PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 102
  • Saya Akèh sing Ngrasa Kesepian

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Saya Akèh sing Ngrasa Kesepian
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Saran ing Alkitab
  • Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian
    Topik Liyané
  • Piyé Carané Ngatasi Rasa Kesepian?
    Topik Liyané
  • Bèn Ora Kesepian Bantunen Wong Liya
    Topik Liyané
  • Kenapa Aku Ora Nduwé Kanca?
    Pitakonané Cah Enom
Topik Liyané
mrt artikel 102
Bonéka kertas sing dhèwèkan, adoh saka liyané.

Francesco Carta fotografo/Moment via Getty Images

Saya Akèh sing Ngrasa Kesepian

Durung suwé iki, ana survéi saka beberapa negaraa nèk siji saka papat wong ngrasa kesepian.

  • ”Ngrasa péngin dhèwèkan lan ora gelem bergaul karo wong liya kuwi isa dialami sapa waé, ora soal umuré pira utawa manggoné ing endi.”​—Chido Mpemba, salah siji ketua Komisi Hubungan Sosial, Organisasi Keséhatan Dunia.

Mungkin wong-wong mikir nèk sing ngrasa kesepian kuwi mung wong-wong tuwa utawa sing uripé dhèwèkan. Tapi kenyataané, wong-wong sing isih enom, sing séhat, sugih, lan sing wis nikah ya isa ngrasa kesepian. Wong sing kesepian lan ora gelem bergaul karo wong liya, émosi lan keséhatané bakal terganggu.

  • ”Ngrasa kesepian kuwi ana bahayané. Bahayané mèh padha kaya ngrokok 15 batang sedina.”​—Dr. Vivek Murthy, Kepala Badan Kesehatan Masyarakat AS.

Saran ing Alkitab

Gusti Allah ora péngin awaké dhéwé dhèwèkan. Gusti Allah nyiptakké manungsa bèn isa bergaul lan nduwé kanca.

  • Ayat: ”Gusti Allah . . . kandha, ’Ora apik nèk wong lanang kuwi dhèwèkan terus.’”​—Purwaning Dumadi 2:18.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé cedhak karo Dhèwèké. Gusti Allah janji nèk awaké dhéwé berupaya akrab karo Dhèwèké, Gusti Allah ya bakal cedhak karo awaké dhéwé.​—Yakobus 4:8.

  • Ayat: ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia, merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké.”​—Matius 5:3.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngibadah bareng-bareng. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih bahagia.

  • Ayat: ”Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting. . . . Ning, awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké.”​—Ibrani 10:24, 25.

Bèn ngerti kenapa kok awaké dhéwé kudu nglawan perasaan kesepian, wacanen artikel ”Kesepian meski Ada Banyak Sarana Komunikasi”.

Njenengan diundang

Seksi-Seksi Yéhuwah ngibadah bareng seminggu ping pindho. Tujuané bèn isa tambah akrab karo Gusti Allah lan wong liya. Kami seneng ngundang njenengan kanggo teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

  • Golèka panggonan pertemuan ibadah sing paling cedhak.

  • Nèk péngin dikunjungi.

a The Global State of Social Connections, saka Meta-Gallup, 2023.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim