Watch Tower Bible and Tract Society Kuwi Apa?
Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania kuwi organisasi sing dibentuk taun 1884 lan terdaftar resmi ing negara bagian Pennsylvania, Amerika Serikat. Organisasi iki dibentuk dudu kanggo nggolèk untung, tapi kanggo ndhukung kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ing sak donya, termasuk nerbitké Alkitab lan bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab.
Tujuané organisasi iki ana hubungané karo agama, pendidikan, lan bantuan kanggo masyarakat. Tapi khususé, organisasi iki tujuané kanggo ndhukung kegiatan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah. Ora kabèh wong isa dadi anggota organisasi iki, lan meréka ora dipilih merga nyumbangé akèh. Organisasi iki mbantu Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah.
Organisasi Liyané Duwèké Seksi-Seksi Yéhuwah
Sakliyané Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania, kami ya nduwé organisasi resmi liyané sing ana ing beberapa negara. Ing beberapa negara jeneng organisasiné ana kata ”Watch Tower” utawa ”Watchtower”. Tapi ing beberapa negara liyané jenengé diterjemahké sesuai karo basa sing digunakké ing kono.a
Merga ana organisasi-organisasi iki, kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah isa lancar. Misalé:
Nggawé lan nerbitké bacaan. Kami wis nerbitké sekitar 253 juta Alkitab, lan bacaan ing 1.050 basa luwih. Kami ya nduwé situs wèb sing jenengé jw.org. Ing situs kuwi, wong-wong isa maca Alkitab ing 300 basa luwih lan artikel-artikel sing dhasaré Alkitab, misalé artikel sing judhulé ”Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?”.
Pendidikan. Ana sekolah-sekolah Alkitab sing digawé Seksi Yéhuwah, misalé Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Sekolah iki pertama kali ana taun 1943, lan sekitar 10.000 Seksi Yéhuwah wis tau mèlu sekolah iki. Ing sekolah kuwi meréka dilatih kanggo dadi utusan injil utawa ndhukung gawéan ing kantor cabangé Seksi Yéhuwah. Sakliyané kuwi, wong-wong, termasuk sing dudu Seksi Yéhuwah, ya isa éntuk naséhat sing bermanfaat ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah. Kami ya ngajari wong-wong bèn isa maca lan nulis, lan buku panduané ana ing 136 basa.
Bantuan kanggo masyarakat. Kami ya ngekèki bantuan kanggo wong-wong sing mbutuhké, misalé pas kerusuhan ing Rwanda taun 1994 lan pas ana gempa bumi ing Haiti taun 2010.
Mémang, merga ana organisasi-organisasi iki, akèh gawéané Seksi Yéhuwah isa lancar. Tapi, kami ngerti nèk tugas kanggo nginjil lan martakké kabar apik kuwi tanggung jawabé saben wong Kristen. (Matius 24:14; 28:19, 20) Kami ya yakin nèk kabèh kuwi isa berhasil merga bantuané Gusti Allah.—1 Korintus 3:6, 7.
a Ing Indonesia, organisasi iki jenengé Saksi-Saksi Yehuwa Indonesia.