PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 58 hlm. 140-hlm. 141 par. 2
  • Yésus Nggawé Mukjijat bab Roti lan Ngélikké bab Ragi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésus Nggawé Mukjijat bab Roti lan Ngélikké bab Ragi
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mènèhi Mangan Éwonan Wong Nganggo Roti Lima lan Iwak Loro
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 58 hlm. 140-hlm. 141 par. 2
Yésus lan sapérangan muridé ana ing prau

BAB 58

Yésus Nggawé Mukjijat Bab Roti lan Ngélikké Bab Ragi

MATIUS 15:32–16:12 MARKUS 8:1-21

  • YÉSUS MÈNÈHI MANGAN 4.000 WONG

  • YÉSUS NGÉLIKKÉ BAB RAGINÉ WONG FARISI

Ing Dékapolis, ing sisih wétané Laut Galiléa, kumpulan wong padha teka marani Yésus. Wong-wong kuwi teka kanggo ngrungokké lan dimarèkké Yésus. Wong-wong kuwi padha nggawa kranjang-kranjang gedhé utawa kranjang perbekalan.

Akiré, Yésus ngandhani para muridé, ”Aku mesakké karo wong akèh iki. Wong-wong iki wis telung dina bareng aku lan wong-wong iki ora nduwé panganan. Nèk aku ngongkon wong-wong iki mulih padahal wetengé isih luwé mengko isa semaput ing dalan, lan ing antarané wong-wong iki ana sing teka saka adoh.” Murid-muridé takon, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi, saka endi awaké dhéwé isa éntuk cukup roti kanggo ngekèki mangan wong akèh iki?”​—Markus 8:2-4.

Wong lanang nggawa kranjang lan Yésus nyuwil-nyuwil roti

Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu, lan ana iwak-iwak cilik nanging mung sithik.” (Matius 15:34) Yésus banjur ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah. Yésus njupuk roti lan iwak-iwak kuwi, ndonga marang Gusti Allah, lan ngekèkké marang murid-muridé kanggo diedumké. Sing nggumunké, kabèh wong mangan nganti wareg. Wektu sisané diklumpukké, akèhé nganti pitung kranjang gedhé, padahal sing mangan ana kira-kira 4.000 wong lanang, durung klebu wong wadon lan bocah-bocah.

Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus lan para muridé numpak prau menyang Magadan, ing pesisir sisih kulon saka Laut Galiléa. Ing kana, wong-wong Farisi lan sapérangan wong Saduki ngupaya nguji Yésus, lan njaluk Yésus nduduhké tandha saka swarga.

Merga ngerti maksudé wong-wong kuwi, Yésus njawab, ”Ing wayah soré, kowé kandha, ’Cuacané bakal apik merga langité warnané abang,’ lan ing wayah ésuk, ’Cuaca dina iki bakal udan lan adhem, merga langité warnané abang nanging mendhung.’ Kowé isa ngerti cuacané bakal kaya apa wektu ndelok langit, nanging kowé ora ngerti tegesé kedadéan-kedadéan sing kelakon saiki.” (Matius 16:2, 3) Banjur Yésus ngandhani wong-wong kuwi nèk ora bakal ana tandha sing diwènèhké sakliyané tandha Yunus.

Yésus lan para muridé banjur numpak prau menyang Bètsaida, ing pesisir timur-laut saka Laut Galiléa. Ing perjalanan, para murid sadhar nèk ora nggawa cukup roti. Wong-wong kuwi mung nduwé roti siji. Merga éling nèk bar ketemu karo wong-wong Farisi lan Saduki sing dadi pengikuté Hérodès, Yésus ngélikké murid-muridé, ”Padha diawas. Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi lan raginé Hérodès.” Para murid mikir nèk Yésus nyebutké bab ragi iki mesthi merga para murid lali nggawa roti. Yésus ngerti nèk para murid salah paham, mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé padu bab roti?”​—Markus 8:15-17.

Yésus lagi waé mènèhi roti kanggo éwonan wong. Mula, kuduné para murid ngerti nèk Yésus ora lagi nguwatirké bab roti. Yésus takon, ”Apa kowé ora éling wektu aku nyuwil-nyuwil limang roti kanggo 5.000 wong lanang, ana pirang kranjang sisané sing kok klumpukké?” Para murid njawab, ”Rolas.” Yésus takon manèh, ”Wektu aku nyuwil-nyuwil pitung roti kanggo 4.000 wong lanang, ana pirang kranjang gedhé sisané sing kok klumpukké?” Para murid njawab, ”Pitu.”​—Markus 8:18-20.

Yésus takon, ”Ngapa kok kowé ora ngerti nèk sing tak omongké kuwi dudu bab roti?” Yésus banjur kandha, ”Nanging aku lagi ngélikké kowé kabèh supaya waspada marang raginé wong-wong Farisi lan Saduki.”​—Matius 16:11.

Para murid akiré paham. Yésus nggunakké ragi kanggo nglambangké karusakan, merga ragi isa nyebabké ferméntasi lan nggawé roti dadi ngembang. Mula, Yésus ngélikké para muridé supaya waspada karo ”ajarané wong-wong Farisi lan Saduki” sing isa mènèhi pengaruh sing ngrusak.​—Matius 16:12.

  • Apa sebabé kumpulan wong padha teka marani Yésus?

  • Wektu Yésus nyebutké bab ragi, apa sing dipikirké para muridé?

  • Apa maksudé Yésus wektu ngomong bab ”raginé wong-wong Farisi lan wong Saduki”?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim