Lagu 4
Ngupayakké Jeneng sing Becik
1. Saben dinané, aku péngin nggawé,
Becik jenengku, ana ing ngarsané.
Tenanan nindak’ké, sing dadi kersané,
Isa nyeneng’ké, penggalihé.
2. Nggolèk kamulyan, ’ra ana gunané,
Lan kaurmatan, kanggo aku dhéwé.
Kuwi isa nggawé, Yah lara atiné,
Ora nyeneng’ké, penggalihé.
3. Kekarepanku, terus ngupayak’ké,
Jeneng becikku, ana ing bukuné.
Mung Huwah Gustiku, sing diandelaké,
Njaga jenengku, saklawasé.