PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jl pelajaran 28
  • Ana Apa Waé ing Situsé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ana Apa Waé ing Situsé Seksi-Seksi Yéhuwah?
  • Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?
    Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?
  • Pertanyaan-Pertanyaan sing Mungkin Dipikirké
    Gatèkna!—2019
  • Carané Nganggo Halaman Utama JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
jl pelajaran 28

BAB 28

Ana Apa Waé ing Situs Wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Wong wédok lagi sinau Alkitab nganggo komputeré

Prancis

Keluarga nggunakaké komputer

Polandia

Wong wédok ndelok vidhéo basa isarat ing Internèt

Rusia

Yésus Kristus kandha marang para muridé, ”Padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak tandukmu kang becik, temah padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga.” (Matéus 5:16) Merga alesan iku, Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké piranti sing luwih maju, yaiku Internèt. Situsé Seksi-Seksi Yéhuwah dijenengi jw.org. Iku dadi sumberé katrangan sing asli bab kapracayan lan gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana apa waé ing situs wèb resminé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Ana jawabané Alkitab kanggo pitakonan sing kerep ditakokaké wong. Panjenengan bisa éntuk jawaban saka pitakonan sing kerep ditakokaké. Contoné, selebaran Apa kasusahan bakal ana entèké? lan Apa wong mati bener-bener bisa urip manèh? bisa diwaca ing Internèt ing luwih saka 600 basa. Panjenengan uga bisa maca Alkitab Terjemahan Dunia Baru sing dicétak nganggo luwih saka 130 basa. Panjenengan bisa maca lan ngrungokaké buku lan majalah kanggo sinau Alkitab ing Internèt, utawa diundhuh nganggo bentuk sing umum digunakaké kaya MP3, PDF, utawa EPUB. Buku lan majalah iku contoné, buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? lan cétakan anyar Warta Penting lan Sadarlah! Yèn ana wong liya sing kepéngin maca nganggo basané dhéwé, panjenengan bisa nyétak banjur diwènèhaké wong mau. Ana bahan sinau Alkitab kanggo wong bisu, sing direkam nganggo vidhéo. Panjenengan uga bisa ngundhuh crita Alkitab sing diwaca kaya sandiwara, sandiwara Alkitab, lan musik sing kepénak dirungokaké.

Ana katrangan satenané bab Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana warta sing paling anyar lan vidhéo cendhak bab Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya. Contoné, bab apa waé sing lagi ditindakaké lan bab upayané kanggo mbantu sedulur sing lagi kena musibah. Panjenengan bisa éntuk katrangan bab kebaktian sing bakal ana, lan bab alamat kantor-kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah.

Nganggo situs iki, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa martakaké kabar apik ing mèh kabèh panggonan ing bumi. Wong-wong sing manggon ing kabèh benua, klebu benua Antartika, uga bisa ngrasakaké gunané. Seksi-Seksi Yéhuwah ndonga supaya ”pangandikané Gusti saya maju” ing salumahing bumi, kanggo ngluhuraké Yéhuwah.—2 Tésalonika 3:1.

  • Kepriyé carané jw.org mbantu wong akèh supaya bisa ngerti sing bener bab Alkitab?

  • Panjenengan kepéngin ngerti apa waé saka Situs Wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah?

PANJENENGAN MESTHI NGATI-ATI!

Ana wong-wong sing sengaja nggawé situs Internèt, sing isiné katrangan sing ora bener bab pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah. Wong-wong iku ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah, lan kepéngin supaya wong liya ora bisa ngabdi marang Yéhuwah. Situs-situs kaya ngono aja dibukak lan aja diwaca.​—Jabur 1:1; 26:4; Rum 16:17.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim