PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 8
  • Penyebab, Gejala, lan Carané Ngobati Anémia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Penyebab, Gejala, lan Carané Ngobati Anémia
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Apa Kuwi Anémia?
  • Apa sing Nyebabké Anémia?
  • Apa Gejalané Anémia Défisiènsi Besi?
  • Sapa Waé sing Isa Kena?
  • Cara Ngobati Anémia
Topik Liyané
mrt artikel 8
Ibu hamil sing lagi omong-omongan karo dokter

Penyebab, Gejala, lan Carané Ngobati Anémia

Beth ngomong, ”Kèt enom aku wis kena anémia. Kuwi nggawé aku lemes, gampang kesel, lan angèl konsèntrasi. Balung-balungku ya lara banget. Ning, aku ngrasa luwih séhat wektu ngombé suplemèn zat besi saka dokter lan njaga pola makanku.”

Akèh wong ya kena anémia. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) kandha nèk ana rong milyar wong (kira-kira 30 persèn penduduk sak donya) sing kena anémia. Ing negara berkembang, kira-kira ana 50 persèn ibu hamil lan 40 persèn balita sing kena anémia.

Anémia isa nggawé awaké dhéwé kena penyakit liyané. Beberapa wong sing kena anémia isa lara jantung lan malah gagal jantung. WHO kandha nèk anémia dadi penyebab 20 persèn kematian ibu hamil ing beberapa negara. Bayi sing lair saka ibu sing kena anémia défisiènsi besi (jenis anémia sing paling umum) isa lair prématur lan kuru. Pertumbuhan bocah sing lara anémia bakal luwih suwé, lan badané bocah kuwi ya gampang kena infèksi. Ning, anémia défisiènsi besi isa dicegah lan diobati.a

Apa Kuwi Anémia?

Anémia kuwi penyakit. Wong-wong sing lara anémia ora nduwé cukup sèl darah merah sing séhat. Penyebabé anémia ya ana akèh. Para ilmuwan wis nliti nèk ana luwih saka 400 jenis anémia. Wong sing lara anémia kuwi ana sing parah lan ana sing ora. Ana sing suwé lan ana sing mung sedhéla.

Apa sing Nyebabké Anémia?

Sing nyebabké anémia kuwi ana telu:

  • Kurang sèl darah merah merga kélangan getih.

  • Tubuh ora ngasilké sèl darah merah séhat sing cukup.

  • Tubuh ngrusak sèl darah merah.

Wong-wong biasané luwih kerep kena anémia défisiènsi besi ketimbang jenis anémia sing liyané. Kuwi merga tubuh kurang zat besi sing isa ngasilké hémoglobin sing cukup. Hémoglobin kuwi bagéan sèl darah merah sing fungsiné kanggo nggawa oksigén.

Apa Gejalané Anémia Défisiènsi Besi?

Wong-wong sing kena anémia isa waé ora sadhar. Gejalané isa macem-macem. Misalé:

  • Kesel banget

  • Tangan lan sikilé kadhemen

  • Lemes

  • Kulité pucet

  • Mumet

  • Dhadhané lara, detak jantungé banter, sesak napas

  • Kukuné rapuh

  • Bayi lan bocah-bocah biasané ora doyan mangan

  • Péngin banget mangan ès batu, tepung, lan tanah

Sapa Waé sing Isa Kena?

Wong wédok gampang kena anémia défisiènsi besi merga kélangan getih wektu mènstruasi. Ibu hamil ya isa kena anémia nèk kurang vitamin B, folat, lan asam folat.

Bayi sing lairé prématur utawa kuru sing ora éntuk akèh zat besi saka ASI utawa susu formula.

Bocah-bocah sing panganané ora séhat.

Vegetarian sing panganané kurang zat besi.

Wong-wong sing nduwé penyakit parah, kaya kelainan getih, kanker, gagal ginjal, pendarahan ing lambung, utawa infèksi liyané.

Cara Ngobati Anémia

Ora kabèh jenis anémia kuwi isa dicegah lan diobati. Ning, anémia merga kekurangan zat besi lan vitamin isa dicegah lan mari merga mangan panganan sing isiné:

Zat besi. Ana ing daging, kacang-kacangan, lan sayuran sing wernané ijo tuwa.b Njenengan ya isa masak nggunakké alat-alat saka wesi, merga nurut penelitian kuwi isa nambah zat besi ing panganan sing lagi dimasak.

Folat. Ana ing buah-buahan, sayuran sing wernané ijo tuwa, kèju, endhog, iwak, kacang polong, kacang merah, kacang almond, lan kacang tanah. Folat ya ana ing produk gandum sing akèh vitamin, misalé roti, séréal, pasta, lan sega. Vitamin sintètik saka folat kuwi asam folat.

Vitamin B-12. Ana ing daging, produk susu, séréal sing bergizi, lan produk kacang kedelai.

Vitamin C. Ana ing kabèh jenis jeruk, paprika, brokoli, tomat, mélon, lan stroberi. Vitamin C sing ana ing panganan kuwi mbantu tubuh nyerep zat besi.

Ibu hamil sing lagi nyiapké panganan sing séhat

Panganan ing saben dhaérah kuwi béda-béda. Njenengan kudu ngerti panganan apa waé ing dhaérahé njenengan sing isa nyukupi kebutuhan gizi. Dadi, ibu hamil lan wong wédok sing kepéngin nduwé anak kudu nggatèkké soal iki. Nèk njenengan séhat, bayiné njenengan mungkin ora kena anémia.c

a Katrangan soal jenis panganan lan katrangan liyané sing ana ing artikel iki sumberé saka Mayo Clinic lan The Gale Encyclopedia of Nursing and Allied Health. Njenengan isa priksa ing dokter nèk ngrasa lara anémia.

b Aja ngombé suplemèn zat besi utawa mènèhké kuwi kanggo anaké njenengan sing isih cilik nèk ora ana resèp dokter. Kakèhan zat besi isa ngrusak hati lan nyebabké masalah liyané.

c Ana dokter sing ngobati pasièn anémia nggunakké transfusi darah. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora gelem nampa transfusi darah.​—Kisah 15:28, 29.

Cara Kerjané Sèl Darah Merah

Kira-kira ana 25 triliun sèl darah merah ing tubuhé njenengan. Sèl darah merah digawé ing sumsum tulang. Sèl darah merah sing ana ing aliran darah nggawa oksigén saka paru-paru kanggo seluruh tubuh. Merga cilik lan lentur, sèl darah merah isa mlebu ing pembuluh darah sing paling cilik ing tubuh sing disebut kapiler. Sakwisé nggawa oksigén, sèl darah merah nggawa karbon dioksida ing paru-paru. Karbon dioksida bakal dibuwang wektu awaké dhéwé ambegan. Terus sèl darah merah nggawa oksigén sing lagi waé mlebu wektu awaké dhéwé ambegan, lan siklus iki terus berulang. Umuré sèl darah merah kuwi kira-kira 120 dina. Sakwisé kuwi, sèl darah merah dipisah-pisah ing hati. Beberapa bagéan ing sèl darah merah, termasuk zat besi, bakal didaur ulang.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim