PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 6 hlm. 20-hlm. 21 par. 5
  • Ana Wong Wolu sing Slamet

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ana Wong Wolu sing Slamet
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kapalé Nuh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Wulangan Saka Jaman Mbiyèn
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Dhèwèké Mlaku Karo Gusti Allah
    Tirunen Imané
  • Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 6 hlm. 20-hlm. 21 par. 5
Kapalé mulai ngapung pas udan deres

PELAJARAN 6

Ana Wong Wolu sing Slamet

Nuh, keluargané, lan kéwan-kéwan metu saka kapal

Nuh, keluargané, lan kéwan-kéwan mlebu kapal. Terus, Yéhuwah nutup pintuné. Bar kuwi mulai udan, udané deres banget. Kapalé mulai ngapung. Akhiré, buminé kleleb banyu. Wong-wong sing ora mlebu kapal mati kabèh. Tapi, Nuh lan keluargané slamet. Meréka mesthi seneng banget merga manut karo Yéhuwah.

Sakwisé 40 dina lan 40 wengi, udané mandheg. Terus, banyuné mulai surut. Akhiré, kapalé mandheg ing pegunungan. Tapi, isih akèh daratan sing kleleb banyu, dadi Nuh lan keluargané durung isa metu.

Suwé-suwé banyuné asat, terus lemahé mulai garing. Nuh lan keluargané wis ing njero kapal luwih saka setaun. Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Nuh lan keluargané metu. Terus, Nuh lan keluargané mènèhké persembahan kanggo Yéhuwah. Kuwi dadi bukti nèk meréka bersyukur banget merga wis dislametké Yéhuwah.

Pelangi

Yéhuwah seneng karo persembahan kuwi. Yéhuwah janji ora bakal ngukum kabèh sing ana ing bumi nganggo banjir manèh. Terus, ana pelangi ing langit. Kuwi pertama kaliné ana pelangi. Kuwi dadi tandha perjanjiané Yéhuwah. Apa kowé tau ndelok pelangi?

Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Nuh lan keluargané nduwé anak lan ngebaki bumi.

”Nuh mlebu ing kapal. Wong-wong kuwi ora nggatèkké apa sing lagi kelakon nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyingkirké kabèh wong kuwi.”​—Matius 24:38, 39

Pertanyaan: Bar Yéhuwah nutup pintu kapal, terus ana apa? Nèk ndelok pelangi, kowé dadi kèlingan apa?

Purwaning Dumadi 7:1–9:17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim