PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 3 hlm. 10-13
  • Fakta ing Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Fakta ing Alkitab
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Keterangan sing Ora Ana ing Alkitab
  • Kapan Gusti Allah Nyiptakké Alam Semesta?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Purwaning Dumadi 1:1—”Awalé, Gusti Allah Nyiptakké Langit lan Bumi”
    Penjelasan Ayat Alkitab
  • Apa Langit karo Bumi Diciptakké?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Isiné Alkitab Cocog karo Ilmu Pengetahuan?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Gatèkna!—2021
g21 No. 3 hlm. 10-13

Fakta ing Alkitab

Ing Alkitab ana keterangan soal piyé awal mulané bumi. Ing Alkitab disebutké, ”Iki sejarahé langit lan bumi wektu kabèh digawé.” (Purwaning Dumadi 2:4) Apa keterangan ing Alkitab cocog karo ilmu pengetahuan? Ayo didelok fakta-faktané.

Awalé: Langit lan bumi diciptakké

Apa alam semesta ana awal mulané?

Ing Purwaning Dumadi 1:1 disebutké, ”Awalé Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”

Sakdurungé taun 1950, akèh ilmuwan sing percaya nèk alam semesta iki ora ana awal mulané. Tapi bar ditliti manèh, akèh ilmuwan saiki ngakoni nèk alam semesta iki mémang ana awal mulané.

Bumi jaman mbiyèn kuwi kaya apa?

Menurut Purwaning Dumadi 1:2, 9, bumi pas awal-awal diciptakké ”durung ana apa-apa lan kosong”, isiné mung banyu thok.

Keterangan kuwi cocog karo pendapaté para ilmuwan saiki. Ahli biologi sing jenengé Patrick Shih ngomong nèk pas awal-awal mbiyèn ing bumi ”ora ana oksigén . . . ora ana apa-apa”. Ing majalah Astronomy ya disebutké, ”Menurut penelitian terbaru, bumi jaman mbiyèn isiné mung banyu thok nganti daratané ora kétok.”

Awalé atmosfér piyé, terus dadi piyé?

Saka keterangan ing Purwaning Dumadi 1:3-5, awaké dhéwé isa ngerti nèk mbiyèn pas pertama kali cahaya nembus atmosfér bumi, sumber cahayané ora kétok. Terus, suwé-suwé matahari karo bulan isa kétok jelas pas didelok saka bumi.​—Purwaning Dumadi 1:14-18.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk bumi sak isiné diciptakké 6x24 jam

Menurut Pusat Penelitian Lingkungan Smithsonian, mbiyèn cahaya sing tekan bumi mung redup gara-gara lapisan atmosfér. Menurut pusat penelitian kuwi, ”Pas awal mulané bumi, ana akèh banget métana ing bumi kaya kabut sing kandel. Terus, suwé-suwé métanané berkurang lan langit dadi kétok cerah.”

Piyé urutané makhluk hidup ing bumi?

1​—Dina Pertama: Ana cahaya sing nembus lapisan atmosfér bumi.​—Purwaning Dumadi 1:3-5

2​—Dina Keloro: Awalé bumi isiné mung banyu karo kabut sing kandel. Terus, suwé-suwé banyu karo kabut kuwi terpisah.​—Purwaning Dumadi 1:6-8

3​—Dina Ketelu: Banyu ing bumi mulai surut. Daratan mulai kétok.​—Purwaning Dumadi 1:9-13

4​—Dina Kepapat: Matahari lan bulan kétok saka bumi.​—Purwaning Dumadi 1:14-19

5​—Dina Kelima: Gusti Allah nggawé kéwan sing urip ing banyu lan kéwan sing isa mabur. Kéwan-kéwan kuwi ya isa berkembang biak.​—Purwaning Dumadi 1:20-23

6​—Dina Keenem: Kabèh kéwan darat diciptakké. Ing akhir dina keenem, pasangan manungsa pertama diciptakké. —Purwaning Dumadi 1:24-31

Menurut Purwaning Dumadi 1:20-27, sing diciptakké kuwi iwak sik, terus manuk, kéwan darat, lan sing terakhir manungsa. Para peneliti ya ngomong nèk iwak wis ana suwé sakdurungé mamalia. Suwé bar kuwi lagi ana manungsa.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk makhluk hidup ora isa berubah dadi variasi baru

”Keterangan ing Alkitab soal penciptaan sing ditulis ing Purwaning Dumadi bab 1 mémang ora dawa. Tapi sing marahi takjub, bukti karo urutan penciptaan sing disebutké kuwi cocog banget karo penelitiané para ilmuwan jaman saiki.”​—Gerald L. Schroeder, ahli fisika.

Keterangan sing Ora Ana ing Alkitab

Ana sing nganggep nèk keterangan ing Alkitab ora cocog karo hasil penelitian jaman saiki. Tapi kuwi merga wong-wong kuwi ora ngerti piyé sakjané keterangan ing Alkitab.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk alam semesta utawa bumi umuré lagi 6.000 taun. Pas nyritakké soal awal mulané alam semesta karo bumi, Alkitab mung nyebutké kata ”awalé”. (Purwaning Dumadi 1:1) Ing Alkitab ora ana keterangan kapan persisé alam semesta karo bumi ana.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk bumi sak isiné diciptakké 6x24 jam. Menurut Purwaning Dumadi bab 1, bumi sak isiné diciptakké suwéné enem dina. Ana sing ngira nèk kuwi berarti enem dina sing sedinané 24 jam. Tapi ing Alkitab, arti kata ”dina” maksudé isa waé wektu sing suwé banget. Misalé, ing Alkitab, suwéné bumi iki diciptakké kuwi mung dianggep sedina. (Purwaning Dumadi 2:4) Dadi pas nyritakké soal penciptaan, sedina kuwi ora mung 24 jam, tapi maksudé isa wektu sing suwé banget.

Ora ana keterangan ing Alkitab nèk saya suwé makhluk hidup ora isa berubah dadi variasi baru. Ing Purwaning Dumadi 1:24, 25 disebutké nèk Gusti Allah nyiptakké ”akèh jenis kéwan”. Kata ”jenis” ing ayat kuwi artiné luwih luas timbang sing dijelaské ing ilmu pengetahuan. Sing termasuk satu ”jenis” isa waé mencakup beberapa spésiès karo variasiné. Dadi misalé ing satu jenis ana spésiès atau variasi-variasi baru, kuwi isih cocog karo keterangan ing Alkitab.

Menurut njenengan piyé?

Keterangan ing Alkitab soal awal mulané alam semesta, soal bumi jaman mbiyèn, lan soal makhluk hidup kuwi bener lan ora rumit. Berarti, apa mungkin keterangan ing Alkitab soal Pencipta kuwi ya bener? Menurut Encyclopædia Britannica, ”Keterangan nèk awal mulané makhluk hidup kuwi saka sumber sing luar biasa, cocog karo penelitiané para ilmuwan jaman saiki.”a

Coba pikirna

Wacanen Purwaning Dumadi 1:1-2:4. Bandhingna kisah soal penciptaan sing ditulis ing Alkitab karo sing dipercaya akèh wong jaman mbiyèn. Contoné, wong Babilonia percaya nèk alam semesta karo manungsa kuwi asalé saka mayaté dèwi lan getihé déwa. Wong Mesir jaman mbiyèn percaya nèk Déwa Ra nggawé manungsa saka air mata. Ing Tiongkok, ana sing percaya nèk bagéan-bagéan sing mbentuk bumi kuwi asalé saka mayaté raksasa. Terus, manungsa asalé saka kutu-kutu ing badané raksasa kuwi. Keterangan ing Alkitab béda banget karo crita-crita sing disebutké kuwi. Menurut njenengan endi sing cocog karo ilmu pengetahuan?

Deloken vidéo Apa Alam Semesta Diciptakké? ing jw.org.

a Encyclopædia Britannica iki ora lagi ngrembug nèk makhluk hidup diciptakké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim