PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 4
  • 1 Setya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Setya
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis
    Bantuan kanggo Keluarga
  • 3 Menghargai
    Gatèkna!—2018
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
    Gatèkna!—2021
  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan
    Bantuan kanggo Keluarga
Delok Kabèh
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 4
Merga nganggo jangkar, kapal ora hanyut pas badai

Nèk ana jangkar, kapal ora bakal hanyut meskipun ana badai. Nèk tetep setya, suami istri ora bakal pegatan meskipun ana masalah

KANGGO SUAMI ISTRI

1 Setya

MAKSUDÉ

Pernikahan kuwi kanggo seumur hidup. Makané, wong sing wis nikah kudu setya karo bojoné. Nèk loro-loroné setya, suami istri bakal ngrasa tenang merga ngerti nèk pasangané ora bakal ninggalké meskipun ana masalah.

Suami istri kuduné tetep setya merga sayang karo bojoné, dudu merga wedi nggawé kanca utawa keluargané kecéwa.

AYAT: ”Wong lanang ya ora éntuk ninggalké bojoné.”​—1 Korintus 7:11.

”Merga wis janji bakal setya, mesthi ora bakal kepikiran arep njaluk cerai. Pas ana masalah, suami istri mesthi gelem minta maaf lan gelem ngampuni.”​—Micah.

NGAPA KOK PENTING

Nèk suami istri wis ora setya, mesthi bakal golèk-golèk cara bèn isa pegatan.

”Akèh wong saiki mikir nèk nikah terus ana masalah, mengko tinggal pegatan waé. Nèk mikir ngono, kuwi berarti janjiné karo bojoné ora tenanan.”​—Jean.

KUDU PIYÉ

PIKIRNA

Pas ana masalah . . .

  • Apa aku nyesel wis nikah karo bojoku?

  • Apa aku malah péngin nikah karo wong liya?

  • Apa aku tau ngomong, ”Wis awaké dhéwé cerai waé. Aku butuh wong sing isa luwih menghargai aku”?

Nèk jawabané iya, njenengan kudu éling nèk wis janji bakal setya karo bojoné njenengan.

BAHASEN KARO BOJO

  • Apa awaké dhéwé wis mulai lali karo janji setyané awaké dhéwé pas nikah? Nèk iya, kok isa ngono?

  • Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa terus setya?

SARAN

  • Coba nggawéa surat cinta kanggo bojoné njenengan

  • Pajangen fotoné bojoné njenengan ing méja kerja

  • Nèk lagi kerja utawa lagi lunga, kudu ngabari bojoné njenengan

AYAT: ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—Matius 19:6.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim