PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 2 hlm. 6-7
  • 1. Apa Gusti Allah sing Nyebabké Kesusahan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1. Apa Gusti Allah sing Nyebabké Kesusahan?
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa Kudu Ngerti Iki?
  • Kanggo Dipikirké
  • Kandhané Alkitab
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Sapa sing Kuduné Disalahké?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Apa Sebabé Akèh Kasusahan?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 2 hlm. 6-7
Pendéta sing nyekel Alkitab wektu mimpin acara pemakaman ing gréja.

1. Apa Gusti Allah Sing Nyebabké Kesusahan?

Kenapa Kudu Ngerti Iki?

Akèh wong sing ora gelem nyembah Gusti Allah merga mikir nèk Gusti Allah sing nyebabké kesusahan.

Kanggo Dipikirké

Akèh pemimpin agama mulangké nèk Gusti Allah sing nyebabké kesusahan. Contoné, ana sing ngomong . . .

  • bencana alam kuwi hukuman saka Gusti Allah.

  • nèk ana bocah-bocah sing mati, kuwi berarti Gusti Allah mbutuhké luwih akèh malaékat ing swarga.

  • Gusti Allah ndhukung perang, lan perang kuwi dadi salah siji penyebab kesusahan.

Ning, piyé nèk sing diwulangké para pemimpin agama soal Gusti Allah kuwi salah? Piyé nèk sakjané Gusti Allah ora seneng karo pendapaté para pemimpin agama kuwi? Nèk ngono, apa awaké dhéwé isa percaya karo omongané para pemimpin agama kuwi?

SINAUA LUWIH AKÈH

Deloken vidéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? sing ana ing jw.org.

Kandhané Alkitab

Gusti Allah ora nyebabké kesusahan.

Nèk Gusti Allah sing nyebabké kesusahan, kuwi ora cocog karo sipat-sipaté Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab. Contoné:

”Jejeg sakèhé marginé [Gusti Allah]; . . . Panjenengané iku bener lan adil.”​—PANGANDHARING TORÈT 32:4.

”Nglengkara yèn Gusti Allah nindakaké piala, utawa yèn Kang Mahakwasa tumindak culika.”​—AYUB 34:10.

”Kang Mahakwasa ora mbèngkokaké kaadilan.”​—AYUB 34:12.

Gusti Allah ora nampa agama sing mulangké ajaran sing salah soal Dhèwèké.

Kuwi klebu agama-agama sing mulangké nèk Gusti Allah sing nyebabké kesusahan lan agama-agama sing ndhukung perang lan kekerasan.

”Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun! Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairaké wangsit goroh, pamecané kang kothong lan akal culikaning atiné dhéwé.”​—YÉRÉMIA 14:14.

Yésus ora seneng karo pemimpin agama sing munafik.

”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kraton swarga. Nanging, mung wong sing nindakké kersané Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana. Bakal ana akèh wong sing kandha ing dina kuwi, ’Gusti, Gusti, aku kan wis ngramal nganggo jenengmu, lan ngusir roh-roh jahat nganggo jenengmu, lan nindakké akèh mukjijat nganggo jenengmu, ta?’ Nanging aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé! Kowé wong-wong sing nglanggar hukum, lungaa kana!’” —MATIUS 7:21-23.

Apa Gusti Allah sing nyebabké kesusahan?

Bayangna ana bapak sing wis nggedhèkké lan nyukupi kabèh kebutuhané anak-anaké. Ning bar kuwi, ana salah siji anaké sing ora manut, lunga saka omah, lan milih urip sing bejat. Apa bapaké sing nyebabké anaké kaya ngono? Apa anaké isa nyalahké bapaké kanggo akibat sing dhèwèké alami? Kaya perumpamaan kuwi, awaké dhéwé ya ora isa nyalahké Gusti Allah kanggo kesusahan sing awaké dhéwé alami.

Ning, apa kuwi artiné manungsa sing salah?

Deloken pitakonan 2.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim