: Gusti Allah nganggep njenengan berharga.

    Njenengan mungkin ngrasa nèk ora ana sing perduli. Tapi, Gusti Allah sakjané perduli karo njenengan meskipun njenengan kepéngin bunuh diri. Ing Mazmur 51:17 disebutké, ”Oh Gusti Allah, Njenengan ora bakal nolak wong sing . . . ngrasa gela.” Gusti Allah péngin njenengan tetep urip, merga Dhèwèké sayang karo njenengan.

    Saran: Njenengan isa maca ayat-ayat ing Alkitab sing njelaské nèk Gusti Allah sayang karo njenengan. Misalé, deloken buku Mendekatlah Kepada Yehuwa pasal 24.

  • ● Ndonga.

    Ayat: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

    Artiné: Gusti Allah péngin awaké dhéwé nyritakké masalahé awaké dhéwé.

    Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé tenang lan tetep kuwat. (Filipi 4:6, 7, 13) Kuwi carané Gusti Allah njawab dongané wong sing njaluk bantuané dhèwèké.​—Mazmur 55:22.

    Wong lanang sing péngin bunuh diri lagi maca lan ngrenungké isiné Alkitab

    Saran: Njenengan isa ndonga nggunakké jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. Critakna perasaané njenengan. (Mazmur 83:18) Njaluka bantuané bèn njenengan isa tetep kuwat.

  • ● Mikirké harapan sing ana ing Alkitab.

    Ayat: ”Harapan sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar. Harapan kuwi nggawé awaké dhéwé tetep kuwat lan yakin.”​—Ibrani 6:19.

    Artiné: Émosiné njenengan mungkin ora stabil, kaya kapal wektu ana badai. Tapi, harapan sing ana ing Alkitab isa nguwatké njenengan.

    Harapan kuwi mesthi bener-bener kelakon merga Gusti Allah wis janji nèk bakal nyingkirké kabèh kesusahan.​—Wahyu 21:4.

    Saran: Njenengan isa maca buku Kabar Apik saka Gusti Allah! bab 5 bèn isa ngerti luwih akèh soal harapan ing Alkitab.

  • ● Nggolèk kegiatan sing disenengi.

    Ayat: ”Ati sing seneng kuwi obat sing manjur.”​—Wulang Bebasan 17:22.

    Artiné: Nèk nggolèk kegiatan sing disenengi, kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih rileks.

    Wong lanang sing péngin bunuh diri lagi mbantu wong liya

    Saran: Nggolèka kegiatan sing disenengi, misalé ngrungokké musik, maca buku, utawa liyané. Njenengan ya isa mbantu wong liya. Kuwi isa nggawé njenengan luwih bahagia.​—Kisah 20:35.

  • ● Njaga keséhatan.

    Ayat: ”Olahraga kuwi [ana] manfaaté.”​—1 Timotius 4:8.

    Artiné: Awaké dhéwé isa luwih séhat nèk olahraga teratur, istirahat sing cukup, lan mangan panganan sing séhat.

    Saran: Njenengan isa olahraga paling ora 15 menit saben dina.

  • ● Élinga nèk saben masalah kuwi ana jalan keluaré.

    Ayat: ”Kowé ora ngerti kaya apa uripmu sésuk.”​—Yakobus 4:14.

    Artiné: Masalah sing abot banget isa waé kuwi mung sementara.

    Meskipun masalahé kétoké abot banget, tapi kuwi mesthi ana jalan keluaré. (2 Korintus 4:8) Dadi, masalahé awaké dhéwé suwé-suwé mungkin isa rampung. Tapi nèk bunuh diri, masalahé malah ora isa rampung.

    Saran: Njenengan isa maca pengalaman ing Alkitab soal wong-wong sing ngrasa péngin bunuh diri, tapi akhiré wong-wong kuwi isa kuwat ngadhepi masalahé. Ayo didelok conto-contoné.

Conto-conto ing Alkitab soal wong-wong sing péngin bunuh diri

Ing Alkitab ana wong-wong sing tau péngin bunuh diri. Tapi, Gusti Allah ora nesu justru malah mbantu wong-wong kuwi. Dadi, Gusti Allah mesthi ya bakal mbantu njenengan.

Èlia

  • ● Èlia kuwi sapa? Èlia kuwi nabi sing kendel. Tapi dhèwèké ya tau putus asa. Ing Yakobus 5:17 disebutké, ”Èlia kuwi wong sing nduwé perasaan kaya awaké dhéwé.”

  • ● Ngapa kok Èlia péngin mati? Èlia tau ngrasa wedi lan ora berharga. Mula Èlia ngomong, ”Yéhuwah, jupuken waé nyawaku!”​—1 Para Raja 19:4.

  • ● Piyé carané Èlia isa kuwat manèh? Èlia nyritakké perasaané karo Gusti Allah. Terus, Gusti Allah mbantu dhèwèké lan nduduhké kuwasané. Gusti Allah ya nggawé Èlia yakin nèk dhèwèké kuwi berharga lan Gusti Allah nugaské wong liya bèn mbantu Èlia.

  • ▸ Ayat: 1 Para Raja 19:2-18.

Ayub

  • ● Ayub kuwi sapa? Ayub kuwi wong sugih, lan dhèwèké setya nglayani Gusti Allah.

  • ● Ngapa kok Ayub péngin mati? Ayub ngadhepi akèh masalah. Kabèh hartané entèk, anak-anaké mati, terus Ayub ya lara parah. Ayub ya ditudhuh nèk kabèh masalahé kuwi merga salahé Ayub. Akhiré Ayub ngomong, ”Aku sengit karo uripku, aku ora gelem urip terus.”​—Ayub 7:16.

  • ● Piyé carané Ayub isa kuwat manèh? Ayub ndonga lan crita karo wong liya. (Ayub 10:1-3) Ayub ya dibantu karo Èlihu bèn nduwé pandhangan sing bener manèh. Terus, Ayub ya gelem nampa bantuan lan naséhat saka Gusti Allah.

  • ▸ Ayat: Ayub 1:1-3, 13-​22; 2:7; 3:1-13; 36:1-7; 38:1-3; 42:1, 2, 10-13.

Musa

  • ● Musa kuwi sapa? Musa kuwi pemimpiné bangsa Israèl lan nabi sing setya.

  • ● Ngapa kok Musa péngin mati? Musa nduwé tugas sing abot. Dhèwèké ya terus-terusan diprotès nganti akhiré wis ora kuwat manèh. Musa ngomong karo Gusti Allah, ”Patènana waé aku saiki.”​—Wilangan 11:11, 15.

  • ● Piyé carané Musa isa kuwat manèh? Musa nyritakké perasaané karo Gusti Allah. Terus, Gusti Allah mbantu Musa bèn ora terlalu strès manèh.

  • ▸ Ayat: Wilangan 11:4-6, 10-17.

Ayat-ayat ing Alkitab sing isa mbantu njenengan pas ngrasa péngin bunuh diri

Ayat-ayat sing njelaské nèk Gusti Allah perduli karo njenengan:

  • ”Yéhuwah cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.”​—Mazmur 34:18.

  • ”Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.”​—Mazmur 94:19.

    (Deloken Mazmur 27:10; 103:12-14; 2 Korintus 1:3, 4.)

Ayat-ayat sing njelaské nèk Gusti Allah ngerti perasaané njenengan:

  • ”Njenengan ndelok nèk aku sengsara, lan Njenengan ngerti nèk aku susah banget.”​—Mazmur 31:7.

  • ”Dhèwèké susah wektu wong-wong kuwi susah, . . . merga sayang lan mesakké . . .  wong-wong kuwi kaya diangkat.”​—Yésaya 63:9.

Ayat-ayat sing njelaské nèk Gusti Allah péngin njenengan cedhak karo Dhèwèké lan nyritakké perasaané njenengan liwat donga:

  • ”Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga. . . . Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa.”​—Filipi 4:6, 7.

  • ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”​—Yakobus 4:8.

    (Deloken Mazmur 34:4, 15; 55:22.)

Ayat-ayat sing njelaské nèk Gusti Allah isa nguwatké njenengan:

  • ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”​—Filipi 4:13.

  • ”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé. Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé.”​—Yésaya 41:10.

    (Deloken Mazmur 138:3; Yésaya 40:29-31.)

Piyé nèk ana sing ngomong arep bunuh diri?

  • Aja disepèlèkké. Nèk ana sing crita arep bunuh diri, bantunen dhèwèké bèn gelem nyritakké kabèh sing dirasakké. (Wulang Bebasan 20:5) Nèk wis gelem crita, kuwi isa nggawé dhèwèké luwih tenang lan akhiré ora sida bunuh diri.

  • Rungokna tenanan. Awaké dhéwé kudu ”cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong”. (Yakobus 1:19) Wong sing lagi strès, omongané isa waé ngawur. (Ayub 6:2, 3) Dadi, nèk dhèwèké ngomong arep bunuh diri aja disenèni. Awaké dhéwé kudu tetep tenang.

  • Awaké dhéwé kudu menghibur. Awaké dhéwé kudu ”menghibur wong sing cilik ati”. (1 Tésalonika 5:14) Awaké dhéwé isa ngomong nèk dhèwèké kuwi berharga lan aja disepèlèkké.

  • Bantunen dhèwèké bèn gelem berobat ing dokter. Ing Wulang Bebasan 13:10 disebutké, ”Wong sing nggolèk naséhat kuwi wicaksana.” Nèk ana sing péngin bunuh diri, kuwi berarti dhèwèké ngalami gangguan méntal lan kudu berobat ing dokter. Dadi, awaké dhéwé isa nyaranké dhèwèké bèn priksa ing dokter. Malah, awaké dhéwé ya isa ngeterké dhèwèké ing dokter.

  • Gawénen dhèwèké yakin nèk disayangi. Ing Alkitab disebutké, ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.” (Wulang Bebasan 17:17) Mémang masalahé dhèwèké mungkin isih tetep ana, lan dhèwèké mungkin ya isih tetep péngin bunuh diri. Tapi nèk dhèwèké ngrasa disayang lan didhukung, kuwi isa mbantu dhèwèké luwih kuwat lan nduwé harapan.

Piyé nèk awaké dhéwé wis tau péngin bunuh diri?

Mungkin awaké dhéwé ngrasa bersalah utawa isin. Awaké dhéwé mungkin ya ngrasa nèk ora ana sing isa ngerti perasaané awaké dhéwé saiki.

Awaké dhéwé mémang ora isa ngerti persis perasaané wong liya. Ing Alkitab disebutké, ”Nèk lagi sedhih, ya wong kuwi dhéwé sing isa ngrasakké.” (Wulang Bebasan 14:10; 1 Para Raja 8:38) Mémang keluarga utawa kanca ora isa ngerti persis perasaané awaké dhéwé, tapi awaké dhéwé ora dhèwèkan.

Gusti Allah ngerti isi atiné manungsa. (2 Babad 6:30) Yéhuwah ngerti kenapa kok awaké dhéwé isa nganti péngin bunuh diri. Yéhuwah ya ngerti perasaané awaké dhéwé saiki, termasuk rasa bersalah utawa isin.​—Mazmur 139:1.

Meskipun Gusti Allah nganggep nèk kehidupan kuwi berharga, Dhèwèké gelem ngapura wong-wong sing tau péngin bunuh diri. (Mazmur 86:5) Gusti Allah ngerti nèk wong sing péngin bunuh diri kuwi sakjané ora bener-bener péngin mati, tapi mung péngin bèn masalahé ndang rampung. Dadi, meskipun ”atiné awaké dhéwé nyalahké awaké dhéwé . . . ning, Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé, lan Dhèwèké ngerti kabèh”. (1 Yohanes 3:19, 20) Dadi, Gusti Allah siap mbantu njenengan. Dhèwèké kuwi ”Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”.​—2 Korintus 1:3.

a Nèk ora ana kanca utawa keluarga sing isa dihubungi, njenengan isa nélpon nomer télépon darurat ing dhaérahé njenengan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim