PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 2 hlm. 14-15
  • 5. Apa Kesusahan Bakal Ana Entèké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 5. Apa Kesusahan Bakal Ana Entèké?
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa Kudu Ngerti Iki?
  • Kanggo Dipikirké
  • Kandhané Alkitab
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Piyé Perasaané Gusti Allah bab Kasusahané Panjenengan?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Apa Kesusahan Bakal Ana Terus?
    Apa Kesusahan Bakal Ana Terus?
  • 4. Apa Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Susah?
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 2 hlm. 14-15
Keluarga sing lagi nyantai karo guyon wektu lagi piknik.

5. Apa Kesusahan Bakal Ana Entèké?

Kenapa Kudu Ngerti Iki?

Nèk awaké dhéwé ngerti kesusahan kuwi bakal ana entèké, kuwi isa ngubah pandhangané awaké dhéwé soal urip lan soal Gusti Allah.

Kanggo Dipikirké

Akèh wong péngin nyingkirké kesusahan. Ning, ora akèh sing isa ditindakké wong-wong kuwi. Contoné:

Senajan ilmu kedokteran saya maju, ning . . .

  • penyakit jantung tetep dadi penyebab kematian sing paling akèh.

  • jutaan wong mati merga kanker saben tauné.

  • Dr. David Bloom ing buku Frontiers in Immunology nulis, ”Akèh penyakit sing durung isa ditemokké obaté. Apa manèh, saiki saya akèh penyakit sing anyar, malah penyakit sing mbiyèn tau ana muncul manèh.”

Senajan akèh negara sing makmur, ning . . .

  • saben taun ana jutaan bocah sing mati lan akèh-akèhé manggon ing dhaérah sing miskin.

  • milyaran wong ora nduwé toilèt sing layak.

  • atusan yuta wong ora isa éntuk banyu resik.

Senajan saiki hak asasi manusia luwih digatèkké, ning . . .

  • Perserikatan Bangsa-bangsa nglaporké nèk perdagangan manusia ana ing akèh negara lan wong sing nindakké kuwi ora dihukum. Kuwi merga pamréntah ”ora ngerti soal kuwi utawa ora nduwé sarana kanggo ngatasi masalah kuwi”.

    SINAUA LUWIH AKÈH

    Deloken vidéo Apa Kratoné Gusti Allah Iku? sing ana ing jw.org.

Kandhané Alkitab

Gusti Allah perduli karo awaké dhéwé.

Dhèwèké nggatèkké kesusahané awaké dhéwé.

”[Gusti Allah] ora mastani asor lan ora jijik marang kanisthané wong kang katindhes, sarta ora ngaling-alingi wedanané, lan miyarsakaké nalikané wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengané.”​—JABUR 22:25.

”Pasrahna kabèh kuwatirmu marang Gusti Allah, merga Panjenengané nggatèkké kowé.”​—1 PÉTRUS 5:7.

Kesusahan bakal ana entèké.

Alkitab janji nèk tujuané Gusti Allah kanggo awaké dhéwé bakal kelakon.

”Gusti Allah . . . bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh.”​—WAHYU 21:3, 4.

Gusti Allah bakal nyingkirké kesusahané manungsa.

Gusti Allah bakal nggunakké Kratoné, yaiku pamréntahané sing nyata, kanggo nindakké kuwi.

”Allahipun saindenging langit badhé ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhé risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhé pindhah dhateng bangsa sanès: . . . Nanging karajan punika piyambak badhé madeg ing salami-laminipun.”​—DHANIÈL 2:44.

Apa Kesusahan Bakal Ana Entèké?

Ya. Ning, ora merga upayané manungsa. Pamréntahané manungsa mung isa ngurangi dampak saka kesusahan, ning mung Gusti Allah sing isa nyingkirké penyebab kesusahan liwat Kratoné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim