PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 6 hlm. 20-hlm. 21 par. 8
  • Anak sing Dijanjèkké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Anak sing Dijanjèkké
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’
    Tirunen Imané
  • ”Aku Iki Peladèné Gusti”
    Tirunen Imané
  • Maria—Mbobot Nanging Durung Nikah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 6 hlm. 20-hlm. 21 par. 8
Yusuf, Maria, lan Nabiah Hana ndelok Siméon nggéndhong bayi Yésus

BAB 6

Anak sing Dijanjèkké

LUKAS 2:21-39

  • YÉSUS DISUNAT BANJUR DIGAWA ING BAIT

Yusuf lan Maria tetep manggon ing Bètléhèm lan ora bali menyang Nazarèt. Wektu umur wolung dina, Yésus disunat kaya sing dipréntahké Hukumé Gusti Allah marang wong Israèl. (Kaimaman 12:2, 3) Ing dina kuwi uga bayi lanang dijenengi, kaya kebiasaané wong Israèl. Yusuf lan Maria uga njenengi bayiné, yaiku Yésus, kaya préntahé malaékat Gabrièl.

Saiki wis luwih saka sesasi, lan Yésus umuré wis 40 dina. Wong tuwané nggawa Yésus menyang bait ing Yérusalèm, sing ora adoh saka omahé. Hukum Taurat kandha nèk 40 dina sakwisé nglairké anak lanang, wong wadon Israèl kudu mènèhi persembahan kurban ing bait kanggo nyucèkké badan.​—Kaimaman 12:4-8.

Maria uga nindakké kuwi. Miturut Hukum Taurat, persembahan sing kudu diwènèhké yaiku siji wedhus gèmbèl lanang enom lan siji manuk. Nanging nèk ora mampu, wong wadon kuwi éntuk mènèhké manuk derkuku sak jodho utawa piyik dara loro. Kanggo mènèhi persembahan, Maria nggawa manuk cilik loro. Saka persembahané, kita isa ngerti kahanan ékonominé Yusuf lan Maria.

”PAS WEKTUNÉ KANGGO MÈNÈHKÉ KURBAN PASUCÈN”

Yusuf lan Maria nggawa bayi Yésus ing bait kanggo mènèhi kurban pasucèn

Wektu nglairké, wong wadon Israèl dadi najis kanggo sawetara wektu. Sakwisé mangsa najisé rampung, dhèwèké kudu mènèhké kurban bakaran kanggo nyucèkké badan. Kuwi ngélingké nèk kabèh wong klebu bayi sing lagi waé lair kuwi dosa. Nanging, bayi Yésus kuwi sampurna lan suci. (Lukas 1:35) Senajan ngono, Maria lan Yusuf tetep ”nggawa Yésus menyang” bait lan ”mènèhké kurban pasucèn” kaya préntahé hukum Taurat.​—Lukas 2:22.

Ing bait, ana wong lanang sing wis tuwa jenengé Siméon. Gusti Allah wis ngandhani Siméon nèk sakdurungé mati dhèwèké bakal ndelok Kristus utawa Mèsias sing dijanjèkké Yéhuwah. Ing dina kuwi, merga dituntun roh suci, Siméon mlebu ing bait. Ing kana dhèwèké ketemu karo Yusuf, Maria, lan bayiné. Siméon nyedhaki Yusuf lan Maria, banjur nggéndhong bayi kuwi.

Karo nggéndhong Yésus, Siméon ngucap sokur marang Gusti Allah, ”Gusti sing Mahakuwasa, kaya sing wis Panjenengan ngendikakké, saiki budhak Panjenengan iki isa mati kanthi tentrem, merga mripatku wis ndelok keslametan sing wis Panjenengan siapké ing ngarepé kabèh bangsa. Dhèwèké kuwi pepadhang kanggo nyingkirké pepeteng sing nutupi bangsa-bangsa, lan dhèwèké kuwi kamulyan kanggo Israèl, umaté Panjenengan.”​—Lukas 2:29-32.

Yusuf lan Maria nggumun banget krungu omongané Siméon. Siméon mberkahi wong loro kuwi lan kandha marang Maria nèk ”ana wong-wong Israèl sing bakal tiba lan ana sing bakal tangi” merga anaké Maria. Siméon uga kandha nèk Maria bakal ngrasa sedhih, kaya-kaya ditusuk pedhang sing landhep.​—Lukas 2:34.

Ing kono uga, ana nabiah sing umuré 84 taun jenengé Hana. Dhèwèké ajeg teka ing bait. Ing wektu kuwi, dhèwèké uga mara nyedhaki Yusuf, Maria, lan bayiné. Hana uga mulai ngucap sokur marang Gusti Allah lan ngomongké bab Yésus marang kabèh wong sing gelem ngrungokké.

Panjenengan mesthi isa mbayangké piyé bungahé Yusuf lan Maria sakwisé weruh kedadéan-kedadéan mau ing bait. Wong loro kuwi mesthi saya yakin nèk anaké kuwi Mèsias sing dijanjèkké Gusti Allah.

  • Kapan bayi lanang Israèl diwènèhi jeneng?

  • Apa sing kudu ditindakké wong wadon Israèl wektu anaké lanang wis umur 40 dina? Apa sing kita ngertèni bab kahanan ékonominé Maria?

  • Ing bait, sapa waé sing ngerti nèk Yésus kuwi anak sing dijanjèkké, lan apa sing ditindakké wong-wong kuwi?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim