PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 2 hlm. 12-13
  • 4. Apa Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Susah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 4. Apa Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Susah?
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa Kudu Ngerti Iki?
  • Kanggo Dipikirké
  • Kandhané Alkitab
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Ngapa Kok Uripé Manungsa Saiki Susah?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Sebabé Akèh Kasusahan?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 2 hlm. 12-13
Keluarga sing lagi kémah ing gunung. Keluarga sing lagi foto bareng.

4. Apa Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Susah?

Kenapa Kudu Ngerti Iki?

Jawaban kanggo pitakonan iki ana pengaruhé kanggo pandhangané awaké dhéwé soal urip.

Kanggo Dipikirké

Nèk Gusti Allah nyiptakké kabèh sing éndah, apa masuk akal nèk Gusti Allah sing nyebabké kesusahan?

Merga ana akèh kesusahan, akèh wong ora percaya nèk Gusti Allah kuwi sayang karo manungsa utawa malah ora percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Sakliyané kuwi, wong-wong ya dadi nganggep nèk (1) Gusti Allah ora isa nyingkirké kesusahan, (2) Gusti Allah ora gelem nyingkirké kesusahan, utawa (3) Gusti Allah ora ana.

Apa kuwi alesané manungsa ngalami kesusahan?

SINAUA LUWIH AKÈH

Deloken vidéo Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener? sing ana ing jw.org.

Kandhané Alkitab

Gusti Allah ora nyiptakké awaké dhéwé kanggo urip susah.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé bahagia.

”Manawa tumraping para manungsa iku ora ana kang beciké ngluwihi seneng-seneng lan ngemataké kasenengan ana ing sajroning uripé. Déné saben wong bisa mangan, ngombé lan ngrasakaké kasenengan ing sajroning kangèlané kabèh, iku uga peparingé Gusti Allah.”​—KOHÈLÈT 3:12, 13.

Gusti Allah nyedhiakké kabèh sing dibutuhké pasangan manungsa pertama bèn uripé wong loro kuwi ora susah.

Gusti Allah ora péngin wong loro kuwi lan keturunané ngalami kesusahan.

”[Wong loro kuwi] dipangandikani: ’Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna.’” —PURWANING DUMADI 1:28.

Pasangan manungsa pertama milih ora manut karo Gusti Allah.

Hasilé, wong loro kuwi lan keturunané kudu ngadhepi akèh kesusahan.

”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan pati mlebu liwat dosa, pati nyebar marang kabèh wong merga kabèh wong wis dosa.”​—ROMA 5:12.a

Gusti Allah ora nyiptakké manungsa kanggo urip sak karepé dhéwé.

Kaya manungsa ora diciptakké kanggo urip ing njero banyu, manungsa ya ora diciptakké kanggo urip sak karepé dhéwé.

”Tiyang ingkang andon lampah boten gadhah pangwaos netepaken jangkahipun.”​—YÉRÉMIA 10:23.

Gusti Allah ora péngin awaké dhéwé ngalami kesusahan.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé manut karo Dhèwèké bèn ora ngalami masalah.

”Manawa sira nggatèkaké marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat.”​—YÉSAYA 48:18.

a Ing Alkitab, ”dosa” artiné ora mung tumindak jahat, ning kuwi ya maksudé keadaan sing diwarisi kabèh manungsa.

Apa Gusti Allah péngin awaké dhéwé susah?

Ora. Gusti Allah ora tau nyiptakké manungsa kanggo urip susah. Kesusahan kuwi mulai ana sakwisé pasangan manungsa pertama milih kanggo ora manut karo Gusti Allah. Ning, kuwi ora berarti nèk manungsa bakal terus-terusan ngalami kesusahan.

Apa kesusahan bakal ana entèké?

Deloken pitakonan 5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim