PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 124
  • Jumlahé Kéwan Liar Berkurang Akèh Banget

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Jumlahé Kéwan Liar Berkurang Akèh Banget
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Harapan kanggo masa depan
  • Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak
    Gatèkna!—2023
  • Apa Bumi Bakal Dihancurké?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?
    Topik Liyané
  • Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 124
Gajah mlaku dhèwèkan ing dhaérah sing gersang ing Afrika.

Pawel Gluza/500Px Plus/Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Jumlahé Kéwan Liar Berkurang Akèh Banget

Tanggal 9 Oktober 2024, organisasi Dana Dunia untuk Alam (WWF) ngekèki informasi soal pengaruhé kegiatan manungsa kanggo uripé kéwan liar ing bumi. Ing laporan kuwi disebutké, ”Sejak taun 1970 nganti 2020, saka data sing ana, jumlah kéwan liar sing ana ing bumi berkurang nganti 73 persèn. . . . Awaké dhéwé isih nduwé wektu limang taun kanggo nggawé masa depané makhluk hidup ing bumi dadi luwih apik.”

Akèh wong kagèt wektu ngerti informasi kuwi. Awaké dhéwé ora péngin buminé rusak lan ora péngin kéwan liar padha punah. Ngapa kok awaké dhéwé isa ngrasa kaya ngono? Soalé Gusti Allah wis ngrancang manungsa bèn isa ngopèni kéwan-kéwan.—Purwaning Dumadi 1:27, 28; Wulang Bebasan 12:10.

Njenengan mungkin mikir, ’Apa isa manungsa njaga populasiné kéwan liar bèn ora punah? Piyé nèk menurut Alkitab?’

Harapan kanggo masa depan

Meskipun manungsa wis ngupaya mati-matian kanggo njaga populasiné kéwan liar, tapi kuwi ora isa bener-bener berhasil, soalé mung Gusti Allah sing isa bener-bener ngatasi masalah kuwi. Ing Wahyu 11:18 disebutké nèk Gusti Allah ”bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”. Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni saka ayat kuwi?

  1. 1. Sukmbèn Gusti Allah bakal nggawé manungsa bèn ora nduwé kepénginan kanggo ngrusak bumi manèh.

  2. 2. Sedhéla manèh, Gusti Allah bakal nggawé janji kuwi kelakon. Lha kenapa? Soalé kegiatané manungsa saiki tambah berbahaya kanggo populasiné kéwan liar.

Piyé carané Gusti Allah ngatasi masalah iki? Ing masa depan, bumi iki bakal dipréntah karo Kerajaané Gusti Allah. Nah, pamréntahan kuwi sing bakal digunakké Gusti Allah kanggo ngatasi masalah iki. (Matius 6:10) Sukmbèn mung wong-wong sing manut sing bakal manggon ing bumi. Meréka bakal dilatih bèn isa ngopèni lan nglindhungi kéwan liar.—Yésaya 11:9.

Ing masa depan, bumi iki bakal dadi piyé? Sukmbèn piyé carané Gusti Allah nggawé bumi iki dadi luwih apik? Bèn isa ngerti jawabané njenengan isa njaluk dikunjungi Seksi-Seksi Yéhuwah sing bakal ngancani njenengan sinau Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim