PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 69
  • Kenapa Kudu Ndonga?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kenapa Kudu Ndonga?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Donga kuwi apa?
  • Apa Gusti Allah ngrungokké dongamu?
  • Apa waé sing isa didongakké?
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Menghargai Kesempatan Isa Ndonga karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 69
Wong wédok lungguh ing pinggir danau

PITAKONANÉ CAH ENOM

Kenapa Kudu Ndonga?

Menurut penelitian ing Amerika, mémang 80 persèn cah enomé padha ndonga, tapi mung separoné sing ndonga saben dina. Ana sing mikir nèk bar donga dadi ngrasa tenang, tapi apa manfaaté mung kuwi thok?

  • Donga kuwi apa?

  • Apa Gusti Allah ngrungokké dongamu?

  • Apa waé sing isa didongakké?

  • Kandhané kanca-kancamu

Donga kuwi apa?

Donga kuwi carané awaké dhéwé komunikasi karo Gusti Allah. Coba bayangna, Yéhuwah kuwi luwih hébat timbang awaké dhéwé. Ning, ”Gusti Allah kuwi sakjané cedhak karo awaké dhéwé”. (Kisah 17:27) Malah ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”​—Yakobus 4:8.

Piyé carané kowé isa cedhak karo Gusti Allah?

  • Salah sijiné, kowé isa ndonga. Kuwi berarti kowé ngomong karo Gusti Allah.

  • Cara liyané, kowé isa sinau Alkitab. Kuwi berarti Gusti Allah ”ngomong” karo kowé.

Nèk ndonga lan sinau Alkitab, berarti kowé komunikasi karo Gusti Allah. Hasilé, kowé isa tambah cedhak karo Gusti Allah.

”Isa ngomong karo Yéhuwah kuwi kehormatan sing luar biasa.”​—Jeremy.

”Nèk aku ndonga lan nyritakké perasaanku karo Yéhuwah, rasané aku dadi luwih cedhak karo Yéhuwah.”​—Miranda.

Apa Gusti Allah ngrungokké dongamu?

Meskipun kowé percaya nèk Gusti Allah kuwi ana lan kowé ya ndonga karo Gusti Allah, tapi mungkin kowé isih ora yakin nèk Gusti Allah ngrungokké dongamu. Tapi, Alkitab ngomong nèk Yéhuwah kuwi ”sing ngrungokké donga”. (Mazmur 65:2) Malah, Yéhuwah ngongkon kowé ”masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé”.​—1 Pétrus 5:7.

Kanggo dipikirké: Kowé mesthi kerep omong-omongan karo kancamu. Nah, kowé ya isa ngomong karo Gusti Allah wektu ndonga. Pas ndonga, kowé isa nyebut jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. (Mazmur 86:​5-7; 88:9) Malah, Alkitab ngongkon kowé bèn ”terus ndonga”.​—1 Tésalonika 5:​17.

”Aku isa ngobrol lan nyritakké apa waé karo Gusti Allah wektu ndonga.”​—Moises.

”Aku isa crita apa waé karo Yéhuwah, kaya lagi crita karo ibuku lan sahabatku.”​—Karen.

Apa waé sing isa didongakké?

Ing Alkitab ditulis, ”ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur.”​—Filipi 4:6.

Dadi, apa kowé isa nyritakké kabèh masalahmu marang Gusti Allah? Isa. Ing Alkitab ditulis, ”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal ndhukung kowé.”​—Mazmur 55:22.

Tapi wektu ndonga aja mung nyritakké masalahmu thok. Cah enom sing jenengé Chantelle ngomong, ”Nèk kowé mung ndonga wektu butuh bantuan thok, kowé ora bakal isa dadi sahabaté Yéhuwah. Menurutku sing paling penting kuwi kudu luwih akèh ngucap syukur karo Gusti Allah.”

Kanggo dipikirké: Apa waé sing isa mbok syukuri? Coba pikirna berkah apa waé sing wis mbok tampa saka Yéhuwah saben dina. Paling ora pikirna telu.

”Hal-hal sederhana kaya kembang sing apik, isa nggawé awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah.”​—Anita.

”Coba pikirna ciptaan utawa ayat sing mbok senengi. Terus, kowé isa ngucap syukur soal kuwi.”​—Brian.

Kandhané kanca-kancamu

Moises

”Dongané awaké dhéwé kudu jero kaya laut. Pancèn, Yéhuwah wis ngerti apa sing awaké dhéwé butuhké. Tapi, nèk nyritakké kabèh karo Yéhuwah, kuwi bukti nèk awaké dhéwé percaya karo Dhèwèké.”​—Moises.

Miranda

”Donga kuwi kaya tali sing ngubungké aku karo Yéhuwah. Wektu ndonga aku ngrasa taliné dadi luwih kuwat. Kuwi nggawé aku karo Yéhuwah dadi luwih cedhak.”​—Miranda.

Jeremy

”Awaké dhéwé isa waé ora sadhar nèk isi dongané awaké dhéwé kuwi mung njaluk thok. Padahal nèk awaké dhéwé ngucap syukur, kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kabèh sing wis Yéhuwah wènèhké. Dadi, isi dongané ora mung soal kepentingané awaké dhéwé.”​—Jeremy.

Shelby

”Nèk kerep bersyukur, awaké dhéwé bakal nduwé pikiran sing positif. Awaké dhéwé dadi ora fokus karo masalah sing lagi diadhepi, ning fokus karo berkah sing ditampa.”​—Shelby.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim