PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 13
  • 10 Isa Dipercaya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 10 Isa Dipercaya
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • Percaya karo Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Terus Jujur
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Carané Bèn Dadi Wong sing Isa Dipercaya?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • ”Jujur ing Kabèh Perkara”
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Delok Kabèh
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 13
Mbak-mbak mbayar utang ing bank

Nèk kowé mbayar utang tepat waktu, bank mesthi wani ngekèki utangan sing luwih gedhé. Nèk kowé isa dipercaya, wong tuwa mesthi ngekèki kowé luwih akèh kebébasan

KANGGO CAH ENOM

10 Isa Dipercaya

MAKSUDÉ

Wong isa percaya karo kowé nèk kowé selalu nepati janji, selalu jujur, lan ora sak karepé dhéwé.

NGAPA KOK PENTING

Nèk kowé isa dipercaya, kowé bakal dikèki luwih akèh kebébasan.

”Nèk kowé bertanggung jawab bahkan meskipun ora diawasi wong tuwa, wong tuwamu bakal luwih percaya karo kowé.”​—Sarahi.

AYAT: ”Kowé kudu terus mriksa kaya apa kowé saktenané.”​—2 Korintus 13:5.

KUDU PIYÉ

Bèn kowé dipercaya karo wong liya, kowé kudu:

Jujur. Nèk kowé ngapusi, wong liya ora bakal percaya karo kowé. Tapi nèk kowé jujur, terus nèk salah ya gelem ngakoni, wong liya ya bakal percaya karo kowé.

”Nèk kowé salah, terus kudu ngakoni kesalahanmu, isa waé jujur kuwi angèl. Tapi nèk kowé tetep jujur, wong ya bakal percaya karo kowé.”​—Caiman.

AYAT: ”Aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”​—Ibrani 13:18.

Isa diendelké. Ing Amerika tau ana survéi nèk perusahaan kuwi mesthi nggolèk karyawan sing isa diendelké. Dadi nèk kowé wongé isa diendelké, mengko mesthi akèh manfaaté kanggo kowé.

”Nèk gawéanku ing omah mesthi tak rampungké, ora ndadak dikongkon-kongkon sik, wong tuwaku mesthi seneng. Meréka ya dadi tambah percaya karo aku.”​—Sarah.

AYAT: ”Aku yakin nèk kowé bakal nindakké luwih akèh timbang sing tak omongké.”​—Filémon 21.

Sabar. Wong-wong isa ndelok langsung nèk misalé kowé tambah dhuwur. Tapi, nèk kedéwasaan kuwi ora isa langsung kétok. Kowé kudu sabar.

”Bèn isa dipercaya karo wong, kowé kudu terus berusaha.”​—Brandon.

AYAT: ”Awaké dhéwé kudu . . . sabar.”​—Kolose 3:12.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim