PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 79
  • Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Apa Kratoné Gusti Allah Iku?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
Delok Kabèh
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 79
Kerajaané Gusti Allah ora ana ing njero ati

Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?

Jawaban ing Alkitab

Ora. Kerajaané Gusti Allah ora ana ing njero ati.a Kerajaan kuwi ana ing swarga. Mula, Kerajaané Gusti Allah disebut ”Kerajaan swarga”. (Matius 4:​17) Ayo dibahas beberapa ayat sing dadi bukti nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga.

  • Kerajaané Gusti Allah nduwé pemimpin, rakyat, lan hukum. Liwat kerajaan kuwi, apa sing dikarepké Gusti Allah ing swarga lan ing bumi isa kelakon.​—Matius 6:​10; Wahyu 5:​10.

  • Pamréntahan, utawa Kerajaané Gusti Allah, bakal mréntah ”wong-wong saka kabèh bangsa lan basa”. (Danièl 7:​13, 14) Kerajaan kuwi, kekuwasaané langsung saka Gusti Allah, dudu saka manungsa.​—Mazmur 2:​4-6; Yésaya 9:7.

  • Yésus ngomong nèk para rasulé sing setya bakal ”lungguh ing takhta” mréntah ing Kerajaan swarga bareng karo Yésus.​—Lukas 22:28, 30.

  • Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké mungsuh-mungsuhé.​—Mazmur 2:​1, 2, 8, 9; 110:​1, 2; 1 Korintus 15:25, 26.

Ing Alkitab ora dijelaské nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati. Tapi, ”berita soal Kerajaan”, utawa ”kabar apik soal Kerajaan” isa menghibur awaké dhéwé.​—Matius 13:19; 24:14.

Apa maksudé ”Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati”?

Wektu maca Lukas 17:21 ing beberapa terjemahan Alkitab, wong-wong dadi bingung Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing endi. Misalé, ing Alkitab King James Version disebutké nèk ”Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati”. Bèn isa ngerti maksudé ayat kuwi, awaké dhéwé kudu ngerti critané dhisik.

Para pemimpin agama sing ora seneng karo Yésus

Kerajaané Gusti Allah ora ana ing atiné mungsuh-mungsuhé Yésus sing kejem lan jahat banget

Wektu kuwi, Yésus lagi omong-omongan karo wong-wong Farisi, yaiku para pemimpin agama sing ora seneng karo Yésus lan péngin matèni Yésus. (Matius 12:14; Lukas 17:20) Yésus ngomong karo wong Farisi, ”Atimu munafik lan jahat banget.” (Matius 23:27, 28) Dadi ora mungkin nèk Kerajaané Gusti Allah ana ing njero atiné wong-wong kuwi.​—Matius 23:27, 28.

Ing terjemahan Alkitab liyané, kata-katané Yésus ing Lukas 17:21 diterjemahké dadi ”Kratoning Allah iku ana ing antara mu”. (Cetak miring red.; Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi) ”Kerajaané Gusti Allah ana ing tengah-tengah mu.” (Terjemahan Donya Anyar) Dadi, wektu Yésus ngomong nèk Kerajaané Gusti Allah ana ing ”antara”, utawa ing ’tengah-tengahé’ wong Farisi, kuwi maksudé Yésus, Raja Kerajaané Gusti Allah, ana ing ngarepé wong-wong kuwi.​—Lukas 1:​32, 33.

a Akèh wong Kristen nganggep nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati. Misalé, menurut gréja Southern Baptist Convention ing Amerika Serikat, Kerajaané Gusti Allah kuwi bagian saka ”pamréntahané Gusti Allah sing ana ing njero ati”. Terus, ing buku Jesus of Nazareth, Paus Benediktus XVI ngomong nèk ”Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing atiné wong-wong sing percaya”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim