2. Apa Kesusahan Kuwi Merga Kesalahané Manungsa?
Kenapa Kudu Ngerti Iki?
Nèk jawabané iya, kuwi berarti awaké dhéwé sakjané isa ngurangi kesusahan.
Kanggo Dipikirké
Apa buktiné nèk manungsa kudu tanggung jawab kanggo masalah-masalah iki?
Kejahatan.
Organisasi Keséhatan Dunia (WHO) ngomong nèk kira-kira ana 1 saka 4 wong diwasa tau ngalami pelècèhan sèksual wektu isih cilik, lan kira-kira ana 1 saka 3 wong wédok sing tau dianiaya utawa ngalami pelècèhan sèksual (utawa loro-loroné).
Kematian.
World Health Statistics 2018 sing diterbitké karo WHO kandha, ”Kira-kira ana 477.000 wong sing dipatèni ing sakdonya ing taun 2016.” Sakliyané kuwi, ana kira-kira 180.000 wong sing mati merga perang lan konflik ing taun kuwi.
Masalah Keséhatan.
Ing salah siji artikel ing majalah National Geographic, penulis sing jenengé Fran Smith nulis, ”Ana luwih saka sak milyar wong sing ngrokok, lan tembakau kuwi dadi penyebab saka penyakit sing paling kerep nyebabké kematian, contoné penyakit jantung, stroke, lan kanker paru-paru.”
Tumindak Ora Adil.
Salah siji psikolog sing jenengé Jay Watts ngomong, ”Kurang pangan, ngalami tumindak ora adil, dadi korban rasisme, diskriminasi gender, kudu dadi pengungsi, lan ngadhepi budaya persaingan isa dadi penyebab wong-wong strès.”
SINAUA LUWIH AKÈH
Deloken vidéo Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi? sing ana ing jw.org.
Kandhané Alkitab
Akèh kesusahan ing donya iki disebabké manungsa.
Akèh kesusahan kuwi biasané disebabké karo pamréntah sing jahat.
”Wong kang siji ngwasani sijiné ndadèkaké cilakané.”—KOHÈLÈT 8:9.
Kesusahan isa dikurangi.
Pathokané Alkitab isa mbantu njenengan dadi luwih séhat lan nduwé hubungan sing apik karo wong liya.
”Ati kang sarèh iku nyegeraké awak, nanging watak drengki iku ngroposaké balung.”—WULANG BEBASAN 14:30.
”Singkirna kabèh rasa dendam, rasa nesu, rasa murka, seneng nggetak-nggetak, omongan sing ngrèmèhké, lan kabèh sing ala.”—ÉFÉSUS 4:31.