PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Mei hlm. 26-31
  • Apa Jeneng Yéhuwah Penting kanggo Njenengan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Jeneng Yéhuwah Penting kanggo Njenengan?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”UMAT SING DISEBUT NGANGGO JENENGÉ”
  • ”KOWÉ KUWI SEKSI-SEKSI-KU”
  • CARANÉ MBUKTÈKKÉ NÈK JENENG YÉHUWAH KUWI PENTING
  • Jeneng Yéhuwah Kuwi Penting Banget kanggo Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • ”Pujinen Jenengé Yéhuwah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • ”Pilihen Dhéwé Sapa sing Arep Mbok Layani”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Mei hlm. 26-31

ARTIKEL PELAJARAN 23

LAGU 2 Yéhuwah Jeneng-Mu

Apa Jeneng Yéhuwah Penting kanggo Njenengan?

”Yéhuwah ngomong, ’Kowé kuwi seksi-seksi-Ku.’”—YÉS. 43:10.

INTI

Piyé bèn isa nyucèkké jeneng Yéhuwah lan mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi ora bener.

1-2. Apa buktiné nèk jeneng Yéhuwah kuwi penting banget kanggo Yésus?

JENENG Yéhuwah dadi hal sing paling penting kanggo Yésus. Yésus nduwé peran sing paling penting kanggo nggawé jeneng Yéhuwah dikenal wong-wong. Kaya sing wis dibahas ing artikel sakdurungé, Yésus nganti réla mati bèn jeneng Yéhuwah disucèkké. (Mrk. 14:36; Ibr. 10:​7-9) Ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné, Yésus bakal nyerahké manèh kekuasaané kanggo Yéhuwah bèn Yéhuwah sing diluhurké. (1 Kor. 15:​26-28) Kuwi kabèh mbuktèkké nèk Yésus sayang banget karo Yéhuwah.

2 Yésus teka ing bumi nganggo jenengé Bapaké. (Yoh. 5:43; 12:13) Dhèwèké nduduhké jenengé Bapaké ing murid-muridé. (Yoh. 17:​6, 26) Wektu mulang lan nggawé mukjijat, Yésus ya selalu nganggo jenengé Bapaké. (Yoh. 10:25) Malah wektu ndonga, Yésus njaluk bèn Yéhuwah nglindhungi murid-muridé ’demi jeneng Yéhuwah’. (Yoh. 17:11) Jelas banget nèk jeneng Yéhuwah kuwi sing paling penting kanggo Yésus. Dadi, nèk wong ngakuné muridé Yésus, kuduné dhèwèké ya ngerti lan nyebut jeneng Yéhuwah.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Nèk bener-bener muridé Yésus, kuduné ya kaya Yésus sing nganggep penting jeneng Yéhuwah. (1 Ptr. 2:21) Ing artikel iki bakal dibahas piyé Yéhuwah ngekèkké jenengé kanggo wong-wong sing martakké ”kabar apik soal Kerajaan”. (Mat. 24:14) Terus ya bakal dibahas sepira pentingé jeneng Yéhuwah kanggo awaké dhéwé masing-masing.

”UMAT SING DISEBUT NGANGGO JENENGÉ”

4. (a) Persis sakdurungé bali ing swarga, Yésus ngomong apa karo murid-muridé? (b) Pertanyaan apa sing bakal dibahas?

4 Persis sakdurungé bali ing swarga, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa. Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Dadi, murid-murid bakal martakké kabar apik ora mung ing Israèl, tapi ya ing endi-endi. Terus akhiré, wong-wong sak donya bakal nduwé kesempatan kanggo dadi muridé Yésus. (Mat. 28:​19, 20) Tapi Yésus kan ngomong, ’Kowé bakal dadi seksiku’, apa kuwi berarti wong-wong sing bakalé dadi muridé Yésus mung bakal dadi seksiné Yésus lan ora perlu kenal jeneng Yéhuwah? Bèn ngerti jawabané, ayo mbahas peristiwa ing Kisah bab 15.

5. Apa sing dibahas para rasul lan pinituwa ing Yérusalèm, sing nduduhké nèk kabèh sing dadi muridé Yésus kudu ngerti jeneng Yéhuwah? (Deloken gambar.)

5 Wektu kuwi taun 49 M. Para rasul lan pinituwa ing Yérusalèm lagi mbahas apa wong sing dudu Yahudi kudu disunat bèn isa dadi Kristen. Ing akhir pembahasan kuwi, Yakobus ngomong, ”[Pétrus] wis nyritakké kabèh soal piyé Gusti Allah wis nggatèkké wong-wong saka bangsa liya lan milih saka antarané wong-wong kuwi umat sing disebut nganggo jenengé.” Jenengé sapa sing dimaksud Yakobus? Dhèwèké ngutip kata-katané Nabi Amos, ”Supaya wong-wong sing isih urip ing antarané wong-wong kuwi padha nggolèki Aku, Yéhuwah, bareng karo wong-wong saka kabèh bangsa, umat sing disebut nganggo jeneng-Ku. Aku, Yéhuwah, sing ngomongké iki.” (Kis. 15:​14-18) Dadi, para murid sing anyar kuwi ora mung bakal belajar soal Yéhuwah, tapi ya ’disebut nganggo jenengé’. Kuwi berarti wong-wong bakal ngerti nèk meréka mewakili jeneng Yéhuwah.

Yakobus lagi omongan karo beberapa rasul lan pinituwa ing Yérusalèm. Ana loro sing lagi mbukak gulungan karo ngrungokké.

Ing rapaté pengurus pusat pas jamané para rasul, meréka nyimpulké nèk wong Kristen ya kudu dadi umat sing disebut nganggo jenengé Gusti Allah (Deloken paragraf 5)


6-7. (a) Apa tujuané Yésus teka ing bumi? (b) Tujuan apa manèh sing luwih penting?

6 Arti jeneng Yésus kuwi ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”, lan Yésus mémang terbukti dadi saranané Yéhuwah kanggo nylametké wong-wong sing beriman karo Yéhuwah lan Yésus. Tujuané Yésus teka ing bumi kuwi masrahké uripé dadi tebusan kanggo manungsa. (Mat. 20:28) Merga tebusan, manungsa isa dislametké lan nduwé kesempatan urip saklawasé.—Yoh. 3:16.

7 Nah, ngapa kok kudu ana tebusan? Kaya ing artikel sakdurungé, pas ing Taman Èden, Adam karo Hawa mbrontak nglawan Yéhuwah, dadi ora isa urip saklawasé. Makané keturunané butuh ditebus bèn isa urip saklawasé. (PD. 3:​6, 24) Tapi sakjané, Yésus teka ing bumi kuwi ora mung kanggo nylametké keturunané Adam karo Hawa. Ana tujuan liyané sing luwih penting. Wektu kuwi, Sétan ngrusak réputasiné Yéhuwah. (PD. 3:​4, 5) Keturunané Adam lan Hawa kudu ngerti nèk Yéhuwah ora kaya sing ditudhuhké Sétan. Jeneng Yéhuwah kudu disucèkké. Nah, Yésus kuwi sing paling cocog kanggo nyucèkké jeneng Yéhuwah. Soalé, dhèwèké wakilé Yéhuwah lan selalu melakukan sing dadi karepé Yéhuwah.

Nèk wong ngakuné muridé Yésus, kuduné dhèwèké ya ngerti lan nyebut jeneng Yéhuwah

8. Kabèh sing dadi muridé Yésus kudu ngakoni apa?

8 Kabèh muridé Yésus, ora soal wong Yahudi utawa dudu Yahudi, kudu ngakoni nèk sing marakké meréka isa slamet kuwi Bapaké Yésus, yaiku Yéhuwah. (Yoh. 17:3) Terus kaya Yésus, meréka ya bakal disebut nganggo jeneng Yéhuwah. Meréka ya kudu nyucèkké jeneng Yéhuwah bèn isa slamet lan urip saklawasé. (Kis. 2:​21, 22) Dadi, kabèh muridé Yésus kudu belajar soal Yéhuwah lan Yésus. Makané ing akhir dongané ing Yohanes 17 Yésus ngomong, ”Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong kuwi lan aku ya bakal terus nindakké kuwi. Dadi, wong-wong kuwi isa padha-padha nresnani kaya Njenengan nresnani aku, lan aku ya isa bersatu karo wong-wong kuwi.”—Yoh. 17:26.

”KOWÉ KUWI SEKSI-SEKSI-KU”

9. Kuduné, piyé pandhangané murid-muridé Yésus soal jeneng Yéhuwah?

9 Saka sing wis dibahas, jelas nèk kabèh muridé Yésus kudu nyucèkké jeneng Yéhuwah. (Mat. 6:​9, 10) Meréka kudu nganggep nèk jeneng Yéhuwah kuwi hal sing paling penting, lan kudu mbuktèkké kuwi liwat perbuatan. Tapi, kanggo nyucèkké jeneng Yéhuwah lan mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi ora bener, kudu piyé?

10. Ing Yésaya bab 42 nganti 44 ana keterangan soal apa? (Yésaya 43:9; 44:​7-9) (Deloken gambar.)

10 Ing Yésaya bab 42 nganti 44 ana keterangan soal kudu piyé kanggo nyucèkké jeneng Yéhuwah. Ing bab-bab kuwi, Yéhuwah seolah-olah ana ing pengadilan. Yéhuwah nantang wong-wong sing nyembah allah-allah palsu kanggo mbuktèkké apa mémang allah-allahé bener-bener ana. Yéhuwah ya njaluk seksi-seksi sing isa mbuktèkké kuwi. Tapi kenyataané, ora ana sing isa mbuktèkké.—Wacanen Yésaya 43:9; 44:​7-9.

Gambar: Para malaékat mabur ing ndhuwur bumi pas para sedulur lagi nyucèkké jeneng Yéhuwah. 1. Suami istri lagi jaga gerai. 2. Cah wédok ngekèkké kartu kontak jw.org ing kanca sekolahé. 3. Sedulur lanang ngekèki kesaksian karo mas-mas ing kendaraan umum. 4. Sedulur lanang diborgol karo dicekeli polisi. 5. Sedulur wédok ing rumah sakit ngandhani dokter nèk dhèwèké ora gelem ditransfusi.

Liwat omongan lan perbuatan, awaké dhéwé mbuktèkké nèk ora ana Gusti Allah liya selain Yéhuwah (Deloken paragraf 10-11)


11. Ing Yésaya 43:​10-12 Yéhuwah ngandhani umaté apa?

11 Wacanen Yésaya 43:​10-12. Yéhuwah ngandhani umaté, ”Kowé kuwi seksi-seksi-Ku, . . . Aku Gusti Allah.” Terus Yéhuwah takon, ”Apa ana Gusti Allah sakliyané Aku?” (Yés. 44:8) Nah, awaké dhéwé nduwé kehormatan luar biasa kanggo njawab pertanyaan kuwi. Liwat omongan lan perbuatan, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk mung Yéhuwah Gusti Allah sing bener lan ora ana sing luwih unggul timbang jeneng Yéhuwah. Saben dina, awaké dhéwé ya isa mbuktèkké nèk bener-bener sayang lan setya karo Yéhuwah ora soal ngadhepi tantangan apa saka Sétan. Kuwi carané awaké dhéwé isa nyucèkké jeneng Yéhuwah.

12. Piyé ramalan ing Yésaya 40:​3, 5 kelakon?

12 Yésaya ya ngramalké nèk bakal ana wong sing ’nyiapké dalan kanggo Yéhuwah’. (Yés. 40:3) Kuwi kelakon wektu Yohanes Pembaptis nyiapké dalan kanggo Yésus. Yésus kuwi ”dalan kanggo Yéhuwah” soalé dhèwèké teka lan ngomong nganggo jeneng Yéhuwah. (Mat. 3:3; Mrk. 1:​2-4; Luk. 3:​3-6) Ing ramalan kuwi ya disebutké, ”Yéhuwah bakal nduduhké kemuliaané.” (Yés. 40:5) Kuwi kelakoné piyé? Wektu ing bumi, Yésus bener-bener isa mewakili Yéhuwah nganti seolah-olah kaya Yéhuwah dhéwé sing teka ing bumi.—Yoh. 12:45.

13. Piyé carané niru Yésus?

13 Nèk nyucèkké jeneng Yéhuwah kuwi berarti niru Yésus. Kaya Yésus, awaké dhéwé ya disebut Seksi Yéhuwah. Kuwi berarti kudu ngandhani wong-wong soal perbuatané Yéhuwah sing luar biasa. Tapi, bèn isa melakukan kuwi ya kudu ngandhani soal sing dilakukan Yésus kanggo nyucèkké jeneng Yéhuwah. (Kis. 1:8) Yésus kuwi seksiné Yéhuwah sing terbaik sing kudu diconto. (Why. 1:5) Apa manèh carané mbuktèkké nèk jeneng Yéhuwah penting banget kanggo awaké dhéwé?

CARANÉ MBUKTÈKKÉ NÈK JENENG YÉHUWAH KUWI PENTING

14. Piyé kuduné perasaané awaké dhéwé soal jeneng Yéhuwah? (1 Korintus 1:31)

14 Bangga karo jeneng Yéhuwah. (Wacanen 1 Korintus 1:31.) Yéhuwah seneng wektu awaké dhéwé mbanggak-mbanggakké jenengé. (Yér. 9:​23, 24; 2 Kor. 10:17) Awaké dhéwé ya ngrasa kuwi kehormatan isa nyucèkké jeneng Yéhuwah lan ngandhani wong liya soal jeneng kuwi. Awaké dhéwé ora bakal isin ngandhani kanca kerja, kanca sekolah, tangga, utawa wong liya nèk awaké dhéwé iki Seksi-Seksi Yéhuwah. Sétan pénginé jeneng Yéhuwah ora dicritak-critakké manèh. (Yér. 11:21; Why. 12:17) Malah, Sétan lan bala-balané péngin wong-wong padha nglalèkké utawa wis ora nganggep penting jeneng kuwi. (Yér. 23:​26, 27) Tapi, merga sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé péngin terus muji jeneng Yéhuwah ”saben dina”.—Mzm. 5:11; 89:16.

15. Apa maksudé nyebut jeneng Yéhuwah?

15 Terus nyebut jeneng Yéhuwah. (Yl. 2:32; Rm. 10:​13, 14) Kuwi maksudé ora mung ngerti lan nyebut jenengé thok, tapi ya kudu percaya, ngerti sifat-sifaté, lan selalu njaluk bantuan lan tuntunané Yéhuwah. (Mzm. 20:7; 99:6; 116:4; 145:18) Kuwi ya berarti ngandhani wong-wong soal jeneng Yéhuwah lan sifat-sifaté sing luar biasa. Terus ya nyemangati meréka bèn ora melakukan manèh hal-hal sing ora disenengi Yéhuwah, tapi gelem berubah bèn akhiré isa nggawé Yéhuwah seneng lan meréka dislametké.—Yés. 12:4; Kis. 2:​21, 38.

16. Piyé carané mbuktèkké nèk Sétan kuwi sing ngapusi?

16 Gelem sengsara demi jeneng Yéhuwah. (Yak. 5:​10, 11) Nèk tetep setya karo Yéhuwah meskipun lagi susah, awaké dhéwé mbuktèkké nèk Sétan sing ngapusi. Mbiyèn Sétan tau ngomong, ”[Wong] bakal mènèhké apa waé bèn isa tetep urip.” (Ayb. 2:4) Sétan nudhuh nèk wong gelem nglayani Yéhuwah kuwi mung nèk uripé pénak. Tapi nèk ngadhepi masalah, meréka bakal ninggalké Yéhuwah. Nah, Ayub mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan ora bener. Padha kaya Ayub, awaké dhéwé ya isa bertékad kanggo terus setya nglayani Yéhuwah meskipun lagi ngalami kesulitan, utawa diserang Sétan nganggo akèh masalah. Yakina nèk Yéhuwah bakal terus njaga awaké dhéwé demi jenengé.—Yoh. 17:11.

17. Menurut 1 Pétrus 2:​12, apa manèh carané ngluhurké jeneng Yéhuwah?

17 Berupaya bèn jeneng Yéhuwah dipuji. (WB. 30:9; Yér. 7:​8-11) Merga nganggo jeneng Yéhuwah, sing awaké dhéwé lakukan isa marakké jeneng Yéhuwah dipuji utawa malah dirèmèhké. (Wacanen 1 Pétrus 2:12.) Makané, awaké dhéwé péngin berupaya bèn omongan lan perbuatané awaké dhéwé isa marakké Yéhuwah dipuji. Kuwi isa diupayakké bahkan meskipun awaké dhéwé durung sempurna.

18. Apa cara liyané kanggo mbuktèkké nèk jeneng Yéhuwah kuwi penting kanggo awaké dhéwé? (Deloken cathetan ngisor.)

18 Nganggep réputasiné Yéhuwah luwih penting timbang réputasiné awaké dhéwé. (Mzm. 138:2) Nduwé pandhangan kaya ngono kuwi penting soalé wektu melakukan hal-hal sing nggawé Yéhuwah seneng isa waé ana sing ngèlèk-èlèk awaké dhéwé.a Kuwi dialami Yésus. Wektu mati, Yésus dianggep penjahat. Tapi, Yésus réla dianggep kaya ngono merga kanggoné Yésus sing penting kuwi jeneng Yéhuwah diluhurké. Dhèwèké ”ora ngrasa isin” lan ora mikirké pandhangané wong soal dhèwèké. (Ibr. 12:​2-4) Fokusé Yésus mung nglakoni karepé Yéhuwah.—Mat. 26:39.

19. Piyé perasaané njenengan soal jeneng Yéhuwah, lan apa alesané?

19 Awaké dhéwé bangga karo jeneng Yéhuwah lan bangga isa disebut Seksi-Seksi Yéhuwah. Makané meskipun dirèmèhké, awaké dhéwé bakal terus muji Yéhuwah. Jeneng Yéhuwah kuwi luwih penting timbang réputasiné awaké dhéwé. Dadi, ora soal apa sing Sétan lakukan bèn awaké dhéwé ora semangat, ayo bertékad terus muji jeneng Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé kaya Yésus sing nganggep jeneng Yéhuwah dadi hal sing paling penting.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok murid-muridé Yésus nganggep nèk jeneng Yéhuwah kuwi penting?

  • Awaké dhéwé saiki dadi seksi kanggo apa?

  • Apa buktiné nèk nganggep jeneng Yéhuwah kuwi penting?

LAGU 10 Pujinen Yéhuwah

a Bahkan Ayub, wong sing setya, ya tau luwih mentingké réputasiné dhéwé. Mauné, wektu anak-anaké mati terus hartané entèk ”Ayub ora dosa lan ora nyalahké Gusti Allah”. (Ayb. 1:22; 2:10) Tapi, wektu kancané telu nudhuh dhèwèké berbuat salah, omongané Ayub mulai ”ngawur”. Kuwi bukti nèk wektu kuwi Ayub luwih mentingké réputasiné dhéwé timbang réputasiné Yéhuwah.—Ayb. 6:3; 13:​4, 5; 32:2; 34:5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim