Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
Jawaban ing Alkitab
Kerajaané Gusti Allah kuwi pemerintahan sing bener-bener ana. Sing nggawé kerajaan kuwi Gusti Allah Yéhuwah. Ing Alkitab, ”Kerajaané Gusti Allah” ya disebut ”Kerajaan swarga” merga mréntahé saka swarga. (Markus 1:14, 15; Matius 4:17) Meskipun nduwé beberapa persamaan karo pemerintahané manungsa, tapi kerajaan kuwi luwih unggul.
Pemimpin. Gusti Allah wis nglantik Yésus Kristus dadi Raja ing Kerajaané. Yésus diwènèhi wewenang ing swarga lan ing bumi. (Matius 28:18) Tapi meskipun nduwé wewenang sing gedhé, Yésus kuwi adil lan ora bakal nggawé rakyaté susah. Buktiné, selama ing bumi Yésus apikan karo wong-wong. (Matius 4:23; Markus 1:40, 41; 6:31-34; Lukas 7:11-17) Terus, Yésus ya ora mréntah dhèwèkan. Yésus dikèki wewenang kanggo milih beberapa wong ”dadi raja” bareng dhèwèké.—Wahyu 5:9, 10.
Masa pemerintahan. Ora kaya pemerintahané manungsa sing isa gonta-ganti, Kerajaané Gusti Allah ”bakal ana nganti saklawasé”.—Danièl 2:44.
Rakyat. Kabèh wong, ora soal asalé saka endi utawa latar belakangé apa, isa dadi rakyat Kerajaané Gusti Allah. (Kisah 10:34, 35) Sing penting meréka gelem manut karo Gusti Allah.
Hukum. Aturan ing Kerajaané Gusti Allah ora mung nglarang rakyaté berbuat jahat, tapi ya ngajari meréka bèn dadi wong sing luwih apik. Misalé, ing Kitab Suci disebutké, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, lan nggunakké kabèh pikiranmu.’ Iki préntah sing paling penting lan paling utama. Préntah keloro sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’” (Matius 22:37-39) Merga ana préntah kuwi, rakyat Kerajaané Gusti Allah dadi wong-wong sing perduli lan seneng mbantu wong liya.
Pendidikan. Kerajaané Gusti Allah ora mung ngekèki préntah thok, tapi ya ngajari lan nglatih rakyaté bèn isa manut karo Gusti Allah.—Yésaya 48:17, 18.
Tujuan. Kerajaan iki digawé bèn karepé Gusti Allah isa kelakon, misalé nggawé bumi dadi Firdaus lan wong-wong sing sayang karo Gusti Allah isa urip saklawasé ing kono. (Yésaya 35:1, 5, 6; Matius 6:10; Wahyu 21:1-4) Dadi, Kerajaané Gusti Allah ora nggolèk keuntungan saka rakyaté, tapi malah ngupaya bèn rakyaté bahagia.