PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 4
  • Apa Makhluk Hidup Diciptakké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Makhluk Hidup Diciptakké?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Kok Isa Makhluk Hidup Ana?
  • Kok Isa Ana Akèh Jenisé?
  • Jawaban sing Bener
Topik Liyané
mrt artikel 4
Mikroskop

Apa Makhluk Hidup Diciptakké?

Njenengan bakal njawab apa?

MAKHLUK HIDUP ANA MERGA . . .

  1. ÉVOLUSI

  2. DICIPTAKKÉ

Ana sing mikir wong-wong sing seneng karo ilmu pengetahuan mesthi njawab ”évolusi”. Tapi, wong-wong sing réligius mesthi njawab kuwi ”diciptakké”.

Tapi sakjané ora mesthi ngono.

Buktiné akèh wong-wong sing seneng karo ilmu pengetahuan, termasuk para ilmuwan, ya ora yakin nèk téori évolusi kuwi bener.

Contoné, profésor éntomologi sing jenengé Gerard sing tau diajari soal évolusi pas kuliah. Dhèwèké crita, ”Wektu ujian, aku njawab sesuai karo apa sing diajari karo profésorku. Tapi sakjané aku ora percaya kuwi.”

Ngapa kok ana wong-wong sing seneng karo ilmu pengetahuan ya ora percaya nèk évolusi kuwi bener? Ayo dibahas loro iki: (1) Kok isa makhluk hidup ana? lan (2) Kok isa ana akèh jenisé?

Kok Isa Makhluk Hidup Ana?

DNA

ANA SING NGOMONG. Makhluk hidup asalé saka benda mati.

ALESANÉ ANA WONG-WONG SING ORA SETUJU. Para ilmuwan ngerti soal kimia lan struktur molekul makhluk hidup. Tapi, para ilmuwan tetep ora ngerti makhluk hidup kuwi asalé saka endi. Benda mati karo sèl makhluk hidup kuwi béda banget.

Para ilmuwan ora ngerti piyé keadaané bumi milyaran taun mbiyèn. Mula, meréka mung isa ngira-ngira saka endi asalé makhluk hidup. Ana sing ngomong nèk makhluk hidup kuwi asalé saka gunung berapi utawa saka dasar laut. Terus, ana sing percaya nèk makhluk hidup kuwi asalé saka luar angkasa lan isa tekan bumi merga mètèor. Kuwi mung marahi tambah bingung.

Para ilmuwan mikir nèk makhluk hidup kuwi asalé saka molekul sing muncul saka benda mati lan isa membelah diri. Padahal menurut penelitian, molekul sing kaya ngono kuwi ora ana lan ora isa digawé.

Makhluk hidup kuwi nduwé kode génétik sing isiné informasi. Sèl isa mrosès informasi kuwi. Para ilmuwan madhakké kode génétik kaya software komputer lan struktur kimia sèl kaya komputeré. Tapi nèk téori évolusi kuwi bener, malah tambah ora jelas informasi sing ana ing kode génétik kuwi saka endi.

Sèl kuwi butuh molekul protéin. Siji molekul protéin isiné atusan asam amino sing mbentuk struktur tiga dimènsi lan ana urutané. Para ilmuwan ngomong nèk kuwi ora mungkin ana dhéwé. Ahli fisika sing jenengé Paul Davies ngomong, ”Sèl kuwi butuh macem-macem protéin. Dadi, ora mungkin nèk kuwi kabèh ana dhéwé.”

KESIMPULAN. Hasil penelitian selama puluhan taun mbuktèkké nèk makhluk hidup kuwi dudu saka benda mati.

Kok Isa Ana Akèh Jenisé?

Bunglon sing berubah warna kaya batang pohon

ANA SING NGOMONG. Saiki ana akèh jenis makhluk hidup, termasuk manungsa, merga makhluk hidup siji ngalami mutasi acak lan selèksi alam.

ALESANÉ ANA WONG-WONG SING ORA SETUJU. Ana beberapa sèl sing luwih rumit ketimbang liyané. Menurut salah siji buku, carané sèl sing sederhana isa dadi sèl sing rumit kuwi ”mbuktèkké nèk téori évolusi kuwi salah”.

Para ilmuwan nliti ing saben sèl molekul-molekul protéin kerja sama dadi ”mesin”. Tugasé ngangkut lan ngubah zat gizi dadi ènergi, ndandani sèl, lan nggawa informasi. Nèk prosèsé rumité kaya ngono, ora mungkin kuwi ana merga mutasi acak lan selèksi alam.

Manungsa karo kéwan kuwi asalé padha-padha saka sèl telur siji sing wis dibuahi. Ing njero èmbrio, sèl membelah diri, terus bentuk lan fungsiné berubah dadi bagéan-bagéan tubuh. Tapi ing téori évolusi, ora dijelaské soal hal-hal sing rumit kuwi. Dadi, évolusi kuwi ora bener.

Para ilmuwan wis nliti nèk kéwan isa berubah jenisé nèk molekul-molekul sèlé berubah. Padahal sèl sing ”paling sederhana” waé ora mungkin ujug-ujug ana dhéwé. Dadi, ora mungkin jenis-jenis kéwan kuwi isa ana merga mutasi acak lan selèksi alam. Profésor sains biologi sing jenengé Michael Behe ngomong, ”Para peneliti wis nliti hal-hal sing rumit. Tapi ora ana bukti nèk kuwi kabèh ujug-ujug ana dhéwé.”

Manungsa kuwi isa mikir lan nduwé sipat-sipat sing apik, misalé apikan, réla berkorban, lan ngerti endi sing bener lan sing salah. Kuwi ora mungkin kelakon merga mutasi acak lan selèksi alam.

KESIMPULAN. Meskipun akèh sing ngomong nèk makhluk hidup kuwi asalé saka évolusi, tapi ya ana sing ora percaya.

Jawaban sing Bener

Merga akèh buktiné, mula wong-wong percaya nèk makhluk hidup kuwi ana sing nyiptakké lan sing nyiptakké kuwi pinter banget. Misalé, profésor filsafat sing jenengé Antony Flew. Dhèwèké mauné ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Tapi bar sinau hukum fisika soal alam semesta lan ngerti nèk rancangan makhluk hidup kuwi rumit, dhèwèké dadi percaya. Dhèwèké nulis, ”Nèk bukti-buktiné wis jelas, awaké dhéwé ya kudu percaya.” Saka bukti-bukti sing ana, Flew akhiré percaya nèk makhluk hidup kuwi ana merga diciptakké.

Gerard ya setuju karo pendapat kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Ora ana bukti nèk makhluk hidup kuwi muncul saka benda mati. Rancangané makhluk hidup kuwi rumit, tapi teratur. Makané mesthi ana sing nyiptakké lan ngrancang.”

Awaké dhéwé isa ngerti soal seniman nèk nggatèkké karya seniné. Gerard ya akhiré ngerti soal sipat-sipaté Pencipta nèk nggatèkké ciptaan. Dhèwèké ya sinau Alkitab, merga kuwi buku saka Pencipta. (2 Timotius 3:​16) Saka Alkitab, dhèwèké dadi ngerti piyé asal mulané manungsa lan piyé ngatasi masalah. Akhiré dhèwèké dadi yakin nèk sing nggawé Alkitab kuwi Pencipta sing pinter banget.

Alkitab

Kaya Gerard, njenengan ya isa maca Alkitab bèn isa éntuk akèh keterangan.

Keterangan

KETERANGAN ING ALKITAB KUWI COCOG KARO ILMU PENGETAHUAN. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu nggatèkké ciptaan. (Yésaya 40:26) Alkitab mémang dudu buku soal ilmu pengetahuan, tapi isiné cocog karo ilmu pengetahuan. Misalé, menurut Alkitab, bumi ora diciptakké selama enem dina, sing sedinané 24 jam. Tapi sakjané, kata ”dina” sing ana ing Purwaning Dumadi kuwi dawané luwih saka 24 jam.

Menurut Alkitab . . .

MAKHLUK HIDUP KUWI MESTHI ANA SING NYIPTAKKÉ. ”[Gusti Allah] sing mènèhi urip.”​—Mazmur 36:9.

GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ ”AKÈH JENIS” TANDURAN LAN KÉWAN. (Purwaning Dumadi 1:​11, 12, 21, 24, 25) Ing Alkitab, ora disebutké sepira akèhé ’jenisé’ makhluk hidup. Mula, makhluk hidup kuwi akèh jenisé, malah sak jenis waé ana akèh macemé.

MANUNGSA DIRANCANG ISA NIRU SIPAT-SIPATÉ GUSTI ALLAH. Misalé, tresna, apikan, lan adil. Gusti Allah ngomong, ”Ayo nggawé manungsa sing mirip karo awaké dhéwé, sing padha karo awaké dhéwé.”​—Purwaning Dumadi 1:​26.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim