PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 105
  • Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Saran ing Alkitab
  • Saya Akèh sing Ngrasa Kesepian
    Topik Liyané
  • Piyé Carané Ngatasi Rasa Kesepian?
    Topik Liyané
  • Kenapa Aku Ora Nduwé Kanca?
    Pitakonané Cah Enom
  • Bèn Ora Kesepian Bantunen Wong Liya
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 105
Cah-cah enom lagi ngobrol ing taman.

Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian

Taun 2023, para ahli keséhatan ngomong nèk kesepian kuwi dadi masalah keséhatan sing serius lan kuwi kudu diatasi. Piyé carané?

  • Dr. Vivek Murthy, Kepala Badan Keséhatan Masyarakat AS, ngomong, ”Ngrasa kesepian lan ora gelem kumpul karo wong liya isa nggawé ora bahagia lan dadi masalah keséhatan. Tapi, sakjané kuwi isa diatasi nèk awaké dhéwé gelem bergaul lan akrab karo wong liya.”a

Ngrasa kesepian kuwi ora mung merga dhèwèkan. Malah, beberapa ngrasa kesepian wektu kumpul karo wong akèh. Ana saran-saran ing Alkitab bèn awaké dhéwé isa luwih akrab karo kanca-kanca lan isa ngatasi rasa kesepian.

Saran ing Alkitab

Gelem crita lan ngrungokké. Aja mung crita perasaané awaké dhéwé thok, tapi awaké dhéwé ya isa ngrungokké tenan sing dicritakké lan dirasakké wong liya. Nèk luwih nggatèkké wong liya, awaké dhéwé isa luwih akrab karo wong kuwi.

  • Ayat: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”—Filipi 2:4.

Nggolèk kanca sak akèh-akèhé. Awaké dhéwé isa nggolèk kanca sing luwih tuwa utawa luwih enom. Terus ya isa nggolèk kanca sing béda negara utawa béda budaya.

  • Ayat: ”Kowé ya kudu mbukak atimu sak amba-ambané.”—2 Korintus 6:13.

Bèn isa akrab karo wong liya, cobanen saran-saran ing artikel ”Memuaskan Rasa Lapar akan Persahabatan”.

Njenengan diundang

Seksi-Seksi Yéhuwah ngibadah bareng seminggu ping pindho. Tujuané bèn isa tambah akrab karo Gusti Allah lan wong liya. Kami seneng ngundang njenengan kanggo teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

  • Golèka panggonan pertemuan ibadah sing paling cedhak.

  • Nèk péngin dikunjungi.

a Our Epidemic of Loneliness and Isolation: The U.S. Surgeon General’s Advisory on the Healing Effects of Social Connection and Community, 2023.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim