PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g23 No. 1 hlm. 9-11
  • Hutan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hutan
  • Gatèkna!—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Keadaan Hutan Saiki
  • Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak
  • Sing Wis Diupayakké Manungsa
  • Ing Alkitab Ana Harapan Apa?
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2023
Gatèkna!—2023
g23 No. 1 hlm. 9-11
Mbak-mbak mlaku ing hutan hujan lan ngliwati jembatan.

BUMI IKI TAMBAH RUSAK

HUTAN

PARA ILMUWAN ngomong nèk hutan dipadhakké kaya paru-paru sing isa nggawé manungsa urip. Kenapa? Kaya paru-paru, hutan isa nyaring udara. Hutan isa nyerep karbon dioksida lan ngasilké oksigén sing penting kanggo makhluk hidup. Kira-kira 80 persèn tanduran lan kéwan manggoné ing hutan. Nèk ora ana hutan, kabèh makhluk hidup isa mati.

Keadaan Hutan Saiki

Saben taun milyaran wit ditebang. Tujuané bèn ana lahan kanggo pertanian. Kèt taun 1940-an, akèh hutan hujan sak donya wis ora ana manèh.

Nèk hutan ora ana manèh, suwé-suwé tanduran lan kéwan sing ana ing kono mati.

Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak

Sing menarik, dhaérah sing wit-wité ditebangi suwé-suwé isa dadi hutan manèh. Ahli ékologi wis nliti, meskipun wit-wit ing hutan ditebangi, tapi ternyata ora suwé bar kuwi ana akèh wit sing thukul ing kono lan akhiré dadi hutan manèh. Buktiné:

  • Para peneliti ngamati nèk ladhang pertanian sing ora dienggo manèh suwé-suwé bakal dadi hutan. Misalé, ing Amerika Utara, Amerika Selatan, lan Afrika Barat ana 2.200 ladhang sing wis ora ditanduri, ternyata ora nganti sepuluh taun lemahé isa subur manèh lan akèh wit sing thukul ing kono.

  • Ana laporan saka majalah Science. Menurut para peneliti, kira-kira 100 taun manèh hutan-hutan sing wis ditebangi kanggo lahan pertanian isa dadi hutan manèh kaya sakdurungé.

  • Para peneliti ing Brasil mbandhingké lahan endi sing luwih cepet dadi hutan manèh. Meréka mbandhingké lahan sing diréboisasi lan sing ora. Menurut laporan saka National Geographic, ”meskipun lahané ora ditanduri” tapi ternyata selama limang taun ”ana wit-wit sing thukul dhéwé ing kono”.

    FAKTA MENARIK

    Lahan Pertanian Isa Dadi Hutan Manèh

    Gambar lahan pertanian sing ditinggal lan ora ditanduri manèh. Sepuluh taun bar kuwi lemahé subur manèh. Terus 100 taun bar kuwi, dadi hutan sing lebat manèh.

    Lahan pertanian sing ditinggal lan ora ditanduri, suwé-suwé isa dadi hutan manèh. Hutan-hutan sing rusak merga alesan liyané ya isa pulih manèh.

Sing Wis Diupayakké Manungsa

Akèh wong ing sak donya ngrawat hutan-hutan sing wis ana lan berupaya bèn hutané isa luwih akèh manèh. Hasilé menurut PBB, ”penggundulan hutan sak donya wis berkurang luwih saka 50 persèn” selama 25 taun.

Tapi upaya kuwi durung cukup. Ing laporan saka Global Forest Watch disebutké nèk ”isih akèh hutan ing dhaérah tropis sing terus berkurang selama beberapa taun iki”.

Ana perusahaan-perusahaan sing nebangi wit-witan tapi ora ijin pamréntah lan meréka éntuk dhuwit sing akèh banget. Kuwi salah siji alesan akèh hutan sing rusak.

Petugas sing ngrawat hutan lagi ngecèk wit-witan.

Ana wong-wong sing tugasé ngrawat hutan, meréka mung nebang beberapa wit sing wis tuwa terus nandur sing anyar

Ing Alkitab Ana Harapan Apa?

”Gusti Allah Yéhuwaha nggawé lemah nukulké wit-witan sing apik lan sing buahé isa dipangan.”—Purwaning Dumadi 2:9.

Gusti Allah wis ngrancang bèn wit-wit ing hutan isa thukul manèh. Dadi, manungsa isa terus éntuk manfaat saka hutan. Gusti Allah ya péngin bèn hutan lan makhluk hidup sing ana ing kono isa terus ana.

Ing Alkitab ana keterangan nèk Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi. Deloken artikel ”Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak” ing halaman 15.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.

KETERANGAN LIYANÉ

Suami istri ing firdaus.

Ngapa kok awaké dhéwé isa yakin nèk bumi iki ora bakal hancur meskipun ana wong-wong sing lagi ngrusak bumi? Deloken vidéo Ngapa Gusti Allah Nggawé Bumi? ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim