PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 5
  • Piyé Nèk Wong Tuwaku Cerai?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Wong Tuwaku Cerai?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing aja mbok lakukan
  • Sing isa mbok lakukan
  • Pengaruhé Pegatan kanggo Anak-Anak
    Bantuan kanggo Keluarga
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 5
Cah lanang kétok sedhih. Dhèwèké ora gelem ndelok pas wong tuwané padu.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Wong Tuwaku Cerai?

Mesthi rasané sedhih banget nèk wong tuwané cerai. Piyé cah-cah enom isa ngatasi kuwi?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Sing aja mbok lakukan

  • Sing isa mbok lakukan

  • Kandhané kanca-kancamu

Sing aja mbok lakukan

1. Aja ngrasa nèk kuwi salahmu

”Mamaku tau ngomong nèk pas aku lair, mama papaku dadi nduwé akèh masalah. Dadi, aku ngrasa nèk mama papaku cerai kuwi gara-gara aku.”—Diana.

Élinga: Nèk wong tuwamu cerai, kuwi dudu salahmu. Kuwi merga wong tuwamu ora isa ngatasi masalahé meréka. Dudu kowé sing marakké meréka cerai. Sing kuduné ngrampungké masalahé kuwi ya wong tuwamu dhéwé.

”Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.”—Galatia 6:5.

2. Aja terus-terusan nesu

”Pas papaku selingkuh, aku nesu banget. Aku ora percaya manèh karo dhèwèké.”—Rianna.

Élinga: Wajar nèk kowé nesu lan ngrasa kecéwa. Tapi, terus-terusan nesu kuwi ora apik. Kuwi isa marakké kowé dadi lara lan strès. Terus-terusan nesu kuwi kaya kowé ngombé racun tapi berharap wong liya sing lara.a

”Aja nesu, lan aja ngamuk.”—Mazmur 37:8.

3. Aja mikir nèk mengko nikah kowé ora bakal bahagia

”Aku wedi nèk mengko aku bakal kaya bapakku. Wediné mengko nèk aku wis nikah lan nduwé anak, aku bakal ngalami masalah sing padha kaya wong tuwaku terus akhiré cerai.”—Jessica.

Élinga: Meskipun pernikahané wong tuwamu gagal, ora berarti pernikahanmu ya bakal gagal. Malah, kowé isa belajar saka pengalamané wong tuwamu. Misalé, pas nggolèk bojo, kowé bakal luwih ati-ati. Terus, kowé ya bakal berupaya nduwé sifat-sifat sing luwih apik bèn pernikahanmu bahagia.

”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé.”—Galatia 6:4.

Cah lanang lagi lungguh ing sofa karo dolanan laptop. Salah siji sikilé di-gips.

Nèk patah tulang, kowé butuh wektu bèn isa mari. Padha kaya ngono, nèk wong tuwamu cerai, kowé ya butuh wektu bèn isa ngatasi perasaanmu.

Sing isa mbok lakukan

1. Critakna perasaanmu. Wong-wong sing memendam perasaan sedhih, nesu, lan kecéwa biasané dadi nduwé kebiasaan sing èlèk, misalé kecanduan alkohol utawa nganggo narkoba. Bèn ora kaya ngono, cobanen iki:

Crita karo wong tuwa. Nèk wong tuwamu kakèhan ngomongké soal masalah perkawinané meréka, kowé isa tetep tenang lan ngomong nganggo cara sing alus nèk kuwi sakjané ana dampaké kanggo kowé. Nèk kowé angèl crita karo wong tuwamu, kowé isa nulis surat kanggo meréka.

Cah wédok lagi nulis surat.

Crita karo kanca sing isa dipercaya. Nèk nduwé kanca sing gelem ngrungokké tenanan pas kowé crita kuwi bermanfaat banget. Ing Alkitab disebutké nèk ”kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan”.—Wulang Bebasan 17:17.

Crita karo Gusti Allah. Yéhuwah selalu ’ngrungokké dongamu’. (Mazmur 65:2) Ing Alkitab disebutké nèk kowé isa ”masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé”.—1 Pétrus 5:7.

  • Kowé luwih leluasa crita karo bapak utawa ibumu?

  • Embuh sing sak umuran utawa luwih tuwa, sapa kanca sing isa mbok percaya sing isa mbantu lan nyemangati kowé?

  • Khususé apa sing péngin mbok dongakké?

A Lampu.

Saran: Nulisa buku harian. Raquel, sing wong tuwané cerai pas dhèwèké umur 12, crita, ”Mungkin kowé ora paham karo perasaanmu saiki. Tapi nèk kuwi mbok tulis ing buku harian, mengko kowé isa maca kuwi manèh. Kowé dadi ngerti perubahan apa sing wis mbok gawé. Kuwi bermanfaat banget.”

2. Nggawé penyesuaian

Merga wong tuwamu cerai kowé mungkin kudu pindhah omah, pindhah sekolah, nggolèk kanca anyar, utawa uripmu ora nyaman kaya mbiyèn manèh. Wajar nèk kowé mumet lan strès merga perubahan kuwi. Tapi bèn isa ngatasi kuwi, pikirna kowé isa nggawé penyesuaian apa.

  • Merga wong tuwamu cerai, kowé dadi ngalami perubahan apa?

  • Piyé carané kowé ngatasi perubahan kuwi?

”Aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas ing keadaan apa waé.”—Filipi 4:11.

A Lampu.

Saran: Kudu cukup istirahat, mangan panganan sing bergizi, lan olahraga. Nèk séhat, kowé isa kuwat ngadhepi situasimu. Hasilé, strèsmu bakal berkurang lan luwih gampang nggawé penyesuaian.

3. Berupaya nduwé sifat-sifat sing apik

Mémang nèk wong tuwamu cerai, kowé mungkin dadi ngrasa kuwatir. Tapi, kowé isa belajar sesuatu. Kuwi isa nglatih kowé nduwé sifat-sifat sing apik. Jeremy, sing wong tuwané cerai pas dhèwèké umur 13, crita, ”Merga wong tuwaku cerai, aku dadi luwih bertanggung jawab. Aku anak pertama. Dadi, aku kudu mbantu ibuku, terus ya nggatèkké adhiku.”

Cah wédok lagi ngajari adhiné nggarap PR, ing mburiné ibuné lagi masak.

Meskipun wong tuwamu cerai, kowé isa dadi wong sing luwih bertanggung jawab ing omah

  • Merga wong tuwamu cerai, kowé dadi isa belajar sifat-sifat apik apa?

  • Sifat-sifat apik apa manèh sing péngin mbok upayakké?

”Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah. Kuwi gunané kanggo . . . nggawé sing salah dadi bener manèh.”—2 Timotius 3:16.

A Lampu.

Saran: Wacanen Alkitab saben dina. Nèk ngetrapké naséhat-naséhat ing Alkitab, kowé isa nduwé sifat-sifat sing apik sing isa mbantu kowé ngadhepi masalah sing abot. Misalé, pas wong tuwamu cerai.

a Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Bagaimana Aku Bisa Mengendalikan Kemarahanku?”

Kandhané kanca-kancamu

”Awalé aku ora ngerti ngapa kok wong tuwaku ora bareng- bareng manèh. Tapi pas remaja, pas aku wis ngerti, aku dadi nesu banget. Saiki umurku wis 18. Aku wis isa nampa nèk wong tuwaku cerai lan ora terus-terusan mikirké kuwi.”—Elena.

”Wong tuwaku cerai pas aku umur pitu. Pas umur 21, aku ngejak bapakku ngobrol soal perasaanku. Selama rong jam, kami ngobrol soal ngapa kok bapak karo ibu isa cerai, terus apa pengaruhé kuwi kanggo aku. Mémang, aku ora seneng nèk meréka cerai. Tapi, aku sayang karo bapakku lan berupaya memahami perasaané. Rasané lega banget isa nyritakké kabèh.”—Katelyn.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim