PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 23
  • Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu Perang?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu Perang?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Manut karo pamréntah
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 23
Tentara-tentara lagi némbaki mungsuh pas perang.

Ngapa Kok Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu Perang?

Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu perang merga alesan-alesan iki:

  1. Manut karo Gusti Allah. Ing Alkitab disebutké nèk umaté Gusti Allah bakal ”nggawé pedhangé dadi pisau bajak” lan ”ora bakal ajar perang manèh”.—Yésaya 2:4.

  2. Manut karo Yésus. Yésus tau ngomong karo Pétrus, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé. Kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.” (Matius 26:52) Kuwi mbuktèkké nèk Yésus ora péngin murid-muridé mèlu perang.

    Murid-muridé Yésus ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yohanes 17:16) Mula, meréka ora mèlu-mèlu urusan politik. Tapi Seksi-Seksi Yéhuwah ora nglarang kegiatan militèr utawa ngalang-ngalangi wong sing arep dadi tentara.

  3. Sayang karo wong liya. Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”padha-padha nresnani”. (Yohanes 13:34, 35) Mula, kabèh muridé Yésus sak donya dadi sedulur lan ora ana sing gelem perang nglawan sedulur liyané.—1 Yohanes 3:10-12.

  4. Niru contoné wong-wong Kristen jamané para rasul. Ing Encyclopedia of Religion and War disebutké nèk ”murid-muridé Yésus jamané para rasul ora gelem mèlu perang lan dadi tentara” merga ngerti nèk kuwi ”ora sesuai préntahé Yésus soal nresnani wong liya lan nresnani mungsuh”. Terus, ahli agama saka Jerman, Peter Meinhold ngomong nèk kanggoné wong Kristen pas jamané para rasul ”dadi wong Kristen tapi ya dadi tentara kuwi ora cocog”.

Manut karo pamréntah

Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi rakyat sing manut pamréntah lan dudu ancaman kanggo negarané. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni pamréntah kaya sing disebutké ing ayat-ayat iki:

  • ”Kabèh wong kudu manut karo pamréntah.”—Roma 13:1.

  • ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”—Matius 22:21.

Dadi, Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo hukum, mbayar pajeg, lan ndhukung upayané pamréntah bèn rakyaté ayem tentrem.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim