Lagu 54
Kudu Nduwé Iman
1. Wis bola-bali Huwah ngendika,
Lantaran nabi sing setya.
Lan saiki lumantar Sang Putra,
’Ayo wong mertobata!’
(REFREIN)
Apa imanku t’rus nyata?
Bèn isa urip santosa.
Nindak’ké iman ’mben dina.
Iman iki sing nylamet’ké nyawa.
2. Seneng manut Yésus lan dhawuhé.
Terus nginjil bab Kratoné.
Aja isin lan wedi ngumum’ké,
Sing bener diwartak’ké.
(REFREIN)
Apa imanku t’rus nyata?
Bèn isa urip santosa.
Nindak’ké iman ’mben dina.
Iman iki sing nylamet’ké nyawa.
3. Jangkar sing kuwat imanku iki,
Aku ora bakal wedi.
Senajan wong-wong padha mungsuhi,
Huwah bakal ngayomi.
(REFREIN)
Apa imanku t’rus nyata?
Bèn isa urip santosa.
Nindak’ké iman ’mben dina.
Iman iki sing nylamet’ké nyawa.
(Delengen uga Rm. 10:10; Éf. 3:12; Ib. 11:6; 1 Yo. 5:4.)