3. Kenapa Wong Apik Ngalami Kesusahan?
Kenapa Kudu Ngerti Iki?
Nèk wong apik ngalami kesusahan, awaké dhéwé mesthi nganggep kuwi ora adil. Kuwi ya isa nggawé wong-wong nganggep nèk dadi wong apik kuwi ora ana gunané.
Kanggo Dipikirké
Ana wong-wong sing mikir nèk kesusahan kuwi merga takdir. Wong-wong kuwi ngomong nèk Gusti Allah ngukum wong sing jahat. Sing liyané percaya nèk Gusti Allah mènèhi kesusahan kanggo nguji imané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ngomong nèk wong urip mesthi bakal ngalami cobaan, lan kuwi ditindakké Gusti Allah merga sayang karo umaté. Ning, . . .
nèk kabèh kuwi wis ditakdirké, kenapa awaké dhéwé kudu njaga keséhatan lan ora nindakké sing jahat?
apa masuk akal nèk Gusti Allah mènèhi kesusahan kanggo nguji wong-wong, ning ya apikan lan gelem ngapurani wong-wong kuwi?
SINAUA LUWIH AKÈH
Deloken vidéo Kenapa Kasusahan Isih Ana Nganti Saiki? sing ana ing jw.org.
Kandhané Alkitab
Kesusahan kuwi dudu hukuman saka Gusti Allah.
Malah, biasané wong sing ngalami kesusahan kuwi merga ana ing panggonan utawa wektu sing salah.
”Yèn ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabèh padha mbarengi mangsa-kalané tuwin pancèn nasibé mangkono.”—KOHÈLÈT 9:11.
Dosa dadi salah siji penyebab kesusahan.
Wong-wong ngomong nèk ”dosa” kuwi maksudé kejahatan sing ditindakké manungsa. Ning, Alkitab ya nggunakké kata kuwi kanggo nggambarké keadaané kabèh manungsa sing éntuk dosa warisan.
”Anggèn kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.”—JABUR 51:7.
Dosa kuwi gedhé pengaruhé kanggo uripé manungsa.
Dosa kuwi ora mung ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Gusti Allah. Ning, ya nggawé awaké dhéwé ora isa rukun karo ciptaané Gusti Allah sing liyané. Kuwi nggawé awaké dhéwé lan manungsa liyané ngalami akèh kesusahan.
”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, pepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk ana ing awakku.”—ROMA 7:21.
”Kabèh ciptaan padha-padha sambat lan ngrasakké lara.”—ROMA 8:22.