BAB 14
Kanca-kancané Gusti Allah Nyingkiri Tumindak sing Salah
Iblis nggoda wong-wong bèn nindakké sing salah. Wong sing péngin dadi kancané Gusti Allah kudu nyengiti kabèh sing disengiti Yéhuwah. (Jabur 97:10) Perkara-perkara sing perlu disingkiri karo kanca-kancané Gusti Allah, yaiku:
Turu bareng karo sing dudu bojoné. ”Sira aja laku jina.” (Pangentasan 20:14) Turu bareng sadurungé nikah resmi kuwi uga dosa.—1 Korinta 6:18.
Mabuk utawa mendem. ”Wong sing tukang mabuk . . . ora bakal nampa berkah ing Kratoné Gusti Allah.”—1 Korinta 6:10, Basa Jawa Suriname (BJS).
Matèni wong, nggugurké kandhungan. ”Sira aja mematèni.”—Pangentasan 20:13.
Nyolong-njupuk. ”Sira aja nyenyolong.”—Pangentasan 20:15.
Ngapusi. Yéhuwah sengit karo ”ilat cidra”, utawa ngapusi.—Wulang Bebasan 6:17.
Kasar lan brangasan. ”[Yéhuwah] gething marang wong sing dhemen nganiaya.” (Jabur 11:5, Basa Jawi Padintenan [BJP]) ”Pakartiné daging [klebu] . . . brangasan.”—Galati 5:19, 20.
Judhi utawa totoan. ”Aja bebarengan karo wong sing . . . mata dhuwiten [utawa, srakah].”—1 Korinta 5:11, BJS.
Sengit karo bangsa liyané. ”Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet.”—Matéus 5:43, 44.
Kabèh sing wis diwulangké Gusti Allah kuwi kanggo kabecikané awaké dhéwé. Ora gampang nyingkiri tumindak sing salah. Ning, Yéhuwah lan para seksiné bakal mbantu panjenengan nyingkiri tumindak sing salah.—Yésaya 48:17; Filipi 4:13; Ibrani 10:24, 25.