PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbv artikel 22
  • Yohanes 16:33—”Aku Wus Ngalahaké Donya”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yohanes 16:33—”Aku Wus Ngalahaké Donya”
  • Penjelasan Ayat Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Artiné Yohanes 16:33
  • Latar Belakangé Yohanes 16:33
  • Yohanes 14:6—”Aku Iki Dalané, sarta Jatiné Kayektèn lan Kauripan”
    Penjelasan Ayat Alkitab
  • Tirunen Yésus Bèn Isa Tetep Ngrasa Ayem
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • ”Kuwatna Atimu! Aku wis ngalahké donya”
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • ”Kowé Dudu Bagéan saka Donya”
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
Delok Kabèh
Penjelasan Ayat Alkitab
ijwbv artikel 22

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Yohanes 16:33—”Aku Wus Ngalahaké Donya”

”Kuwi kabèh tak omongké marang kowé supaya kowé ngrasakké kedamaian merga aku. Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, ning aja wedi. Aku wis ngalahké donya.”—Yohanes 16:33, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

”AnggonKu mulangaké iku mau kabèh marang kowé iku, supaya kowé padha olèha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowé padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahaké donya.”—Yohanes 16:33, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Yohanes 16:33

Yésus péngin nguwatké murid-muridé bèn padha yakin nèk isa nyenengké Gusti Allah meskipun dimungsuhi wong akèh.

”Kuwi kabèh tak omongké marang kowé supaya kowé ngrasakké kedamaian merga aku.”a Nèk maca kata-kata berikuté, murid-muridé Yésus isa ngrasakké kedamaian kuwi ora berarti ora nduwé masalah. Tapi, kuwi berarti isa tetep ngrasa tenang lan ayem merga diwènèhi roh suci. Roh suci, sing dadi ”penolong”, isa mbantu murid-muridé Yésus tetep setya meskipun ngadhepi akèh masalah.—Yohanes 14:16, 26, 27.

”Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, ning aja wedi.” Yésus ngandhani nèk murid-muridé bakal dimungsuhi lan dianiaya. (Matius 24:9; 2 Timotius 3:12) Tapi, murid-muridé ora perlu ”wedi”.—Yohanes 16:33.

”Aku wis ngalahké donya.” Kata ”donya” kuwi maksudé wong-wong sing ora manut karo Gusti Allah.b Ing 1 Yohanes 5:19 disebutké nèk ”donya iki dikuwasani Sétan”. Dadi, wong-wong kuwi kelakuané ora padha kaya sing dikarepké Gusti Allah.—1 Yohanes 2:15-17.

Gusti Allah ngongkon Yésus nginjil lan mati dadi tebusan. Tapi, Sétan lan pengikuté berusaha bèn Yésus ora nglakoni sing dikarepké Gusti Allah. (Matius 20:28; Lukas 4:13; Yohanes 18:37) Tapi, Yésus tetep manut lan setya karo Gusti Allah nganti mati.

Makané, Yésus isa ngomong nèk wis ngalahké donya, lan Sétan, ”penguasa donya iki”, ”ora isa nguwasani” Yésus.—Yohanes 14:30.

Yésus dadi conto kanggo murid-muridé nèk isa tetep setya meskipun dianiaya. Kuwi padha waé Yésus ngomong, ”Nèk aku ngalahké isa ngalahké donya, kowé ya mesthi isa.”

Latar Belakangé Yohanes 16:33

Iki kata-katané Yésus pas bengi sakdurungé dhèwèké mati. Dhèwèké péngin nguwatké rasul-rasulé. Yésus ngandhani nèk rasul-rasulé ora bakal ketemu dhèwèké manèh, malah bakal dianiaya lan dipatèni. (Yohanes 15:20; 16:2, 10) Makané bèn rasul-rasulé ora wedi, Yésus nguwatké nganggo kata-kata sing ditulis ing Yohanes 16:33.

Saka kata-kata iki, murid-muridé Yésus jaman saiki ya isa yakin nèk isa tetep setya meskipun dianiaya.

a Istilah Yunani ”merga aku” ya isa diterjemahké dadi ”nèk bareng karo aku”. Kuwi berarti murid-muridé Yésus isa terus ngrasakké kedamaian nèk terus dadi muridé Yésus.

b Kata ”donya” ing ayat iki artiné padha karo kata ”donya” ing Yohanes 15:19 lan 2 Pétrus 2:5.

Wacanen Yohanes bab 16 karo cathetan ngisor lan réferènsi silangé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim