PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rk bagéan 8 hlm. 20-21
  • Nabi Isa Dadi Almasih

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nabi Isa Dadi Almasih
  • Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Aku Iki Peladèné Gusti”
    Tirunen Imané
  • Yésus Kristus Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Gabrièl Nemoni Maria
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yésus Dihormati Sakdurungé Lair
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Carané Bèn Isa Urip Ayem Tentrem
rk bagéan 8 hlm. 20-21

BAGÉAN 8

Nabi Isa Dadi Almasih

LUWIH saka 500 taun sakwisé nabi Dhanièl ngramal bab Almasih, malaékaté Gusti Allah sing jenengé Jibril, nekani wong wédok sing isih prawan jenengé Maryam, keturunané Raja Dawud. Malaékat Jibril kandha, ”Bagéa, kowé kang kinasihan, Pangéran tansah nganthi marang kowé.” (Lukas 1:28) Ning, Maryam wedi. Apa maksudé malaékat Jibril kandha ngono?

Malaékat Jibril nemoni Maryam

Malaékat Jibril ngandhani Maryam, nèk Maryam bakal nglairké Almasih

Malaékat Jibril kandha, ”Aja wedi, Maryam, awit kowé olèh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangéran. Lah kowé bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yésus [Isa] . . . Gusti Allah bakal maringi marang Panjenengané dhamparé sang prabu Dawud, leluhuré . . . kratoné iku bakal ora ana wekasané.” (Lukas 1:30-33) Iki kabar sing apik banget. Maryam bakal nglairké Almasih sing wis diarep-arep tekané.

Akhiré nabi Isa lair ing Bètléhèm. Mbenginé ana malaékat sing ngandhani wong-wong sing angon wedhus, ”Kowé padha dakwartani kabungahan gedhé . . . Ing dina iki wis miyos [lair] Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus.” (Lukas 2:10, 11) Banjur, keluargané nabi Isa pindhah ing Nazarèt lan manggon ing kono nganti nabi Isa gedhé.

Wong-wong ngerti nèk taun 29 M, keturunan sing dijanjèkké kuwi bakal dadi Almasih. Wektu kuwi nabi Isa dilantik dadi abdiné Gusti Allah, pas ”kurang luwih yuswa telung puluh taun”. (Lukas 3:23) Suwé-suwé wong-wong ngerti nèk nabi Isa kuwi diutus Gusti Allah. Wong-wong kandha, ”Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita.” (Lukas 7:16, 17) Nabi Isa mulang apa waé?

Nabi Isa mulang wong-wong bèn tresna lan nyembah Gusti Allah: Nabi Isa ngendika, ”Pangéran Allah kita iku siji. Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadéné kalawan sakabèhing kakuwatanira.” (Markus 12:29, 30) Nabi Isa uga ngendika, ”Pangéran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengané iku kang kudu sira abektèni.”​—Lukas 4:8.

Nabi Isa mulang wong-wong bèn tresna siji lan sijiné: Nabi Isa ngendika, ”Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhéwé.” (Markus 12:31) Uga ngendika, ”Mulané apa sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasané Torèt lan kitabé para nabi.”​—Matéus 7:12.

Nabi Isa kanthi semangat mulang bab Kratoné Gusti Allah: Nabi Isa ngendika, ”Injilé Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakaké . . . sabab iya iku preluné anggonKu kautus.” (Lukas 4:43) Apa sebabé Kratoné Gusti Allah kuwi penting kanggo diwartakké?

Kitab Suci mulang nèk Kratoné Gusti Allah kuwi pamréntahan ing swarga lan bakal mréntah salumahing bumi. Nabi Isa, sang Almasih, dilantik Gusti Allah dadi rajané. Gusti Allah nduduhi nabi Dhanièl nèk ing swarga Gusti Allah bakal maringi Almasih ”pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajané”. (Dhanièl 7:14) Kratoné kuwi bakal ndadèkké bumi dadi Pirdus lan maringi urip langgeng kanggo umaté sing setya marang Gusti Allah. Kuwi rak kabar sing apik, ta?

Apa Jawabané?

  • Malaékat Jibril ngandhani Maryam apa?

  • Ramalan apa sing kelakon ing taun 29 M?

  • Nabi Isa mulang apa waé?

  • Kratoné Gusti Allah kuwi apa, lan apa sing bakal ditindakké Kraton iku?

Yésus mulang kumpulan wong akèh

Sapa Sejatiné Nabi Isa Almasih Kuwi?

Sebutan ”Almasih” tegesé ”Sing Dilantik”, yaiku sing dipilih lan diparingi jabatan karo Gusti Allah. Nabi Isa ana, merga Gusti Allah sing nggawé. Nganggo kwasané Gusti Allah, nabi Isa dilairké Maryam sing isih prawan. Kuwi mukjijat saka Gusti Allah.

Apa sebabé wong-wong percaya karo nabi Isa? Alesané yaiku:

  • Wulangané nabi Isa dhasaré saka Kitab Suci.

  • Piwulang lan tumindaké nabi Isa dadi conto kanggo wong-wong sing tulus atiné.

  • Nabi Isa nggawé akèh mukjijat merga kwasané Gusti Allah.

  • Akèh ramalan ing Kitab Suci kedadéan ing uripé nabi Isa.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim