PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g23 No. 1 hlm. 15
  • Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak
  • Gatèkna!—2023
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ing Terbitan Majalah Iki
    Gatèkna!—2023
  • Apa Bumi Bakal Dihancurké?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?
    Topik Liyané
  • Pengantar
    Gatèkna!—2023
Delok Kabèh
Gatèkna!—2023
g23 No. 1 hlm. 15
Ing sekitaré danau ana hutan lan pegunungan.

Oleh_Slobodeniuk/E+ via Getty Images

Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak

”Ora kaya sing awaké dhéwé pikirké, bumi bakal terus ana lan ora bakal hancur.”

Kuwi kesimpulan para peneliti saka beberapa negara soal perubahan iklim. Kesimpulan kuwi lan fakta-fakta sing dibahas ing majalah iki, isa nggawé awaké dhéwé tambah yakin nèk bumi dirancang bèn isa resik dhéwé tanpa bantuané manungsa.

Tapi, merga sing ngrusak bumi saya akèh, dadi ora mungkin keadaan bumi isa luwih apik. Apa Gusti Allah bakal meneng waé ndelok kondhisi bumi saiki?

Ayat-ayat ing kothak iki isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk Gusti Allah sanggup lan gelem nggawé bumi iki dadi luwih apik.

  • Gusti Allah sing nggawé bumi iki. ”Awalé, Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”—Purwaning Dumadi 1:1

  • Gusti Allah sing nduwé bumi iki. ”Bumi sak isiné kuwi duwèké Yéhuwah.”a—Mazmur 24:1

  • Gusti Allah ngrancang bumi iki bèn isa terus ana. ”Njenengan nggawé bumi tetep ana ing panggonané lan saklawasé ora bakal pindhah saka panggonané.”—Mazmur 104:5

  • Gusti Allah janji nèk kabèh makhluk hidup bakal terus ana ing bumi. ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, . . . Sing Mbentuk bumi . . . merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa.”—Yésaya 45:18

  • Gusti Allah janji nèk manungsa bakal urip saklawasé ing bumi. ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”—Mazmur 37:29

Rancangan bumi iki luar biasa lan sakjané awaké dhéwé tinggal menikmati waé tanpa ngrusak bumi. Ing Alkitab ana ramalan nèk sedhéla manèh Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi.—Wahyu 11:18

Ing Alkitab ya ana janji nèk Gusti Allah bakal nggawé bumi iki resik manèh lan éndah. Terus, Gusti Allah ya bakal ”mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan”.—Mazmur 145:16

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim