PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 91
  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Ora Seneng karo Aku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Ora Seneng karo Aku?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa sebabé wong-wong ngupaya bèn disenengi karo kancané?
  • Sing kudu mbok ngertèni
  • Kenapa Wong Tuwaku Ora Ngijinké Aku kanggo Seneng-Seneng?
    Pitakonané Cah Enom
  • Kenapa Aku Ora Nduwé Kanca?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 91
Cah lanang sing lungguh dhèwèkan merga ora disenengi kanca-kancané

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Kanca-Kancaku Ora Seneng karo Aku?

”Kowé kudu ngupaya bèn kanca-kancamu seneng karo kowé. Nèk ora ngono, kowé ora bakal nduwé kanca, ora bahagia, lan ora nduwé masa depan. Kanca-kancamu bakal lali karo kowé, lan kowé bakal ngrasa kesepian.”​—Carl.

Kétoké kuwi berlebihan. Ning, ana wong-wong sing gelem nindakké apa waé bèn ora ngalami kaya sing dicritakké karo Carl. Apa kowé ya ngono? Artikel iki bakal mbantu kowé ngerti cara sing luwih apik bèn nduwé kanca.

  • Apa sebabé wong-wong ngupaya bèn disenengi karo kancané?

  • Sing kudu mbok ngertèni

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa sebabé wong-wong ngupaya bèn disenengi karo kancané?

  • Ora péngin diedohi. ”Saka fotoné kanca-kancaku ing média sosial, aku ngerti nèk aku ora dijak wektu kanca-kancaku lunga. Aku bingung kenapa kok aku ora dijak. Aku dadi ngrasa nèk kanca-kancaku ora seneng karo aku.”​—Natalie.

    KANGGO DIPIKIRKÉ: Apa kowé ya tau ngrasa kaya ngono? Apa kowé tau mèlu-mèlu tumindaké wong liya bèn isa ditampa karo kanca-kancamu?

  • Ora péngin kétok béda. ”Wong tuwaku ora ngijinké aku nduwé HP. Wektu kancaku njaluk nomerku lan aku ngomong nèk aku ora nduwé HP, kancaku ngomong, ’Hah? Kowé ki wis umur pira?’ Wektu aku ngomong nèk umurku wis 13 taun, aku langsung diécé karo kanca-kancaku.”​—Mary.

    KANGGO DIPIKIRKÉ: Apa wong tuwamu nduwé aturan sing nggawé kowé ngrasa béda karo liyané? Aturan apa kuwi? Piyé tanggepanmu soal aturan kuwi?

  • Ora gelem di-bully. ”Bocah-bocah ing sekolahan biasané ora seneng nèk ana bocah sing kétok béda, mbuh kuwi tumindaké, cara ngomongé, utawa malah agamané. Nèk kowé ora kaya kanca-kancamu, kowé mesthi di-bully.”​—Olivia.

    KANGGO DIPIKIRKÉ: Apa kowé tau di-bully merga kowé kétok béda? Piyé carané kowé ngatasi kuwi?

  • Ora péngin kélangan kanca. ”Aku mèlu-mèlu tumindaké kanca-kancaku. Cara ngomongku dadi béda. Aku mèlu ngguyu, padahal kuwi ora lucu. Aku ya mèlu-mèlu ngécé wong liya, padahal aku ngerti nèk wong kuwi isa dadi lara ati.”​—Rachel.

    KANGGO DIPIKIRKÉ: Nurutmu, sepira pentingé ditampa karo kanca-kancamu? Apa kowé tau mèlu-mèlu tumindaké wong liya bèn isa ditampa?

Sing kudu mbok ngertèni

  • Kuwi malah nambahi masalah. Kok isa? Merga wong isa ngerti nèk kowé mung éthok-éthok. Ana cah enom sing umuré 20 taun sing jenengé Brian ngomong, ”Wektu aku mèlu-mèlu tumindaké wong liya, aku malah ora nduwé kanca. Aku dadi ngerti nèk mèlu-mèlu tumindaké wong liya kuwi dudu pilihan sing apik merga kanca-kancaku isa ngerti nèk aku mung éthok-éthok.”

    CARA SING LUWIH APIK: Alkitab kandha, ”Pastèkna perkara-perkara endi sing luwih penting.” (Filipi 1:10) Pikirna apa sing paling penting kanggo kowé: ’Disenengi wong-wong sing nduwé pendirian sing béda karo aku, utawa tetep nduwé pendirian?’

    ”Ngupaya mèlu-mèlu tumindaké wong liya kuwi ora ana gunané. Kuwi ora bakal nggawé kowé luwih disenengi utawa nggawé kowé dadi wong sing luwih apik.”​—James.

  • Dadi ora nduwé pendirian. Kowé dadi gelem nindakké apa waé bèn isa disenengi karo wong liya. Cah enom sing jenengé Jeremy ngomong, ”Mbiyèn aku nindakké apa waé bèn isa ditampa karo kanca-kancaku, senajan kuwi nggawé réputasiku dadi èlèk. Aku dadi bonékané kanca-kancaku, kabèh-kabèh diatur karo wong-wong kuwi.”

    CARA SING LUWIH APIK: Alkitab kandha, ”Aja mèlu-mèlu wong akèh.” (Pangentasan 23:2) Kowé kudu nduwé pendirian. Aja kaya bunglon sing berubah warna kaya keadaan sekitaré.

    ”Aku ngupaya nyenengi kabèh sing disenengi kanca-kancaku. Kabèh-kabèh tak tiru mbuh kuwi musik, games, klambi, tontonan, dandanan. Ning, akhiré aku malah ngrasa sedhih lan kesepian merga kanca-kancaku ngerti nèk aku mung éthok-éthok. Aku dadi ora nduwé pendirian. Aku akhiré ngerti nèk awaké dhéwé ora mungkin isa nyenengké lan ditampa kabèh wong. Ning, kuwi ora berarti awaké dhéwé ora isa nggolèk kanca. Isa nduwé kanca sing apik lan dadi diwasa kuwi pancèn butuh wektu.”​—Melinda.

  • Mengaruhi tumindakmu. Cah lanang sing jenengé Chris nyritakké soal sepupuné. Dhèwèké ngomong, ”Bèn isa disenengi kanca-kancané, sepupuku nindakké sing ora kaya biasané. Contoné, nganggo narkoba. Sepupuku akhiré dadi kecanduan, lan kuwi mèh waé ngrusak uripé.”

    CARA SING LUWIH APIK: Aja bergaul karo wong sing omongan lan tumindaké ora apik. Alkitab kandha, ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.”​—Wulang Bebasan 13:20.

    ”Ngupaya bèn isa disenengi kanca-kancamu kuwi ora salah. Ning, nèk tumindaké kancamu salah, ya aja ditiru. Kanca sing apik kuwi bakal nampa kowé apa anané.”​—Melanie.

    Saran: Wektu nggolèk kanca, aja mung nggolèk sing nduwé hobi lan seléra sing padha. Ning, golèka sing nduwé pathokan lan keyakinan sing padha.

    Cah wédok nganggo pakaian sing ora cocog kanggo dhèwèké

    Ana pakaian sing nggawé kowé kétok èlèk. Kaya pakaian kuwi, ana wong-wong sing isa mènèhi kowé pengaruh sing èlèk

Kandhané kanca-kancamu

Emma

”Nèk kowé ora disenengi karo kanca-kancamu, coba pikirna dhisik penyebabé. Apa kuwi merga kowé nduwé pathokan lan keyakinan sing béda karo kanca-kancamu? Nèk pancèn ngono, kowé kuduné bersyukur merga ora kekancan karo wong-wong kuwi.”​—Emma.

Noah

”Ketimbang mung mikirké carané bèn isa disenengi kanca-kancamu, mendhing kowé mikirké carané bèn isa dadi wong sing luwih apik. Nèk kowé apikan, mesthi akèh sing gelem kekancan karo kowé.”​—Noah.

Dominique

”Bèn isa nduwé kanca, aku ora perlu mèlu-mèlu tumindaké wong liya. Aku mung perlu ngupaya ngertèni pandhangané kanca-kancaku lan apa sing disenengi wong-wong kuwi. Aku dadi nduwé akèh kanca sing umuré béda-béda.”​—Dominique.

Kesimpulan: Piyé nèk kanca-kancaku ora seneng karo aku?

Pikirna apa sing paling penting kanggo kowé.

Endi sing luwih penting? Disenengi wong-wong sing nduwé pendirian sing béda karo kowé, utawa tetep nduwé pendirian?

Kudu nduwé pendirian lan aja isin karo pendirianmu.

Aja kaya bunglon sing berubah warna kaya keadaan sekitaré.

Aja bergaul karo wong sing omongan lan tumindaké ora apik.

Ngupaya disenengi kanca-kancamu kuwi ora salah. Ning, nèk tumindaké kancamu salah, aja ditiru.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim