PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 89
  • Apa Kabèh Agama Disenengi Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Kabèh Agama Disenengi Gusti Allah?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Ibadah sing Bener Miturut Gusti Allah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 89
Lambang-lambang agama

Apa Kabèh Agama Disenengi Gusti Allah?

Jawaban ing Alkitab

Ora. Ing Alkitab, ana conto ibadah utawa agama sing ora disenengi Gusti Allah. Alesané ana loro.

1. Nyembah allah palsu

Menurut Alkitab, ”ora ana gunané” lan ”ora ana manfaaté” nyembah allah palsu. (Yérémia 10:​3-5; 16:19, 20) Yéhuwaha ngongkon bangsa Israèl, ”Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah. Aja nyembah allah-allah liyané.” (Pangentasan 20:​3, 23; 23:24) Pas bangsa Israèl nyembah allah-allah liya, ”Yéhuwah dadi nesu banget”.​—Wilangan 25:3; Kaimaman 20:2; Para Hakim 2:​13, 14.

Nganti saiki, Gusti Allah ya ora seneng nèk awaké dhéwé nyembah ”sing disebut allah”. (1 Korintus 8:​5, 6; Galatia 4:8) Wong sing nyembah Yéhuwah ora éntuk bergaul karo sing nyembah allah-allah palsu. Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu metu lan misah saka wong-wong kuwi.” (2 Korintus 6:​14-​17) Nèk nganti Gusti Allah ngomong kaya ngono, kuwi berarti ora kabèh agama disenengi Gusti Allah.

2. Ngaku nyembah Gusti Allah tapi ajaran karo kelakuané ora bener

Mbiyèn bangsa Israèl nyembah Gusti Allah, tapi cara ibadahé kaya wong-wong sing nyembah allah palsu. Yéhuwah ora seneng karo ibadah sing kaya ngono. (Pangentasan 32:8; Pangandharing Torèt 12:​2-4) Yésus nyenèni para pemimpin agama sing kétoké tenanan nyembah Gusti Allah tapi kelakuané ora kaya sing dikarepké Gusti Allah. Wong-wong kuwi ”nyepèlèkké apa waé sing luwih penting ing Taurat, yaiku keadilan, rasa mesakké, lan kesetiaan”.​—Matius 23:23.

Agama sing disenengi Gusti Allah ngajarké sing bener. Sing bener kuwi ana ing Alkitab. (Yohanes 4:​24; 17:17; 2 Timotius 3:​16, 17) Agama sing ajarané ora sesuai karo Alkitab kuwi ora disenengi Gusti Allah. Contoné ajaran Tritunggal, neraka, lan ajaran nèk arwahé wong mati isih gentayangan. Akèh sing ngira nèk kuwi asalé saka Alkitab, tapi sakjané saka wong-wong sing nyembah allah-allah palsu. Agama sing kaya ngono kuwi ora ana gunané soalé mung ajarané manungsa, dudu sing dikarepké Gusti Allah.​—Markus 7:​7, 8.

Gusti Allah sengit karo wong sing ngakuné nyembah Gusti Allah tapi kelakuané ora bener. (Titus 1:​16) Wong sing agamané bener cedhak karo Gusti Allah. Tingkah lakuné apik lan ora mung kétok ngibadah thok. Menurut Alkitab, ”Nèk ana wong sing rumangsa nyembah Gusti Allah, ning dhèwèké ora isa ngendhalèni ilaté, wong kuwi ngapusi dhèwèké dhéwé lan ibadahé ora ana gunané. Kanggoné Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, ibadah sing suci lan ora najis kuwi kaya ngéné: ngopèni anak yatim piatu, ngopèni para randha sing sengsara, lan ngedohi tumindak sing najis saka donya iki.” (Yakobus 1:​26, 27) Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi nyebut nèk kuwi ”pangibadah kang murni”, maksudé tingkah lakuné wong-wongé sesuai karo sing dikarepké Gusti Allah.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ditulis ing Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim