VIRGILIJUS PUDŽIUVYS | PENGALAMAN
Yéhuwah Selalu Mbantu Aku
Keluargaku seneng banget pas tante karo omku niliki kami ing taun 1976. Wektu kuwi omku lagi sinau karo Seksi Yéhuwah terus crita karo wong tuwaku nèk meréka sinau akèh hal menarik saka Alkitab. Dhèwèké crita omongané Yésus soal pemimpin agama ing jamané sing dicathet ing Matius bab 23. Terus omku ya nyebutké nèk pemimpin agama jaman saiki kuwi ya padha karo pemimpin ing jamané Yésus. Ibuku sing agamané Katolik ora langsung percaya karo omongané omku, mula ibu mutuské kanggo sinau dhéwé langsung saka Alkitab.
Kami manggon ing Lituania. Wektu kuwi Lituania isih dadi bagian saka Uni Soviet. Merga pemerintah nglarang kebébasan kanggo ibadah, mung sithik sing nduwé Alkitab. Dadi ibu nyilih Alkitab saka gréjané, terus maca kuwi lan mbuktèkké dhéwé nèk Yésus mémang ora seneng karo pemimpin agama ing jamané. Ibuku dadi penasaran lan péngin ngerti luwih akèh soal isiné Alkitab. Terus dhèwèké éntuk publikasiné Seksi Yéhuwah saka sedulur sing mbantu omku sinau Alkitab.
Ora suwé bar kuwi, kami sak keluarga mulai teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Tapi merga wektu kuwi gawéané Seksi Yéhuwah isih dilarang, pertemuan ibadahé pindhah-pindhah malah pernah ing hutan. Ibuku dibaptis taun 1978 bareng karo aku lan kembaranku, Danguolé. Pas kuwi umuré kami 15 taun. Beberapa taun bar kuwi bapakku ya dibaptis.
Aku lan kembaranku, Danguolė, pas umuré kami patang taun
Yéhuwah Mbantu Pas Aku Isih Enom
Sesasi bar dibaptis, aku karo Danguolé éntuk tantangan ing sekolah. Pas ana acara ing aula, guru-guru nggatèkké nèk kami ora gelem ngadeg kanggo nyanyi lagu nasional. Bar kuwi meréka nglaporké kami ing kepala sekolah. Terus dhèwèké ngandhani agèn rahasia KGB sing bar kuwi mara ing omah lan nginterogasi kami.
Kadhang ya ana masalah merga kami ora setuju karo ajaran atéis. Misalé pas kami umur 16, kami éntuk tugas sekolah kanggo njelaské téma soal ”Ngapa Aku Ora Percaya karo Gusti Allah.” Tapi merga aku ora setuju karo téma kuwi, aku nulis ”Aku percaya karo Gusti Allah.” Terus pas guruku ndelok kuwi dhèwèké dadi nesu terus ngomong, ”Saiki tulisen ngapa kok kowé percaya.” Kami dadi seneng merga isa njelaské kepercayaané kami. Terus ana loro kancaku sing ndelok tulisané kami. Akhiré meréka ya nulis ngapa meréka percaya karo Gusti Allah. Kuwi salah siji conto nèk Yéhuwah mbantu kami.—1 Korintus 10:13.
Pernah ana sing nyilihi kami salinan buku Dari Firdaus Hilang sampai Firdaus Dipulihkan, sing diterbitké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Pas kuwi ing Lituania jumlahé buku mau mung ana papat utawa lima thok. Aku karo Danguolė péngin banget nduwé bukuné. Mula kami nyalin buku kuwi. Tangané kami nganti kemeng. Tapi kami seneng isa terus maca kuwi bola-bali kanggo nguwatké imané kami.
Taun 1982, pas umurku 19, merga ora gelem mèlu wajib militèr aku dihukum penjara selama rong taun. Manggon ing penjara karo penjahat liyané kuwi ora gampang. Tapi aku bersyukur merga kadhang isa ketemu karo sedulur liyané sing dipenjara ing kono. Akhiré aku bébas tapi beberapa taun bar kuwi aku dipenjara manèh.
Nduwé Bojo sing Sayang Yéhuwah
Aku karo Lidija sakdurungé hari pernikahané kami
Sakwisé dibébaské saka penjara taun 1984, aku nikah karo Lidija, sedulur wédok sing asalé saka Ukraina. Sakwisé nikah, Lidija pindhah ing Lituania bareng karo aku. Dhèwèké kuwi sayang banget karo Yéhuwah. Keluargané ya wis dadi Seksi Yéhuwah. Mulané kèt cilik dhèwèké ngalami tantangan ing sekolah. Tapi dhèwèké isa tetep kendel merga ngrenungké pengalamané sedulur-sedulur sing tau dipenjara ing kamp konsèntrasi Nazi utawa sing ditawan ing Sibèria.
Selama taun 1980-an, kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ing Lituania isih dilarang. Dadi nèk ana sedulur seiman sing nikah kuwi dadi kesempatan kanggo nganakké kebaktian sing suwéné rong dina. Nah pas kami nikah ya kaya ngono. Sing teka padha ngucapké selamat karo kami. Terus kami ngrungokké beberapa ceramah, nyanyi lagu-lagu kerajaan, lan nonton papat drama. Pas kuwi kira-kira ana 450 wong sing teka, termasuk keluargané kami saka kabèh wilayah ing Uni Soviet. Bahkan sedulur-sedulur ngerti nèk ana beberapa agèn KGB sing teka.
Acara pernikahané kami dadi kesempatan kanggo nganakké kebaktian selama rong dina. Pas kuwi sing nikah ana rong pasang, soalé sepupuku ya nikah bareng karo aku
Diadili Manèh
Nèk ana Seksi Yéhuwah sing wis dibébaské saka penjara ning tetep ora gelem mèlu-mèlu urusan politik, biasané dhèwèké dipenjara manèh. Dadi beberapa bulan sakwisé nikah, aku diadili manèh. Pas kuwi Lidija lagi meteng, dhèwèké dirawat ing rumah sakit cedhak kono. Tapi aku ora éntuk niliki. Nah biasané pas jam istirahat, aku bakal lunga ing rumah sakit terus ngadeg ing cedhak jendhéla kamaré Lidija. Dadi kami isa saling nguwatké. Akhiré pengadilan mutuské hukuman telung taun penjara kanggo aku.
Kami sedhih banget, soalé rong dina bar kuwi Lidija keguguran. Dhèwèké ngomong nèk atiné kaya diiris-iris. Tapi ora mung kuwi, Lidija ya kudu nggawé akèh penyesuaian soalé bar pindhah ing negara liya. Dhèwèké kudu manggon karo wong tuwaku sing ora patia paham basa sing digunakké Lidija, yaiku basa Ukraina lan Rusia. Tapi Lidija selalu ngendelké Yéhuwah. Wong tuwaku ya selalu menghibur lan nyemangati dhèwèké.
Terus Ngrasakké Bantuané Yéhuwah
Merga wis tau dipenjara, aku dadi ngerti kudu piyé bèn tetep semangat. Salah siji carané yaiku terus nginjil. Kanggo tekan ing penjara, biasané para tahanan ditumpakké sepur utawa kendaraan liyané. Nah, kendaraan sing kapasitasé lima nganti enem wong biasané diisi 15 nganti 20 tahanan. Kuwi dadi kesempatan aku isa nginjil karo para tahanan liyané. Aku isa njelaské ngapa kok aku dipenjara. Alesané ya merga aku ora mèlu perang lan ora mèlu-mèlu urusan politik. Aku ya njelaské ngapa kok aku percaya nèk Gusti Allah kuwi ana.
Aku dipenjara ing Marijampolė.a Kétoké ing antara 2.000 tahanan ing kono, mung aku sing Seksi Yéhuwah. Ing kono wis biasa nèk ana tahanan sing diancam, digebugi, utawa malah dipatèni karo tahanan liyané. Tapi aku mung pisan digebugi. Selama ing penjara, aku ya berusaha menghibur tahanan liyané. Meréka ora tau ngrasakké kuwi, soalé wong-wong ing penjara biasané padha kasar.
Agèn KGB ya berusaha mengaruhi aku. Meréka isa ngerti apa sing diomongké keluargaku ing omah. Terus kuwi ya dicritakké ing aku. Tapi, critané ditambah-tambahi seolah-olah keluargaku ora rukun lan béda pendapat. Mémang aku ora isa mastèkké kebenarané, tapi aku ora pernah percaya karo critané agèn KGB kuwi. Nah sakwisé aku dibébaské saka penjara, aku lagi ngerti nèk mémang agèn KGB kuwi ngapusi.—Matius 10:16.
Ana sedulur wédok sing jaluk tulung karo tanggané sing dadi penjaga penjara. Dhèwèké njaluk tulung bèn isa nylundupké Alkitab basa Rusia kanggo aku. Nah, pas bengi aku bakal nyalin beberapa ayat saka Ceramahé Yésus ing Gunung. Ésuké pas kerja ing penjara, pas ana kesempatan aku isa maca ayaté bola-bali. Meskipun aku ora patia lancar basa Rusia, tapi merga bola-bali maca aku dadi isa apal karo ayat-ayaté. Sayangé, bar kuwi ana penjaga penjara sing ngonangi nèk aku nduwé Alkitab, terus Alkitabku disita. Untungé aku wis apal ayat-ayat sing pernah tak waca.
Lidija ya terus ndhukung aku. Dhèwèké kerep banget ngirimi aku surat. Tapi aku mung diijinké kanggo mbales suraté sesasi ping pindho. Lidija kandha nèk surat-surat sing tak kirim mbantu dhèwèké yakin nèk aku isih urip, aku isih setya karo Yéhuwah, lan aku tetep sayang karo Lidija.
Yéhuwah Njawab Dongaku
Pas kuwi, pernah ana kumpulan tahanan sing démo njaluk bèn para tahanan kerjané luwih pénak. Meréka bahkan nganti mogok kerja. Akhiré para tahanan sing mbrontak mau dihukum. Bar kuwi, ana penjaga penjara sing ngandhani nèk aku lan beberapa tahanan liyané bakal ditugaské kanggo nggantèni gawéané para tahanan sing mbrontak mau.
Nèk aku nolak tugas kuwi, aku bakal dihukum. Tapi nèk tak tampa, tahanan liyané bakal nganggep aku pengkhianat, terus meréka isa nggebugi utawa matèni aku. Pas kuwi aku bingung banget, aku ora ngerti kudu piyé. (2 Babad 20:12) Mulané, aku bola-bali ndonga njaluk bantuané Yéhuwah.
Bar kuwi, ana tahanan sing sak kelompok karo aku ngejak nemoni petugas sing ngawasi kami kerja. Asliné tahanan iki ora patia cedhak karo aku. Tapi dhèwèké njaluk bèn aku ora dipindhah. Malah dhèwèké nganti padu karo pengawasé kami. Akhiré petugas kuwi setuju nèk aku ora bakal dipindhah. Padahal biasané, dhèwèké ora tau gelem ngowahi keputusané. Aku ngrasa iki jawaban saka dongaku. (2 Pétrus 2:9) Selama ing penjara aku ora tau ndelok ana tahanan sing gelem mbantu tahanan liyané. Mula saka pengalamanku, aku ngerti nèk Yéhuwah isa nggunakké sapa waé kanggo mbantu awaké dhéwé.
Yéhuwah Mbantu Lidija
Selama aku ing penjara, Lidija kudu nggolèk gawéan kanggo nyukupi kebutuhané. Tapi ora ana sing gelem ngekèki dhèwèké gawéan merga ngerti nèk aku dipenjara. Meréka wedi nèk kudu urusan karo agèn KGB. Tapi akhiré dhèwèké éntuk gawéan ing tempat penitipan anak. Dhèwèké kudu jaga 30 anak selama 12 jam. Kuwi mesthi kesel banget. Tapi Yéhuwah selalu ngekèki dhèwèké kekuwatan kanggo kerja saben dina. Terus sedulur-sedulur saka Lituania ya kadhang teka kanggo niliki Lidija, meskipun perjalanané adoh banget. Meréka ngancani Lidija, menghibur dhèwèké, lan nggawakké publikasi basa Rusia kanggo dhèwèké.
Keluargaku Terus Nglayani Yéhuwah
Sakwisé dibébaské, aku mbantu gawéan kanggo nerjemahké publikasi ing basa Lituania. Pas kuwi kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang. Tapi beberapa taun bar kuwi, Uni Soviet bubar lan pemerintah ngijinké kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ing Lituania. Akhiré ana kantor penerjemahan Lituania. Meskipun perjalanané sekitar siji setengah jam saka omahku, tapi selama limang taun, aku terus mbantu gawéan penerjemahan ing kono.
Sasi Agustus 1997, Lidija karo aku éntuk undangan kanggo nglayani ing kantor cabang ing Lituania. Kami seneng banget éntuk undangan kuwi. Wektu kuwi kami nduwé anak loro, Oksana sing umuré sangang taun lan Svajūnė sing umuré limang taun. Kami dikèki wektu telung dina kanggo pindhah ing apartemèn cedhak Bètel lan kanggo ndaftarké Oksana pindhah sekolah.
Kami berusaha bèn ibadah keluargané nyenengké, ing gambar iki kami dadi Ahaswéros, Èster, lan Mordekai
Piyé carané kami isa terus nglayani ing Bètel lan ya nggatèkké anak-anak? Saben ésuk aku mangkat dhisik ing kantor Bètel. Terus Lidija nyusul sakwisé ngeterké anak-anak mangkat sekolah. Lidija bakal mulih omah sakdurungé anak-anak bali sekolah. Dadi anak-anak tetep ngrasa digatèkké.
Kami nganggo pakaian tradhisional Lituania pas penahbisan kantor cabang Lituania taun 2003
Saben Jumat bengi kami masak, ngresiki omah, nganakké ibadah keluarga, lan ngumpul bareng. Kami kadhang jalan-jalan ing gunung, pantai, utawa ngunjungi kantor Bètel liyané ing wilayah Eropa. Kuwi kesempatan kanggo anak-anak isa sinau saka ciptaané Yéhuwah lan isa ngrasakké paseduluran sakdonya. Kami seneng banget merga meréka mutuské kanggo dadi perintis biasa pas umuré 15 taun. Saiki, Oksana lan bojoné, Jean-Benoit, nglayani ing kantor penerjemahan jarak jauh basa Lituania. Terus Svajūnė lan bojoné, Nicolas, nglayani ing kantor cabang Perancis.
Aku karo Lidija isa terus bareng-bareng nglayani Yéhuwah merga kèt mbiyèn kuwi hal sing paling penting kanggo kami. (Éfésus 5:31; Pengkhotbah 4:12) Meskipun selama bertaun-taun ana akèh masalah sing kudu kami adhepi, ning selalu ana ”jalan keluar.” (2 Korintus 4:8, 9) Kami wis bola-bali ngrasakké carané Yéhuwah mbantu kami lan kami yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu kami.
Karo bojoku, Lidija
a Kèt taun 1955 nganti 1990 jenengé Kapsukas.