PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 42
  • Apa Ngomong Kasar Kuwi Mémang Salah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Ngomong Kasar Kuwi Mémang Salah?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kuis
  • Ngomong kasar kuwi salah
  • Carané bèn ora ngomong kasar manèh
  • Carané Nggawé Yéhuwah Seneng Liwat Omongan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Ora Seneng karo Aku?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Omongané Njenengan Isa ”Dadi Conto” kanggo Wong Liya?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 42
Cah lanang sing ora seneng pas krungu cah-cah wédok ngomong kasar.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Ngomong Kasar Kuwi Mémang Salah?

”Aku wis biasa krungu wong ngomong kasar. Dadi aku biasa waé.”​—Christopher, 17.

”Kèt cilik aku wis biasa ngomong kasar. Aku péngin isa ora ngomong kasar manèh tapi kuwi angèl.”​—Rebecca, 19.

  • Kuis

  • Ngomong kasar kuwi salah

  • Carané bèn ora ngomong kasar manèh

  • Kandhané kanca-kancamu

Kuis

  • Piyé perasaanmu wektu wong liya ngomong kasar?

    • Biasa waé.

    • Kadhang aku risi, tapi ora masalah.

    • Aku ora seneng.

  • Apa kowé sering ngomong kasar?

    • Ora tau

    • Kadhang-kadhang

    • Sering

  • Menurutmu ngomong kasar kuwi salah apa ora?

    • Ora

    • Salah

Ngomong kasar kuwi salah

Apa ngomong kasar kuwi salah? Mungkin menurutmu ora, soalé kabèh wong ya ngomong kasar lan kuwi ya dudu kejahatan.

Tapi sakjané ora kabèh wong ngomong kasar. Apa alesané?

  • Nèk ngomong kasar wong liya isa ngerti sipatmu. Saka omonganmu wong liya isa ngerti kowé kuwi sipaté kaya apa. Nèk kowé ngomong kasar, wong liya isa nganggep nèk kowé kuwi ora perduli karo perasaané wong liya. Apa gelem kowé dianggep kaya ngono?

    Ayat: ”Kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati.”​—Matius 15:18.

    Cah-cah enom sing ora seneng karo kancané sing ngomong kasar, soalé ngomong kasar kuwi kaya polusi.

    Ngomong kasar kuwi kaya polusi sing isa ngrusak pikiranmu lan wong liya.

  • Nèk ngomong kasar wong liya isa mikir èlèk soal kowé. Menurut buku Cuss Control, ”nèk ora ngomong kasar awaké dhéwé isa éntuk kanca sing apik, dihargai karo keluarga lan kanca kerja, dadi pengaruh sing apik kanggo wong liya, éntuk gawéan utawa munggah jabatan, lan diajèni karo wong sing ora dikenal. Dadi nèk ora ngomong kasar, hubungané awaké dhéwé karo wong liya isa luwih apik”.

    Ayat: ”Aja nganti kowé . . . ngrèmèhké.”​—Éfésus 4:31.

  • Nèk ngomong kasar kowé ora kétok luwih kerèn. Dr. Alex Packer, sing nulis buku How Rude! ngomong, ”Akèh sing ora seneng karo wong sing ngomong kasar.” Dhèwèké ya ngomong, ”Nèk ngomong kasar kuwi ora nggawé wong kétok pinter, kerèn, utawa perduli karo wong liya. Nèk ngomong kasar, kuwi ana pengaruhé kanggo pikirané awaké dhéwé.”

    Ayat: ”Aja nganti kowé ngomong sing ora apik.”​—Éfésus 4:​29.

Carané bèn ora ngomong kasar manèh

  • Nggawé rencana. Kowé isa nyoba ora ngomong kasar kira-kira sesasi, terus coba catheten ing tabèl utawa kalènder. Tapi bèn kebiasaan kuwi bener-bener isa ilang, ana cara liyané manèh. Misalé:

  • Menghindari hiburan sing isa nggawé awaké dhéwé ngomong kasar. Ing Alkitab disebutké, ”Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.” (1 Korintus 15:33) Sing dimaksud ”bergaul” kuwi ora mung pas ketemu wong langsung. Tapi ya pas awaké dhéwé nonton film, dolanan video games, lan ngrungokké musik. Kenneth sing umuré 17 taun ngomong, ”Biasané nèk ana lagu sing énak, wong-wong bakal tetep ngrungokké meskipun ngerti nèk ana lirik sing kasar ing lagu kuwi.”

  • Dadi wong sing déwasa. Ana sing ngomong kasar bèn dianggep wis déwasa. Tapi sakjané ora kaya ngono. Menurut Alkitab, wong sing déwasa kuwi ”nggunakké pikirané . . . bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah”. (Ibrani 5:​14) Dadi, wong sing wis déwasa ora mungkin ngomong kasar mung bèn dialem wong liya.

Ngomong kasar kuwi isa ngrusak pikiranmu lan wong liya. Wis akèh wong sing ngomong kasar. Dadi menurut buku Cuss Control, ”aja mèlu-mèlu ngomong kasar. Kowé kudu dadi pengaruh sing apik kanggo wong liya. Nèk ora ngomong kasar kowé bakal luwih bahagia lan wong liya ya bakal seneng karo kowé”.

KANDHANÉ KANCA-KANCAMU

Jared

”Ngomong kasar kuwi ora nggawé kowé luwih kerèn. Nèk kowé terus-terusan ngomong kasar, wong liya bakal nganggep kowé bodho.”​—Jared.

Jennifer

”Kowé isa milih arep ngomong kasar apa ora. Mungkin kuwi ora gampang. Dadi sakdurungé ngomong kowé kudu mikir dhisik. Kowé mesthi isa ora ngomong kasar manèh.”​—Jennifer.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim