PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g23 No. 1 hlm. 3-5
  • Banyu Resik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Banyu Resik
  • Gatèkna!—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa Kok Angèl Éntuk Banyu Resik?
  • Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak
  • Sing Wis Diupayakké Manungsa
  • Ing Alkitab Ana Harapan Apa?
  • Krisis Banyu Resik. Ana Keterangan Apa ing Alkitab?
    Topik Liyané
Gatèkna!—2023
g23 No. 1 hlm. 3-5
Wong wédok njupuk banyu sing resik ing kali nganggo tangan.

BUMI IKI TAMBAH RUSAK

BANYU RESIK

BANYU kuwi penting banget. Kabèh makhluk hidup butuh banyu bèn isa tetep urip. Saka danau, kali, rawa, lan akuifer (lapisan bawah tanah sing ana banyuné), makhluk hidup isa éntuk banyu. Kuwi isa dienggo ngombé kéwan, manungsa, lan dienggo nyiram tanduran.

Kenapa Kok Angèl Éntuk Banyu Resik?

Meskipun ing bumi luwih akèh banyu timbang daratan, tapi menurut Organisasi Meteorologi Dunia, ”mung ana 0,5 persèn banyu resik ing bumi sing isa dienggo”. Sakjané kuwi wis cukup kanggo nyukupi kebutuhané makhluk hidup ing bumi. Tapi merga ana pemanasan global lan jumlahé manungsa tambah akèh, banyuné dadi tercemar lan angèl éntuk banyu sing resik. Para ahli ngomong nèk mungkin 30 taun manèh limang milyar wong bakal kangèlan éntuk banyu resik.

Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak

Bumi mémang dirancang bèn isa terus nyedhiakké banyu sing resik. Lemah, makhluk hidup ing laut, lan sinar matahari ya isa nggawé banyu tetep resik. Apa waé buktiné nèk bumi iki mémang dirancang bèn banyu resiké ora entèk?

  • Wis terbukti nèk lemah isa nyaring banyu sing tercemar dadi banyu sing resik. Sakliyané kuwi, ing rawa-rawa ana beberapa tanduran sing isa nyerep nitrogén, fosfor, lan pèstisida.

  • Para ilmuwan wis mempelajari nèk ana prosès alam sing isa nggawé banyu sing tercemar sampah organik dadi resik manèh. Misalé merga banyuné ngalir, zat-zat sing berbahaya isa ilang. Terus, ana baktèri-baktèri sing isa nggawé banyuné dadi tambah resik.

  • Ana beberapa jenis kerang sing isa nyerep zat-zat berbahaya ing banyu lan prosèsé mung beberapa hari. Prosès kuwi luwih cepet timbang prosès pengolahan banyu sing digawé manungsa.

  • Merga ana siklus air, bumi ora bakal kentèkan banyu. Siklus kuwi lan prosès alam sing liyané isa nggawé banyu tetep ana ing njero lapisan atmosfér lan ora bakal entèk.

    FAKTA MENARIK

    Lemah Kuwi Penyaring Alami

    Lemah isa nyaring unsur logam, cairan berbahaya, sampah organik, lan zat-zat liyané saka banyu. Suwé-suwé banyuné mudhun ing akuifer (lapisan bawah tanah sing ana banyuné). Banyu ing lapisan kuwi wis resik lan isa diombé.

    Gambar lemah nyaring banyu sing tercemar. Banyu udan disaring lemah, watu, lan tanah liat. Hasilé dadi banyu sing resik.

    Penyaringan Pertama

    Pasir karo watu kaya saringan sing alus lan berfungsi nyaring kotoran.

    Penyaringan Keloro

    Baktèri sing ana ing lemah isa ngubah zat-zat beracun dadi zat sing ora berbahaya kanggo manungsa. Malah beberapa baktèri isa ngubah limbah minyak sing beracun dadi karbon dioksida lan banyu.

    Penyaringan Ketelu

    Lemah nduwé muatan listrik, tapi jumlahé mung sithik. Merga muatan listrik kuwi, lemah isa nyaring zat-zat kimia berbahaya sing muatan listriké berlawanan. Misalé, tanah liat sing muatan listriké négatif isa nyaring ion amonium sing muatan listriké positif.

Sing Wis Diupayakké Manungsa

Gambar: 1. Wong lanang lagi ndandani oli mobil sing bocor, terus oliné diwadhahi. 2. Wong lanang nggawa cairan berbahaya ing tempat pengolahan limbah.

Nèk ndandani oli kendaraan sing bocor lan ora mbuwang cairan berbahaya sembarangan, banyu ing sekitaré awaké dhéwé ora bakal tercemar

Para ahli ngekèki saran bèn aja boros wektu nganggo banyu. Bèn banyuné ora tercemar, para ahli ya ngandhani nèk oli kendaraané bocor kudu ndang didandani. Terus, aja mbuwang obat-obatan ing toilèt utawa mbuwang cairan berbahaya ing saluran pembuangan air.

Para insinyur wis ngerti carané nggawé banyu laut sing asin isa dadi banyu tawar. Cara kuwi disebut désalinasi. Tujuané bèn tambah akèh banyu sing resik.

Tapi désalinasi iki dudu cara sing paling apik, soalé biayané larang lan butuh akèh ènergi. Taun 2021, Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB) ngekèki laporan soal pengolahan banyu, ”Akèh sing kudu diupayakké manèh bèn saben negara nduwé cukup akèh banyu sing resik.”

Ing Alkitab Ana Harapan Apa?

”Tètèsé banyu ditarik munggah [Gusti Allah], lan akhiré dadi kabut lan udan. Terus, méga-méga ngesokké banyu sing dadi udan ing bumi.”—Ayub 36:​27, 28.

Gusti Allah nggawé siklus air lan siklus alam sing liyané bèn ing bumi tetep ana banyu.—Pengkhotbah 1:7.

Gusti Allah wis ngrancang bumi bèn terus nduwé banyu sing resik, kuwi berarti Gusti Allah gelem lan nduwé kuwasa kanggo nggawé banyu sing tercemar dadi resik manèh. Wacanen artikel ”Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak” ing halaman 15.

KETERANGAN LIYANÉ

Gambar molekul air.

Banyu kuwi penting banget kanggo kabèh makhluk hidup. Deloken vidéo Keajaiban Ciptaan Menyingkapkan Kemuliaan Allah—Air ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim