PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 2 hlm. 4-5
  • Sing Dipercaya Wong-Wong

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sing Dipercaya Wong-Wong
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wong Hindu
  • Wong Muslim
  • Kepercayaan Yahudi
  • Wong Buddha
  • Wong Konghucu
  • Kepercayaan suku
  • Wong Nasrani
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • 4. Apa Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Susah?
    Gatèkna!—2020
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Ngapa Kok Uripé Manungsa Saiki Susah?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 2 hlm. 4-5
Simbol-simbol agama Buddha, Hindu, kepercayaan suku, Yahudi, Nasrani, Islam, lan Konghucu.

Sing Dipercaya Wong-wong

Wong Hindu

Simbol agama Hindu.

nganggep kesusahan kuwi akibat saka tumindak sing ditindakké saiki utawa ing urip sakdurungé. Wong isa moksa, maksudé ora ngalami réinkarnasia manèh, nèk wong kuwi nolak kabèh kesenengan sing ana ing donya.

Wong Muslim

Simbol agama Islam.

percaya nèk kesusahan kuwi hukuman lan ujian iman. Presiden saka Islamic Society of North America, Dr. Sayyid Syeed, ngomong nèk kesusahan kuwi ana bèn awaké dhéwé ”terus éling pentingé ngucap syukur kanggo kabèh berkah saka Gusti Allah lan ngerti pentingé mbantu wong liya”.

Kepercayaan Yahudi

Simbol agama Yahudi.

mulangké nèk kesusahan ana merga apa sing awaké dhéwé tindakké. Ana wong-wong Yahudi sing nduwé pendapat nèk bakal ana kebangkitan, yaiku sarana bèn wong apik sing ngalami kesusahan isa éntuk keadilan. Terus, ana kepercayaan Yahudi liyané sing mulangké soal réinkarnasi. Réinkarnasi dadi kesempatan kanggo wong sing salah bèn isa mertobat.

Wong Buddha

Simbol agama Buddha.

percaya nèk kesusahan bakal terus dialami manungsa nganti wong kuwi ora mikirké lan nindakké sing salah manèh. Wong bakal ngrasakké nirwana, utawa ora ngrasakké kesusahan manèh, nèk wong kuwi wicaksana, nindakké sing apik, lan ora mikirké sing salah.

Wong Konghucu

Simbol agama Konghucu.

percaya nèk akèh-akèhé kesusahan kuwi ana merga ”kesalahané manungsa”. Kuwi sing ditulis ing A Dictionary of Comparative Religion. Buku kuwi ya ngomong senajan manungsa isa ngurangi kesusahané liwat tumindaké sing apik, ning ”ana makhluk roh sing nggawé manungsa ngalami kesusahan. Nèk wis ngono, manungsa mung isa nampa takdiré”.

Kepercayaan suku

Simbol kepercayaan suku.

nganggep nèk kesusahan kuwi ana merga ilmu gaib. Wong-wong kuwi percaya nèk dukun isa nggawé nasibé wong-wong dadi apik utawa èlèk, lan wong-wong kuwi kudu nindakké ritual bèn kesusahané berkurang. Mula, wektu lara merga disanthèt, wong-wong kuwi kudu nindakké ritual lan njaluk obat saka dukun bèn isa mari.

Wong Nasrani

Simbol agama Nasrani.

percaya nèk kesusahan kuwi ana merga dosa pasangan manungsa sing pertama, kaya sing dicathet Alkitab ing buku Purwaning Dumadi. Ning, akèh sing nambah-nambahi ajaran kuwi. Contoné, ana wong-wong Katolik sing ngomong nèk kesusahan kuwi isa dipasrahké marang Gusti Allah bèn Dhèwèké mberkahi greja. Ana manèh sing nganggep nèk Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé kesusahan bèn wong liya ora susah.

SINAUA LUWIH AKÈH

Deloken vidéo Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah? sing ana ing jw.org.

a Réinkarnasi kuwi ajaran nèk makhluk hidup isa dilairké manèh nganggo wujud manungsa utawa kéwan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim