Lagu 14
Kabèh Dadi Anyar
1. Yah mréntah, kuwi wis ana tandhané.
Sing dadi raja iku putrané.
Perang ing swarga wis dimenang’ké,
Ing bumi bakal k’lakon kersané.
(REFREIN)
Allah sing Mahakuwasa,
Ing antarané manungsa.
Ora ana susah lan lara,
Sedhih lan wong mati ’ra ana.
Gusti janji, ’Kabèh dadi anyar’
Kowé isa percaya.
2. Wong-wong kudu dikandhani bèn ngerti,
Yérusalèm anyar kutha suci.
Kaya mantèn sing wis didandani,
Mung kamulyané Yah sing lestari.
(REFREIN)
Allah sing Mahakuwasa,
Ing antarané manungsa.
Ora ana susah lan lara,
Sedhih lan wong mati ’ra ana.
Gusti janji, ’Kabèh dadi anyar’
Kowé isa percaya.
3. Yérusalèm anyar sing disenengi,
Umaté Yah bakal dadi seksi.
Ayo mbantu wong bèn padha ngerti,
Kamulyané Huwah sing sejati.
(REFREIN)
Allah sing Mahakuwasa,
Ing antarané manungsa.
Ora ana susah lan lara,
Sedhih lan wong mati ’ra ana.
Gusti janji, ’Kabèh dadi anyar’
Kowé isa percaya.
(Delengen uga Mt. 16:3; Wy. 12:7-9; 21:23-25.)