PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 117
  • Ngapa Kok Akèh Tokoh Politik sing Diserang?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngapa Kok Akèh Tokoh Politik sing Diserang?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ramalan ing Alkitab
  • Sukmbèn keadaané bakal aman lan damai
  • Kenapa Keadaan Saiki Ora Isa Damai?
    Topik Liyané
  • Ngapa Kok Ana Bocah-Bocah sing Ditémbaki ing Sekolahan?
    Topik Liyané
  • ”Kratonku Dudu Bagéan saka Donya Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Apa Waé Tandhané ”Akhir Jaman”?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Topik Liyané
mrt artikel 117
Bedhil sing diarahké ing sasaran.

Rui Almeida Fotografia/Moment via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Ngapa Kok Akèh Tokoh Politik sing Diserang?

Ing sak donya, ana akèh tokoh politik sing diserang. Misalé:

  • Ing Meksiko, pas pemilu taun 2023-2024 keadaané kacau merga akèh tokoh politik sing diserang. Malah ana 39 sing dipatèni.

  • Durung suwé iki ing Eropa, ya akèh tokoh politik sing diserang. Salah sijiné perdana menteri Slowakia sing ditémbak pas tanggal 15 Mei 2024. Tapi dhèwèké ora mati.

  • Tanggal 15 September 2024, wong-wong ing Amerika Serikat padha kagèt merga ana sing ngupaya némbak manèh mantan présidèn Donald Trump, tapi ora kena.

Ngapa kok akèh tokoh politik sing diserang? Apa keadaané isa dadi luwih aman? Menurut Alkitab piyé?

Ramalan ing Alkitab

Sesuai ramalan ing Alkitab saiki wis ”akhir jaman”. Makané wong-wong dadi tambah jahat, kejem, lan benci karo wong-wong sing pendapaté béda karo meréka.

  • ”Ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal . . . ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya, . . . ora gelem setuju karo wong liya, . . . kejem, . . . seneng ngianati, ngèyèl, [lan] sombong.”—2 Timotius 3:1-4.

Ing Alkitab ya diramalké nèk ing akhir jaman bakal ana akèh gègèran. Kuwi isa waé merga wong-wong sing ora seneng karo pamréntah utawa nduwé pandhangan politik sing béda. (Lukas 21:9) Tapi, apa keadaané bakal kaya ngono terus? Utawa keadaané isa dadi luwih aman?

Sukmbèn keadaané bakal aman lan damai

Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah bakal ngganti pamréntahané manungsa karo pamréntahané Gusti Allah dhéwé.

  • ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan sing . . . bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan [liyané]. . . . Mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé.”—Danièl 2:44.

Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé kabèh manungsa bersatu, lan nggawé donya iki dadi aman lan damai.

  • Rajané, Yésus Kristus, disebut ”Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem”. Makané dhèwèké bakal terus ”nggawé [manungsa] rukun lan tentrem”.—Yésaya 9:6, 7.

  • Saiki rakyat saka Kerajaané Gusti Allah ngupaya dadi wong-wong sing seneng rukun. Sukmbèn, kaya sing disebutké ing Alkitab meréka ”bakal nggawé pedhangé dadi pisau bajak lan tombaké dadi arit”. Terus ”bangsa ora bakal perang nglawan bangsa lan ora bakal ajar perang manèh”.—Yésaya 2:3, 4.

Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Apa sing Bakal Kelakon Wektu Kerajaané Gusti Allah Mréntah?” lan deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim